Benteng Utrecht ring Kutha Banyuwangi
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 23 Juni 2026 06:55 WIB)
- Laporan
Poto (Tropenmuseum): Lawang Kori Benteng Utrecht hang dibongkar ring Banyuwangi
Ana jamane bengen noring njero benteng tinggalane Landa ring Banyuwangi iki mula dadi panggonan pusere militer hang jangkep: ana rong gudhang logistik, siji gudhang wadhah mesiyu (gudhang pelor), pos pejagan, sampek penjara militer.
Kadhung dikira-kira, benteng iki bengen panggone ring kawasan pesisir parek pelabuhan lawas Banyuwangi—noring Kampung Ujung saiki. Mangkane kanggone wong Banyuwangi, sebutane Benteng Ujung. Panggone mula paling bucu wetan dhewek parek segara. VOC Landa milih panggon iki merga seterategis seru kanggo ngungang lalu lintas segara ring Selat Bali. Seliyane iku, benteng iki bisa dienggo ngadhangi pasukan teka kerajaan-kerajaan Bali hang kepingin milu mbela kerajaan Belambangan hang kaitung kelebu dulure. Mangkane meriem-meriem ngadhep segara akeh ring kono.
Melebu ring pungkasan abad kaping 19 sampek kawitan abad kaping 20, kahanan ring Jawa Timur wis rada adhem kanggo pemerintah kolonial, ancaman perang ngelawan Landa wis suda. Pungkasane, benteng iki wis sing dienggo maning kanggo urusan militer. Setruktur bangunane aju dibongkar total kanggo tata kota Banyuwangi hang saya ngewera-werakaken lan saya akehe proyek infrastruktur kolonial. Ring jaman saiki, bangunan Benteng Utrecht wis sing ana sisane. Taping emane magih ana dokumentasi arupa poto lawas lawang korine hang magih disimpen apik ring arsip digital Landa.
Apuwa gok VOC sampek nggawe Benteng Iki? Kabeh iki merga VOC nduwe rasa kuwatir hang jeru. Bengen, tekad perjuwangan rakyat Belambangan iku kuwat, hing keneng dipenggak lan diaruh-aruhi. Sing mung iku, VOC uga wedi ambi anane serangan balesan teka kerajaan-kerajaan Bali hang kerep nggawa bantuwan nyang Belambangan. Merga rasa kuwatir iku, VOC rumangsa kudu nduwe pangkalan militer hang kuwat ring pinggir pesisir.
Mulane iku, VOC langsung ngedegaken sak panggonan pertahanan ring bandar Banyuwangi. Ring dina mburi, panggonan iki disokong gedhen-gedhenan lan diarani Fort Utrecht (Benteng Utrecht, aran salah siji kutha ring negara Landa). Benteng iki dadi simbol penaklukan total lan dadi "gembok" militer kanggo masthekaken kadhung wong-wong pucuk wetan Pulo Jawa iki sing bisa ngelawan maning.
Landa dhewek hang pungkasane mbongkar benteng iku. Saiki kanggone rakyat Banyuwangi mung kari ceritane.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
