Barong “Sekar Putih” (Grup Seni Barong desanisun)
Muhamad Novi Yusuf (dipublikasikan pada Rabu, 01 Desember 2021 14:46 WIB)
- Laporan
Barong “Sekar Putih”
(Grup Seni Barong desanisun)
Kesenian barong ring daerahisun iku wis lumrah anane, merga saben ana selametan sunatan mesti akeh akehe padha ngundang barong dinggo ngeramekaken arak arakan (khusus hang mampu). Desanisun yaiku Desa Benelanlor hang manggon ring Kecamatan Kabat duwe kesenian barong hang aran “SEKAR PUTIH”. Sejarahe hang dadi kawitan teka kesenian yaiku teka tangga desa yaiku Gombolirang, ring jaman semana Desa Benelanlor durung duweni kesenian barong dhewek. Sak melakune wektu barong hang ana ring Desa Gombolirang iku ngadhek uga duweni aran seni barong “KARYA BUDAYA BHAKTI”. Kesenian baronge saya suwi tambah garus diundangi wong wong hang nyunati anak anake sebab ring waktu iku barong prejenge ana lara hang duweni ukuran gedhi gedhi paran maning hang garai rame yaiku akeh kostum pendukung liyane kaya dene bujug – bujugan, macan, manuk, ondel - ondel, ambi leak (rangde).
Hing kerasa mutere dina saya suwi kesenian baronge dituku ambi Man Suk wong Gumuk Sari yaiku salah siji dusun hang ana ring Desa Benelanlor. Teka kana aran barong hang kawitane diarani “KARYA BUDAYA BHAKTI” terus diganti nganggo aran “SEKAR PUTIH”. Ngalihe pimpinan ndadekaken kesenian barong iku diinovasi maning hang sekirane bisa didhemeni ambi lalare cilik paran maning nyang wong thuwek thuwek uga milu ring miline jaman modern.
Kesenian hang wis dibangun maning, syukure ndadekaken kundangan baronge bisa rame maning sebabe wis akeh hang bidha teka hang sakdurunge paran maning kadhung ngomongaken kundangan malah sampek teka pulau Bali. Ring jaman semana saya suwi kesenian baronge ngalih maning hang mimpin sampek saiki yaiku wis dituku ambi Bapak Lori. Bapak Lori ya duwe inovasi gedigu pisan tepak wis tuku kesenian baronge, malah digawe apik uga lengkap maning sampek saiki hang sulung sing ana barong baline hang saiki wis ana, uga saiki wis didelehi ogoh ogoh lara akehe. Tambah dawa lan rame maning kesenian barong “SEKAR PUTIH” ring jamane Pak Lori sampek wakeh hang padha kepingin milu keseniane serang inovasi hang gawe masyarakat desa benelanlor lan desa desa liyane padha gupuh kepingin ngundang.
Seni baronge biasa tampil rong ronde yaiku bisa arak arakan sulung uga bisa atraksi sulung hang penting terserah tuan rumah. Kadhung arak arakane biasae barong sekar putih ya padha kaya dene arak arakan barong ring sak Banyuwangi biasae tapi hang bedakaken tepak atraksi. Seni barong “SEKAR PUTIH” nampilaken kesenian barong hang dimodel campursarian uga ya akeh sitik tampilane manut tuan rumah hang ngundang, hang biasa ditampilaken ring atraksi yaiku jaranan buto, gandrung, nyuguhaken lagu lagu using, tari manuk, tari rangde + barong bali, lan tari barong.Suguhan tampilan iku wis dadi pakeme lan semana uga ya hang bisa dilakoni ambi rombongan grup seni barong “SEKAR PUTIH”. Kadhung tepak weruh ana hiburan kreasi tambahan ring panggonan liya iku ya biasae ana atraksi sumbangan utawa bintang tamu hang diundang dhewek ambi tuan rumah.
