Bupati Ipuk: Semangat Diaspora Tandang Bareng Kudu Dijaga
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 24 Maret 2026 07:01 WIB)
- Laporan
Bupati Ipuk Fiestiandani ngucap terima nang wong-wong Banyuwangi hang ana ring tanah boroan (diaspora) merga magih nduweni wigati hang gedhi nong kampunge.
"Semangat tandang bareng iki minangka modhal hang kudu ajeg dijaga. Kene hing bisa melaku dhewek-dhewek naming kudu guyub lan pating mbantu," jare Bupati Ipuk Fiestiandani ring pendhapa Shaba Swagata Blambangan tepak nemoni para diaspora hang diwani judhul Tandang Bareng dina Senin 23 Mar.
"Sun papag tekane ring Banyuwangi...uga mayo ndadekaken forum iki minangka wadhah pirangane penemu lan solusi kanggo ngatasi masalah dhaerah," jare Bu Ipuk hang dikancani lakine Abdullah Azwar Anas.
"Sepurane kadhung tepak mulih kampung magih ana dalan hang geronjalan merga bolong-bolong keneng antem udan hang dawane sampek 2500km," jare Bu Ipuk.
Merga tandang bareng iki, jare Bu Ipuk ekonomine merujuk kelawan ajeg. Taun 2025 sore nggadeg 5,65 oersen, lebih dhuwur timbang rata-ratanasional (5,11 persen) lan propinsi Jawa Timur (5,33 persen). Pendapatan Perkapita uga munggah dadi Rp. 67,08 juta ring 2025. Paling dhuwur dibandhingaken timbang kawasan sakubengane (Situbondo, Bondowoso, Jember, Lumajang).
Iwuh diaspora hang digelar saben taun iku sore ditekani menteri pariwisata dhongkol Arif Yahya, PLT Direktur dirut Badan Otorita Labuan Bajo Flores Marhen Yono, Ketum Ikawangi Pusat Mayjen (purn) Rusdi Maksum, Wakil Bupati Sorong Sutejo, Wawalikota Balikpapan Bagus Susetyo lan anggota Ikatan Keluarga Banyuwangi sak nusantara (Sumatera sampek Papua) lan negara manca (antarane Amerika, Australi, Jerman) lan uga hang liwat zoom teka Landa, China, Jepang, Spanyol.
Sawetara, Pak Arif Yahya ngomong dalan tol Probolinggo-Banyuwangi hang sithik engkas wis nyambung sampek Banyuwangi bisa ndadekaken Banyuwangi pusat ekonomi anyar. Banyuwangi bisa dadi lawang kori barang melebu metu nyang Indonesia wetanan.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Poto: Bung Aguk Darsono