Cathetan Juri: Lomba Gawe lan Maca Puisi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 19 November 2025 06:51 WIB)
- Laporan



Cathetan Juri: Gawe lan Maca Puisi ring Porseni SD sak Banyuwangi

Cabang lomba Gawe lan Maca (Cipta dan Baca) Puisi ning acara PORSENI SD sak Kabupaten Banyuwangi bisa nambah legane ati. Merga lare-lare sak umuran SD  garapan puisine wis kaya karyane sasterawan.
   Porsenine digelar ring Kecamatan Cluring taping husus Lomba Gawe lan Maca Puisi dianakaken ring SDN 5 Benculuk.
   "Maut pokoke wis. Sangking hebate lare-lare iku ana hang hing paham ning karangane dhewek. Katon kaget," abane Ketua Dewan Juri, Kang Ujik.
   Penulis novel basa Using hang karyane Ontrang-Ontrang Langit Payaman buru ulih Anugerah Sutasoma 2025 iku ngengetaken ning para guru lan pendhamping utawa pelatih,  kadhung mbimbing lare mesthine kudu dideleng jenjang pendidikane lare. Sekaken nang larene.  
   "Sampek kaya dene lumur diileni banyu sak genthong. Ya akeh hang ceceran. Utawa sak walike? Banyuwangi mung sak siwur diilekaken ning genthong. Ya nana artine. Dadi kadhung ana garapan puisine lare SD apik seru, saya katon gok digawekaken, lare kari ngapalaken. Aju kapan bisane lare iku?"
   Mulane, jare Kang Ujik, taun-taun mengarepe, sewulan sedurunge lomba, calon peserta iku diimbu sulung sedina rong dina, diwarahi kelendi carane nggawe lan cara macane puisi.
   Ngenengi usulan iku, Koordinator lomba Gawe lan Maca puisi, Catur, nyampekaken terimane. Usulane Kang Ujik arep diusulaken ning tingkat dinas kanggo mbecikaken acara ring taun-taun mengarepe
   Peserta akehe 25 (selawe) minangka wakil teka saben-saben kecamatan. Serta dibiji wujud karyane lan wujud pembacaane, ngasilaken lima peserta.
   Porseni iki seliyane 'Cipta dan Baca Puisi" setemene nggelar lomba liyane yaiku Story Telling, Gambar Cerita, Tetembangan, Tari.
   Iki daptar juwarane ring Cipta Baca Puisi:
Juwara 1, Yukio Affan Arsalan (SDN Bajulmati, Wongsorejo)

Juwara 2, Yasmin Qurrota A'yyuni (SDN 3 Macan Putih, Kabat)

Juwara 3, RR. Qyara Arkana Putrianda Bei (SDN Klatak, Kalipuro)

Juwara Harapan 1, Mikaila Zahra Maharani (SDN 3 Tamanagung, Cluring)

Juwara Harapan 2, Muhammad Fathan Ali Murtazam (SD Muhammadiyah 17 Kalipait, Tegaldlimo)






Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor