Bersih desa ring Benelanlor
Muhamad Novi Yusuf (dipublikasikan pada Jumat, 27 Maret 2020 08:32 WIB)
- Laporan
Sakat ngadeg dadi aran desa Benelanlor kecamatan Kabat, Banyuwangi, desa iki nduweni adat hang sing tau kelalen ning saben taune, yaiku bersih desa.
Mula ring desa-desa liyane mesthi ana adat bersih desa tapi kadhung ring Benelanlor nduweni ciri hang beda teka desa liyane, yaiku:
1. Adat bersih desa dianakaken saben lebaran ulih pitung dina.
2. Sak marine acara bersih desa, ana acara sunatan massal.
Adat bersih desa ring Benelanlor iki ndadekaken tali sakduluran ring wong-wong desa tambah rapet. Wong-wong hang mulih desa, hang manggon adoh ring njaba kutha utawa ring njaba negara hing bakale melaku menyang sak durunge milu selametan bersih desa.
Selametan bersih desa ring desa Benelanlor mangkat jam 6 isuk, acarane manggon ring sak dawane dalan desa. Ring dalan-dalan hang dadi panggonane selametan digelar kelasa utawa karpet dienggo panggonan lungguh, panggonan hang disediyakaken digawe per RT. Sakdurunge jam 6 isuk, biyasahe takmir masjid wis celuk-celuk teka speker masjid kanggo ngongkon masyarakat desa njumbul ring sak dawane dalan lan lungguh ring panggonan hang wis disediyakaken. Wayah meh jam 6, wong-wong lanang padha nggawa ancak dhewek-dhewek hang biyasahe sak ancak iku teka sak keluwarga, liyane wong lanang, ana hang nggawa utawa nyedekahaken ancak yaiku para randha. Ancak iku mau dikumpulaken ring pinggir dalan lan dikumpulaken per RT ne dhewek-dhewek ambi nyetor sak ancak kanggo digawa ring masjid. Wong wadon-wadon padha milu selametan tapi sing milu lungguh ning tengah lurung. Lungguhe nong pinggir dalan utawa ring emperane umah. Lungguhe wong lanang ambi wong wadon sing ulih kumpul ambi keluwargane kudu ngumpul ring masyarakat liyane.
Wis tepak jam 6, acarane diangkati, dikawiti teka pembukaan ambi sambutan para sesepuh desa, kyai, uga pak lurah hang ngomong teko speker ring masjid. Mari digu, acara hang keloro yaiku kabeh wong lanang ngadeg jejeg uga madep sak karepe atine, aju adan bareng-bareng. Sak marine adan dikumandhangaken, kabeh wong lanang lungguh maning aju maca tahlilan ditutup ambi donga. Acara pungkasan yaiku mangan ancak bareng-bareng, mangane mesti dikembul sampek entek ancak iku mau. Rasa girang ring atine wong wong hing bisa digambaraken, paran maning kecaruk lan bisa gesah ambi kanca tangga, lan dulur-dulur hang biyasahe ring saben dina padha megawe ring njaba kutha utawa njaba negara kejaba ring lebaran sampek acara selametan bersih desa.
Sak marine selametan, wong-wong hang nduwe kesibukan liyane padha balik ning tandangane kaya saben dinane, ana hang mangkat megawe, sekolah, lan kuliyah. Kadhange mari bersih desa, lalare nom padha kelenceran ring wisata hang didhemeni utawa hang kepingin ditekani. Ring kepemimpinan Pak Lurah Anip Hariyadi (2009-2014) iyane ngajak rakyate kelenceran ring wisata Pulau Merah nunggang trek. Kelenceran iku cumpu dipiloni ambi wong-wong meh sak desa Benelanlor, kelenceran mesthi mulih ring sakdurunge asar. Sebabe padha ngenteni acara hang nomer 2, yaiku sunatan massal hang dianakaken sak marine selametan bersih desa ring wayah soren uga dianakaken ring dusun Popongan.
Acara sunatan tambah taun malah dipiloni ambi lalare teka tangga desa serang pingin milu disunat gratis uga milu ngeramekaken. Sunatan massal mangkat sak marine solat asar, diawali ambi arak arakan lalare hang arep disunat. Lalare iku ditumpakaken ring becak hang wis dihias macem- macem sakkereatipe wong hang nduwe becak. Arak-arakan iku melaku muteri desa Benelanlor, dusun Gumuksari, ngeliwati desa Bunder, desa Gombolirang, lan gadug ring dusun Popongan. Arak-arakan iku diramekaken ambi wong-wong ring desa Benelanlor nganggo kereatipitas kayata macak lucu-lucuan, nyolok long lan sumbangan dana supaya bisa ngundang barong lan drum band mane arak-arakan tambah rumang.
Sak marine arak-arakan, lalare mau aju disunat jak kakehan ring masjid dusun Popongan. Acara sunatan massal diterusaken ring wayah dalu mari Isak, yaiku dianaken pengajian ring masjid dusun Popongan lan ngundang penceramah uga hadrah. Sing lali ngadiraken lalare hang wis mari disunat ring acara pengajian iku. Wong-wong hang padha teka, kelebu wong tuweke lalare hang disunat padha nyawang girang lalare hang wis disunat. Kadhange ana hang sampek netesaken banyune mata kanggo ngungkapaken rasa haru lan milu bungah ambi lalare.
Mangkane, acara selametan bersih desa uga sunatan massal ring desa Benelanlor mesthi dadi salah siji kegiyatan hang dirandhu ambi masyarakat desa Benelanlor. Muga-muga adat iki bisa lestari.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Sumber foto : petisi.co
Editor: Antariksawan Jusuf







