Bayi Hang Diarani IKAWANGI
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 16 Februari 2022 07:27 WIB)
- Laporan
Saben wong tuwek mesthi kepingin ngewani aran hang apik nyang anake. Ana wong desa Karangan kecamatan Kabat Banyuwangi hang saiki manggon ring Mabar, Medan Deli, ngewani aran anake: Winda Selina Ikawangi.
Muhammad Wilotikto, kang Wilo celukane, hang pindhah teka Kabat sakat taun 2004 nang Sumatera Utara, nemokaken paran-paran hang apik ring Ikawangi.
"Isun ngerasa mongkog ambi Ikawangi lan ngerasa sukur hang gedhe bisa nemu akeh dulur ring Ikawangi. Isun kecaruk dulur-dulur hang nyedulur," jare kang Wilo nang belambangan.com.
Wilo hang duwe anak telu, anak penggarepe Hairun Nisa lan anak penggulune Arika Patin, sak suwine manggon ring Medan buru taun sore kecaruk wong-wong Ikawangi. Mangkane aran anake hang loro iku hing nganggo Ikawangi. "Sedurunge durung tau kecaruk wong Ikawangi sakat 2004 iku."
"Isun kecaruk wong-wong Ikawangi hang apik-apik. Malah aran anakisun hang ngewani ya salah siji wong hang parek ambi Isun lan wis Sun anggep wong tuwek dhewek ring kene. Kebeneran Isun magih durung duwe aran kanggo anak kemunjilan lan aran iku pas ring atinisun."
Anake hang kemunjilan, Winda Selina Ikawangi, lair tanggal 9 Februari setemene lair prematur buru pitung ulan taping Alhamdulillah, bayine sehat mangkane mung sewengi ring njero inkubator.
Laire Winda ya kaya wis diatur merga sedurunge kang Wilo arep pindhah umah. Sak suwine iki iyane ngampung ring umahe maratuwa. Taping kanca-kancane ana hang menging lan ngewarahi gok iyane hing ulih pindhah merga rabine magih mbobot. "Percaya sing percaya taping bayine sehat," jare kang Wilo hang buru pindhah dina Senin sore.
Hang nggawe dhemen, boyongan umahe ditulungi ambi dulur-dulur sak Tanah Kelairan hang ana ring wadhah Ikawangi Sumatera Utara hang diketuwani pak Mislan. Paran maning ketua Ikawangi Sumatra Grup (ISG) hang dadi payunge Ikawangi sak pulo Sumatera diketuwani ring kang Muhammad Nurhidayat hang bengen tau dadi gurune ring STM Muhammadiyah Rogojampi.
Kang Wilo hang nduwe gelar Sarjana Hukum saiki dikongkon mbantu Ikawangi Medan kelawan dadi wakil sekretaris.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







