Budaya Bisa Dadi Dhadhung Nyancang Dadi Siji Indonesia
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 29 Desember 2021 09:22 WIB)
- Laporan
Pageblug malah munculaken kreatifitas. Kayadene hang dilakoni Pemda Banyuwangi, nggolet cara kelendi acara Gandrung Sewu hang biyasahe dianakaken ring pesisir Boom tetep bisa kelaksan sak njerone ana pageblug. Kelawan bantuan teknologi, malah taun iki Gandrung Sewu-ne katon saya rumang merga dipiloni hing mung lare sekolahan taping wong-wong diaspora Banyuwangi ring nusantara lan negara manca.
"Kene iki bisa nduduhaken ring donya internasional gok manekarupa budaya iku bisa nyancang dadi siji Indonesia," gedigu jare Kepala Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Yanuar Bramuda nang belambangan.com.
Mengarepe Pemda Banyuwangi kepingin naleni dadi siji wong-wong hang ana ring tanah boroan sak donya. "Iki yara buru wong Banyuwangi sak nusantara, mbisuke kudu sak donya."
Acara virtual Gandrung Sewu Nusantara 2021 iku dipusataken ring pendhapa taping ring endi-endi papan akeh pisan wong Banyuwangi hang milu nyekseni kelawan nonton bareng.
Ana 25 panggonan hang miloni acarane teka Batam, Balikpapan, Banjarbaru, Bontang, Denpasar, Lampung, Jakarta, Jayapura, Jambi, Jember, Kediri, Kendari, Kupang, Lampung, Medan, Malang, Mamuju Tengah, Mimika, Nabire, Palembang, Pekanbaru, Palembang, Sorong, Surabaya, Tarakan, Hongkong lan Taiwan.
Iwuh ring bungase taun kanggo mengeti dina dadine Banyuwangi hang kaping 250 iku uga dikarepaken bisa nggawe merujuke ekonomi rakyat. "Wong-wong Banyuwangi mesen kelambi gandrung ring panggonan asale iku bain wis milu melakokaken ekonomi," jare kang Bram.
Kanggo nyiyapaken acara njuged Gandrung Sewu iku Pemda wis nganakaken pelatihan cara njero kawat (online). "Iku bain faktane kene bisa ngangkat kemampuan SDM lan pating gotong royong nggawe festival, bisa dadi tuladha dhaerah liyane gok budaya iku bisa naleni dadi siji (mempersatukan)," tambah Kang Bram.
Rata-rata, warga Ikawangi milu girang lan mongkog bisa dadi bagiyan ring acara Gandrung Sewu saiki.
Ketua Ikawangi Jakarta Timur hang penarine makili Ikawangi Pusat Jakarta, Haji Sugiman ngomong seru mongkoge bisa nggawa aran Ikawangi Pusat ring nusantara. "Mengarepe panggonan sanggar kene arep didadekaken Diklat tari Banyuwangi kanggo nguri-uri kesenian dhaerah Banyuwangi."
Joni Prasojo teka Ikawangi Dewata nyatakaken tantangane dudu masalah tari lan penarine. Merga Dewata ngirim 34 penari teka limang kabupaten Denpasar, Badung, Gianyar, Tabanan lan Klungkung lan kudu dijuwut gambare ring panggonan ikon dhaerah, artine dhaerah terbuka, ulihe ijin rada sara. Malah mung kari sedina sedurunge dina D-ne buru metu ijine. Durung maning Satgas njaluk kabeh penari dites swab antigen. "Kene hing siyap danane. Alhamdulillah, ulih bantuan teka dulur Banyuwangi hang megawe ring rumah sakit Klungkung," jare kang Joni. Tarine digelar ring lapangan Braja Sandi, lebih teka 1000 wong milu ndeleng. Kanggo nutupi temblonge anggaran, Ikawangi Dewata ngedol kaos Gandrung Sewu lan payu 1000 kaos.
Ketua Ikawangi Propinsi Papua Dr.Hadi Subroto,SE.,M.Si nyatakaken gok ndeleng kahanan semangat pirangane dhaerah, mesthine ana perhatian pemda Banyuwangi nyang Ikawangi hang wis ana ring 51 kabupaten/kota, 21 Provinsi lan 14 negara. Nonton bareng ring Cafe Lanina malah ditekani Forkompinda provinsi Papua kayata Badan Kesbangpol Bapak Mussa Isir, S.Sos., M,Si (makili Gubernur Papua) lan Wakil Walikota Jayapura Bapak Rustam Saru, SH.,MM.
Kang Agus Holik teka Ikawangi Tarakan ngomong gok pengalaman milu Gandrung Sewu seru nggawe mongkog. Tarakan ngirim limang penari.
Merga akeh hang kudu diduduhaken, ana hang ulih bagiyan mung sithik lan nggarahi ngersula, kaya rombongan teka Malang. "Malang tampil mung rong detik nawi. Mugi-mugi taun ngajeng saget diduduhaken lebih dangu," jare Ketua Ikawangi Malang Raya Abah Ilham.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