Kadhung teka anggotane, kabeh hang milu ring seni barong “SEKAR PUTIH” dudu teka Desa Benelanlor tok tapi ya ana hang teka jaba desa kerana memang kesenian barong Cuma dienggo hiburan hang sing bisa digawe pegawenan sebab ya kundangan teka tuan rumah ya hing saben dina, terus bayarane ya hing cukup kanggo ngebeki kebutuhan urip ring saben dinane, uga hang milu duweni aneka umur sakat hang cilik sampek ana hang thuwek dadi kadhang pirang tahun ana salah siji lalare hang metu teka grup lan ya ana byaen hang buru milu ring grup seni barong “SEKAR PUTIH”. Pergantian anggota iku wis lumrah teka kesenian barong iku malah ya hing sampek setahun ya kadhang ana hang wis leren lan sing kepingin milu maning. Pokok rasa kepingin ngelestarikaken, rasa kepingin golek hiburan, uga ana hang milu kerana dijak kancane hang wis milu sulung dicampur dadi siji sampek niatan dibarengi ambi rasa betah tah using rong grup iku.
Sampek tahun 2021, kesenian barong “SEKAR PUTIH” magih langgeng dicekel ambi Pak Lori hang dadi pimpinane masia tah saiki mageh ana pandemi korona Bapak Lori mageh kuat njaga uga nguripi kesenian baronge myane sing mati. Malah sampek krungu kabar kadhung gara gara korona iki barong “SEKAR PUTIH” arep didol tapi iku muka mung omongan jare hang sakbenere ya hing bakal didol. Syukure masia korona, mageh bisa kundangan masia jarang jarang uga ya hing kaya biasae kundangan ring sakdurunge ana korona.
Kadhang kadhung wis tepak ulan pasaan, Man Lori selaku ketuane kesenian baronge nguliyaken ambi ihklas tabuhanne diselang ambi lalare nom kanggo patrol nggugah sahur ring Desa Benelanlor. Ring apike Man Lori garai lalare semangat uga masyarakat ya sing terganggu ring suara hang diunikaken ring patrole lalare nom Desa Benelanlor sebab biasae patrol mesti gawe alat musik hang bahane teka jajang kaya dene misale kentongan. Tapi hang dienggo patrol malah alat musik barong hang memenag sakbenere patrol nganggo alat musik kesenian wis dadi hal biasa ring masyarakat sekitar tangga desa desa sak ubenge Benelanlor lan sekitare. Jare Man Lori dhewek hang penting alat alat iku muka dibalekaken ring panggonane.
Hang sun arep arep muga byaen kesenian barong “SEKAR PUTIH” mageh terus dijaga ambi Pak Lori hang sun reken dadi penerus/penguri uri kesenian grup iku hang bisa diinovasi dadi lebih apik lan rame, isun dhewek, masyarakat Benelanlor,uga kanca kanca hang mageh milu ring grup iku lan muga aja sampek didol utawa ngalih tangan nyang wong jaba desa sebab karepisun Desa Benelanlor iku bakale apik lan unik uga rame kadhung ana grup kesenian. Sak liyane iku ya akeh para lalare cilik hang mageh padha demen nyang kesenian barong masia saiki wis jaman hp andoid, game online, uga wifi.
Alhamdulillah, masia mageh kealang korona kundangan baronge mageh bisa kelaksan tapi mung diwatesi waktu uga penampilane. Ring sakubengane desa mung bisa ngarak thok lan hing ulih ana atraksine. Tapi dadia sithik sun sawang ring matane lalare iku wis girang kerana ngempet main maning wis bisa dilakoni uga ya masia hing kari rame jadwal kundangane kaya dene sakdurunge ana korona. Kabeh para kanca ya tetep guyub lan sak suwara kanggo ngarep ngarep dung korona gelisa mari lan kesenian sak banyuwangi bisa main kaya biasae.
Hun yakin mageh akeh kesenian barong ring saben saben desa sak werane Banyuwangi hang kepingin terus lestari paran maning waheke minat teka lalare wadon pisan meski tetep kudhu diawasi myane sing ngerusak ring pakem lan kesenian barong iku dhewek. Hang penting anane kesenian iku dudu marekaken ring kemusrikan tapi ring lestarine kesenian hang wis taun taunan urip ring kutha Banyuwangi.
Ya ana maning hang garai lestarine kesenian barong yaiku khususe ring desa Benelanlor dhewek yaiku lalare cilik hang masia ana hiburan modern kaya hp tapi lalare mageh dhemen nyang memenganan barong-barongan hang digawe teka bahan bahan sak anane kaya dene kerdus, jabil, jajang, sarung, kursi, pokok sembarang kalir kreasine lalalre cilik hang duweni imajinasi lan kreativitas dhuwur bisa nguri nguri ring jaman ngarep mbisuke.
Penulis: Muhamad Novi Yusuf (Opi)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : pribadi







