Belaburan Banyu Binau Nggawa Berkahe Penambang Pasir
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Senin, 04 Mei 2020 08:33 WIB)
- Laporan
Belaburan ring banyu gedhe Binau sampek saiki iki durung tutas. Banyu gedhe hang ngeliwati Songgon-Rogojampi sampek Blimbingsari iki banyune getuh nggawa pasir lan endhut. Sakat rong ulan kepungkur banyu iki sing keneng dienggo ngumbah lan korah-korah masyarakat kaya biyasahe.
Belaburan banyu iki kira-kira akibat longsoran ring Gunung Pendhil lan Gunung Ranti. Longsoran pasir lan endhut iki nyatane dadi berkah kanggone masyarakat ring sak ubengane banyu Binau iki. Anggone masyarakat hang ana ring pinggiran banyu Binau iki bisa dadi sandhang-pangane wong-wong hang biyasahe nggolet pasir. Pasir teka longsoran gunung nong dhuwuran kana iku bisa dikeruk lan diedol kanggo bahan bangunan.
Sing sithik masyrakat hang ana ring alirane banyu Binau iki golet pasir aju dikelumpukaken ring pinggir dalan. Sakteruse ana bakulan hang njuwut kanggo diedol maning.
Nurut Pak Nok salah sijine penambang hang nambang pasir ana ring dusun Lugjag desa Pengantigan kecamatan Rogojampi, saban dina pasire digawa belaburan sing tutas-tutas diameti. Iyane lan kancan-kancane wis nambang pasir ana ring kene wis meh jangkep rong ulan. Penghasilane ya keneng dienggo nyambung uripe.
Sakdurunge ana belaburan, Pak Nok lan keluwargane nambang pasir ana ring Belibis Kecamatan Blimbingsari hang adoh teka umahe. Saiki Pak Nok hang umahe ana ring Desa Lemahbang Kulon cukup nyang Lugjag desa Pengantigan bain anggone nggolet pasir.
Saiki iyane ambi kanca-kancane sing mati ulih Rp. 150.000 saban dinane kadhung golet pasir ana ring kene.
Hang nuku mara dhewek merene. Sak prahoto ukuran colt diesel munjung regane Rp. 550.000. Naming iyane sedina ya sing ulih sak prahoto paling ya ulih sak bak Colt Pickup hang regane Rp. 150.000-200.000, gediku ceritane Pak Nok nyang belambangan.com
Saban dinane Pak Nok megawe ambi hang wadon uga anak-anake ana ring kene. Luthung wis pengasilan ana ring kene masiya sing akeh naming magih parek ambi umahe. Paran maning ring mangsa pagebluk corona iki, pegaweyan angel. Untunge magih diweni rejeki anane belaburan hang nggawa pasir bahan bangunan.
Ring Dusun Lugjag iki iyane megawe ambi kancan-kancane. Ana dhung telung grup hang nambang ana ring sasak Lugjag Desa Pengantigan Rogojampi iku. Sakliyane Pak Nok uga ana Hakim lan kancan-kancane hang uga milu nambang pasir ring kene.
Pak Nok lan penambang pasir liyane nggawa kerekan sumur kanggo ngunggahaken pasir teka banyu ngisor mendhuwur. Diakal gediki makene sing kari ngentekaken tenaga. Dadine sing kariya angel ngunggahaken pasir teka ngisor, gediku Pak Nok nerusaken ceritane.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Kabar Desa
Editor: Antariksawan Jusuf







