Bupati Ipuk: Ikawangi Kudu Nyokong Program Pemda Setempat
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 18 Maret 2022 09:06 WIB)
- Laporan
Bupati Banyuwangi Ipuk Fiestiandani ngewani wekas loro nong Ikawangi. Hang nomer siji Ikawangi kudu tetep milu nguri-uri budaya Banyuwangi, lan hang nomer loro kudu nyokong program pemerintah hang ana ring wilayah Ikawangi nong endi bain.
Wekase Bupati Banyuwangi nang Ikawangi iku njumbul ring acara gesah radio RRI Jember kelawan judhul "RRI-Ikawangi Berkolaborasi Membangun Kemajuan Budaya Nusantara." Gesah iku dipiloni wong papat yaiku Kang Dr. Drs. Slamet Hariyadi M.Si, MCE, CIQar, dosen Universitas Jember hang uga pengamat budaya Banyuwangi, kang Sukamto minangka penasihat Ikaje, mbok Titik Setiowati Ketua Pokmas Magenta Jakarta lan Antariksawan Jusuf, humas Ikawangi Pusat lan dipandu ring Devi Fitrah Megawati.
Wong aseli Karang Baru Banyuwangi Kang Slamet Hariyadi, utawa kerep diceluk Slahar iki, tepak iku mimpin rombongan Ikaje ngadhep Bupati Ipuk.
Jare kang Slahar hang tau dadi ketua Ikaje sedhilut lan mundur merga kesibukane mulang ring FKIP Universitas Jember jurusan Biologi iki, Ikaje setemene sakat ngadege wis kerep mbantu program pemerintah Jember. Umpamane, nganakaken program nandur wit-witan ring "Program Sejuta Pohon" kanggo ngedhang miline banyu merga Jember kerep keneng belabur tepak wayah udan. Wit woh-wohan lan wit kayu-kayuan hang ditandur kayata duren, apokat, matoa, lan kayu putih (Eucalyptus) ring kecamatan Arjasa yaiku Dusun Krajan, Tegalbago, Bendelan, Calok lan Gumitir.
Tepak wayahe Gunung Semeru mbeledhos, Ikaje ya ngelungaken bantuwan nyang wong-wong hang dadi kurban. "Malah dulur-dulur Ikawangi hang ana ring kadohan, padha titip sumbangane nang Ikaje," jare kang Slahar.
"Artine Ikawangi hing eksklusip lan hing soliter."
Dene teka humas Ikawangi Pusat disebutaken gok Ikawangi Pusat taun iki mengeti dina dadine hang kaping 50 kelawan kelaborasi ambi Pemda Banyuwangi nggelar acara sepidhahan teka Bandara nang Pendopo Sabha Swagata Blambangan tanggal 19 Maret kesuk. Sakliyane iku Ikawangi arep nggelar musyawarah nasional hang salah siji agendane kelendi merujukaken kolaborasi Ikawangi sak nusantara makene tambah guyub lan kuwat organisasine.
Njawab pitakonan pemandu acara Devi, kelendi carane ngembangaken kebudayaan hang ngadhepi tantangan modernisasi, kang Slahar ngomong gok ring Banyuwangi budaya iku magih dilakoni lan merujuk ring antarane wong-wonge. Isine nawi miloni perkembangan jaman, naming pilosopine tetep diugemi.
"Bengen wong nganggo basa Using rada isin saiki sing," jare kang Slahar. Alat musik ya merujuk miloni jaman, bengen mung angklung, saiki bisa nganggo alat musik liyane taping tetep nganggo pilosopi hang wis dikembangaken embah buyute bengen hang saiki magih dienggo. Malah kelawan miloni kemajuan jaman, lalare generasi milenial gelem milu ngembangaken budayane dadi lan apike.
Penasihat Ikawangi Jember kang Kamto ngarepaken merga ring Ikawangi akeh wong-wong hang mumpuni ring ilmu pengetahuan lan teknologi, mengarepe bisaa ngewani kontrobusi kanggo kemajuane bareng-bareng.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







