Bimbel Gratis Kanggo Lare Banyuwangi Teka Gaban
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 27 Januari 2022 09:16 WIB)
- Laporan
Alumni Institut Teknologi Bandung (IA-ITB) hang asal Banyuwangi, Gajah Banyuwangi (Gaban) ngeluncuraken Bimbingan Belajar gratis kanggo lalare sekolah kelas 12 SMA/SMK sak Banyuwangi.
Ketua Gaban Beny Yusron ngomong gok sore wis nganakaken pertemuan kelawan cara njero kawat (daring) bab program jurusan hang akeh peminate ring perguruan tinggi lan bimbel gratis mauka.
"Iki kegiyatan kawitan Gaban hang buru diedegaken tanggal 24 Mei 2021 sore. Sak liyane iku Gaban saiki ya nggawe database ambi website gajahbanyuwangi.id," jare Beny.
Pertemuan sore iku dipiloni Dr. Istu Handono, M.Pd. (Kepala Cabang Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur Wilayah Kabupaten Banyuwangi) lan Kepala Sekolah lan Guru BK SMA/SMK sak Kabupaten Banyuwangi.
Pak Istu, para kepala sekolah SMA/SMK lan guru-guru seru girange ana acara iki lan ngarepaken Gaban bisa nduwe kiprah ring Banyuwangi hususe ring donya pendidikan.
Jare Beny, bimbingan lan mentoring gratis dielungaken ring Alumni Perguruan Tinggi Jawa wilayah Barat kayata ITB, Unpad, STT Telkom, Unpar lan liya-liyane.
Mentore umpamane kelebu para doktor Gaban:
1. Dr.rer.nat Abdul Basit, S.Si. M.App.Sc. (Peneliti Pusat Riset Laut Dalam BRIN) alumni Fisika ITB.
2. Abdur Rohman, S.T., M.Agr., Ph.D. (Dosen Teknik Lingkungan UNEJ) alumni Teknik Elektro ITB.
Akeh alumni teka universitas ring wilayah Jawa Barat teka Banyuwangi wis mbangun jaringan dhewek-dhewek sak perlu milu mbangun Banyuwangi.
"Liwat organisasi iki lebih ana koordinasine," jare Bany lare asal Lateng Banyuwangi hang tau dadi ketua Ludruk ITB taun 1999-2000.
Ring struktur kepengurusan ana aran-aran hang wis kawentar ring wong Banyuwangi lan ring antarane anggota Ikatan Keluarga Banyuwangi. Kayata kang Arief Yahya (EL 80) hang tau dadi menteri Pariwisata lan sedurunge dadi dirut PT Telkom, ana kang Suhaili Yalin (MS 81) hang kapanane wis aktip milu mbagi kelambi hazmat kanggo perawat lan dokter ring pirangane rumah sakit lan puskesmas ring Banyuwangi. Ring Dewan Pakare ana kang Abdul Bahri (GL 90) Ketua Ikawangi Bandung.
Saiki ana lebih 200 lare asal Banyuwangi hang lulus teka ITB.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







