Bintang Timur Juwara Siji ring Lomba Kreasi Musik Tradisional Banyuwangi

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Jumat, 11 Oktober 2024 07:08 WIB)
- Laporan



Bintang Timur, juwara siji ana ring lomba Kreasi Musik Tradisional 2024 hang dianakaken Komunitas Art Banyuwangi. Lomba  Kreasi Musik Tradisional hang manggon ana ring Dusun Cermean Desa Singolatren Singojuruh Banyuwangi iki  dianakaken ring dina Sabtu, 5 Oktober 2024. Saknalika Café Bikopin Cermean dadi rame merga akeh wong desa kono padha nonton bareng ning lurung hang wis diedegi genjot madhep ngalor. 

Hang milu sing akeh mung 6 bain, naming katone kabeh wis cager kadhung bisa dadi pemenang kabeh. Serta Dewan juri ngadeg macakaken asile penilaian juri dinyatakaken hang menang juwara sijine, Bintang Timur hang nggawa lakon Jek-jekan.

 “Jek-jekan” iki digarap ambi Joko Nugroho, S.Sn  salah sijine pawongan hang asal Aliyan Rogojampi hang saiki manggone nong Surabaya. Bintang Timur hang emeh kabeh pemaine mahasiswa STKW Surabaya asal Banyuwangi hang kuliyah nong Surabaya. “jek-jekan” iki katone mainaken tabuhan sakmajade kaya hang digawa pemain-pemain liyane kayata saron, kendhang, kempul,  gong, keluncing, kethuk angklung suling lan bahola. Bedane mula teka garapan anyar hang sing tau ana sakdurunge utawa digawa grup-grup liya sakdurunge. Adlin Mustika Alam, S.Sn hang didhapuk dadi juri nduduhaken salah sijine keriteria hang kudu digawa mesthine kelendi naskah/diskripsi hang bisa nyambung kelawan hang digawakaken ana ring panggung, alur kudu jelas makene gampang diterima nganggo medhiya musikal.

“Jek-jekan” lakon hang digawa Bintang Timur nyatane ngatonaken temenan ceritane lare-lare hang menganan sengidanan arupa jek-jekan nganggo medhiya musik utawa tetabuhan nyang kupinge penonton. Sakliyane iku Bintang Timur bisa nggawa medhiya musik non instrumen dadi musik hang enak lan magih gathuk kelawan  tetabuhan kaya dene saron, kendhang, kethuk, lan gong. Mesthine iki hang durung bisa digawa grup-grup liya hang milu lan durung  dadi pemenang.

Moh. Pungky Hartono, S.Sn hang dadi ketua panitiya nguweni keterangan kadhung lomba iki kanggo nggugah semangate kanca-kanca seniman Banyuwangi anggone nggawe tetabuhan hang kreatip lan inopatip sing mung nggawakaken gendhinge wong liya. Mula abot sanggane naming kelendi maning kadhung sing dikawiti sakat saiki. Wis wayahe Banyuwangi bisa ngelairaken seniman-seniman hang bisa nggawe tetabuhan utawa garapan anyar hang kreatip lan inopatip.

Sakliyane iku Komunitas “Art Banyuwangi” hang wis kerenteg nggagas kegiyatan iki dikarepaken bisa nerusaken kegiyatane ring taun-taun sepengarepe. Kaya dene hang wis dinyatakaken Kepala Desa Singolatren ring sambutan sakdurunge lomba dilaksanakaken. Desa Singolatren sagah lan sanggup nyokong kadhung kepingin dianakaken maning ring desa Singolatren

Jangkepe pemenang ring lomba iku yaiku: Juwara 1 “Jek-jekan” Bintang Timur Aliyan, Juwara 2: “Ronce” Jolo Sutro Kedaleman Rogojampi, juwara 3 “Ladak” Damar Art Muncar. Pemusik Terbaik: “Pelanggrangan” Joyo Karo Pengantigan Banyuwangi. Sindhen Terbaik “Panen Dedunga” Sekar Mantap MAN 3 Banyuwangi

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Lomba Kreasi Musik tradisional

Editor: Antariksawan Jusuf