Batik Laras Pondoknongko
Andi Sep Kurniawan (dipublikasikan pada Senin, 24 Agustus 2020 08:00 WIB)
- Laporan
Sing gelem kalah ambi desa-desa liyane hang wis kesuwur ambi batike, desa Pondoknongko uga kepingin kawentar ring produksi batike dhewek.
Batik Laras hang wis digawe sakat taun 2019 iku manggon ana ring wilayah Dusun Kedawung RT 01 RW 02 Desa Pondoknongko. Batik Laras diproduksi dhewek ambi salah sijine lare enom ring kana hang aran Muslihudin. Saiki iyane madeg dadi anggota Badan Pembangunan Desa (BPD) ring Desa Pondoknongko lan mangkat ngelakokaken usaha bidang batik kerana awake nulih peluang bisnis batik hang saban dinane saya wera.
Kabeh wis padha weruh kadhung Batik Banyuwangi didhemeni uwong akeh. Salah sijine merga sektor pariwisata hang saya maju, kelebu nggawa peluang bisnis ring bidang industri batik.
Mbatik dhewek iku dudu seni hang gampang, kanggo ulih asil hang apik kudu ngeliwati pirang-pirangane cara umpamane diangkati Nyungging, Njaplak, Nglowong, Ngiseni, Nyolet, Mopok, Nembok, Ngelir, Nglorod, Ngrentesi, Nyumri lan Nglorod. Hing maido kadhung uwong-uwong lebih milih tuku batik hang wis dadi lan hang kari nganggo ketimbang nggawe dhewek.
Saikine batik sing mung dienggo uwong-uwong tuwek bain, taping wis dadi budaya anyar kadhung batik bisa dienggo ambi lalare enom, kayata kelambi resmi, jas, casual, lan sakliyane.
Mulane, hing perlu bingung kadhung nggolek produksi batik hang aman lan apik serta regane hang pas ring sak. Teka bain ring Produksi Batik Laras ana ring Dusun Kedawung RT 02 RW 01 Desa Pondoknongko. Nyucukupi kebutuhane rika teka pirang-pirangane motif batik kayata gedhegan, kopi pecah, blarak sempal lan liya-liyane.
Dadi saiki kadhung ana hang takon, golet batik hang apik nong endi? Aja salah maning, semaura: Pondoknongko!.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.








