Bupati Ipuk Nyokong Seru Ikawangi Mancat Sepidhah ring Banyuwangi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 20 Januari 2022 10:33 WIB)
- Laporan



"Isun dhemen ring ide-ne kanca-kanca Ikawangi hang nyokong ring program Banyuwangi Rebound," jare Bupati Banyuwangi Ibu Ipuk Fiestiandani tepak nemoni tim teka Ikawangi Pusat hang dipimpin ketuane kang Bambang Sugiyono dina Rebo sore ring kantor bupati.
   Sak suwene keneng pageblug rong taun seperene, Banyuwangi ekonomine mudhun sampek minus 3.5 persen, jare Bu Ipuk.            Mangkane slogan Banyuwangi Rebound (istilah main basket hang artine tembunge mencelat mendhuwur maning) diarepaken bisa nggawa kondhisi Banyuwangi mendal mendhuwur lan mbalik normal.
"Kene kabeh seru dhemene nyokong paran bain hang dilakoni wong Banyuwangi sak perlu mbecikaken Banyuwangi supaya dadi lan apike," jare Bu Ipuk.
   Ketua Rombongan Ikawangi dikancani Ketua Komunitas Gowes Ikawangi kang Sujiono, wakile kang Sudibyo lan kang Nanang Bahtiar, bendaharane mbok Titik Setiawati lan kang Krisna, Sekretarise mbok Sofi Muntahar lan kang Antariksawan.
   Kang Bambang negesaken gok kanggo mengeti 50 taun ngadege Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi), arep nganakaken acara mancat sepidhah. Pemda Banyuwangi, liwat Kepala Dinas Kebudayaan dan Pariwisata, Pak Yanuarto Bramuda, wis ngelebokaken iwuh iki ring kalender Banyuwangi Festival 2022 tanggal 19 Maret kelawan aran "Ikawangi Cycling Nusantara."
   Kang Bram celukane seru girange ambi acara mancat iki merga bisa dadi titik awal hang bisa dadi kolaborasine antarane program pemda lan masarakat diaspora Banyuwangi. Iyane malah ngewani rute, teka Bandara Blimbingsari liwat Pakistaji lan meliguk ring Dadapan sedurunge melebu kutha nuju nang Pendhapa Saba Swagata. Rutene iki apik ngeliwati sawah-sawan ring kiwa tengene lan wis dadi rute hang didhemeni wong mancat sepidhah. Banyuwangi wis kerep ditekani rimbongan-rombongan kayata klub sepeda Brompton, Expander lan liya-liyane.
   "Wong-wong Banyuwangi ring panggonane dhewek-dhewek bisa dadi dubes hang bisa nggawa lan nyuksesaken program pemda Banyuwangi," tambah kang Bram.
   Umpamane saben taun, Ikawangi sak nusantara bisa kumpul ring salah siji panggonan hang disepakati, sak perlu ngembangaken program-program, kelebu program UMKM. "Kelendi asile UMKM nong kene bisa diedol ring Papua, golet bathi, kelawan ngadol barang UMKM. Hang penting ana koneksi."
   Jare Kang Bram acara iki bisa dadi momentum hang apik kanggo ngembangaken ekonomi UMKM. Engko ring ngarepe pendhapa ring panggonan mandhege acara sepidhahan, arep digelar pasar UMKM, lan ring rute sedurunge arep dianakaken acara amal kaya Bedah Rumah lan santunan lare atim ring Pendhapa.
"Malah kadhung bisa hing kabeh wong Ikawangi hang teka nggawa sepidhah, naming bisa nyewa nong Banyuwangi kene sepidhahe," jare kang Bram.
   Jare ibu Bupati, "Hang penting padha-padha nguwataken siji nyang liyane."
Ring acara sepidhahan teka Bandara-Pendhapa iki hang milu mancat iki bisa sapa bain hang gelem milu, hing sewates wong Ikawangi Pusat Jakarta, taping diarepaken teka wong-wong Ikawangi sak nusantara. Malah komunitas-komunitas gowes hang ana ring Banyuwangi ya bisa milu.
   Sedurunge tanggal 19 Maret, ana rombongan husus hang mancat sepidhah teka Jakarta sampek Banyuwangi nggawa bendhera Indonesia, bendhera Ikawangi lan Pedalatos yaiku aran mereke komunitas gowes Ikawangi.
   Ikawangi Pusat Jakarta diedegaken tanggal 16 September 1972 kelawan aran Pewangi Jaya (Paguyuban Warga Banyuwangi Jakarta Raya). Dadi ulan September ngarep wis keitung 50 taun. Tanggal iku ditetepaken merga iku hang dadi bibit perkawit anane Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi). Taun 1991, aran paguyubane diuwah teka Pewangi Jaya dadi Ikatan Keluarga Banyuwangi seperene.

   

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf