Biskop Banyuwangi Bengen (bagiyan 1)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 13 Agustus 2025 06:18 WIB)
- Opini
Biskop Banyuwangi Bengen (Bagiyan 1)
Kutha Banyuwangi tau nduwe biskop kanggone wong hang kepingin nonton layar wera lan hang duwe picis. Hang hing duwe picis nganteni puteran pilem misbar (gerimis bubar) hang keliling ring desa-desa, malah ring kutha ya kadhang ana diputer kadhung tepak ana pameran pembangunan ring Taman Belambangan.
Naming, nonton pilem ring tegal iku penonton hing bisa milih pileme paran merga sak karepe hang duwe proyektor. Akeh-akehe pilem Indonesia. Lungguhe sukur ndeprok. Kadhang nong ngarep layar, kadhang nong mburi layar.
Aran penonton, yong arane biskop gratis, sasate sapa bain, hing ana ceritane pilem adegan 17 taun ke atas.
Penonton hang lungguh ring suket-suketan, bolak-balik diliwati wong hang dodolan kacang, es lan liyane.
Aja takon hang ngudud, hing ana hang ngelarang lan asbake wera. Sukur lemah bisa dienggo mbuwang awu lan uthis.
Lalare cilik hang keturon ya sepirang-pirang. Iki hang nggarahi bangkel, kene wis jelantukan ngejak mulih taping kanca magih kepingin ngentekaken pileme. Melaku mulih kesandhung-sandhung merga mata wis setengah merem.
Kanggone wong hang duwe picis, panggonan nonton biskop ana telung pilihan. Suazana pinggir kulon, Sampurna (sedurunge arane Srikandi, tapi kesuwure aran biskop tengah merga ring tengah-tengahe biskop hang kulon lan wetan) lan ring wetan ana Irama hang wis tutup aju dibukak maning nganggo sistem cinepleks aju saiki tutup pisan. Biskop wis akeh saingane dadi hing bisa nguripi awake dhewek.
Kadhung bengen durung usum TV, hing ana HP, hing ana internet, biskop akeh penontone.
Bengen karcis biskope diedol sedurunge pileme main. Hing ana sistem antri-antrian. Nong ngarep lokete wis dikuwasani para makelar hang uga rebutan tuku karcis sulung aju diedol nang wong hang arep nonton. Makelar rebutan tuku karcise ambi makelar liyane. Penonton biyasah hing duwe daya rebutan kaya makelar-makelar iku. Engko para makelar iki ngadol nang uwong hang arep nonton. Dadi kaya maksa penonton tuku karcis liwat makelar merga nong lokete wis entek.
Kadhung wis nggawa karcis, para makelar wis ngadeg ring pinggir dalan kulone sasak Singomayan. Saben uwong hang nunggang sepidhah lan nunggang becak ditawani karcis. Mesthi bain lebih larang timbang tuku ring lokete.
Aturan lungguhe dipara telu. Ring Suazana, ana kelas 1 hang ring balkon, kelas 2 ring ngingsor mburi lan kelas 3 ring ngarep dhewek parek layar. Pokoke gulu cengeng marek nonton ring kelas 3 iki. Akeh lalare hang tuku karcis kelas 3 (disebut uga kelas kambing), melencat nang kelas 2 kadhung pileme wis main lan ana kursi kosong ring kelas 2.
Saben muter pilem ana ngasone, merga pilem seluloide ana rong gulungan, kudu ngganti gulungan pileme sulung, hing bisa sepisanan. Tepak ngaso digi, akeh wong hang melayu nong cedhing polae ngempet nguyuh merga sing gelem keliwatan adegan pileme.
Sedurunge pilem utamane main, biskop muter promosi pilem-pilem hang arepe main liya dina. Kategorine ana hang "segera" yaiku itungan dina, ana hang "akan datang" magih itungan minggu utawa ulan.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.