Cathetan Juri Maca Puisi ring Festival Literasi Using

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 08 November 2025 08:35 WIB)
- Laporan



Cathetan Juri Maca Puisi ring Literasi Using

Jemuwah sore (7/11), rombongan lare-lare hang dadi juwara ring Literasi Using padha beruwat nyang Surabaya, sak perlu arep nampa tetenger prestasi.
    Sak isine rombongan nana hang methuthur. Kabeh padha umbar untu ning sapa bain.
   Nalika bis rombongan iku edheng-edheng ninggalaken kantor Dinas Pendidikan Kabupaten Banyuwangi, ana hang kelalen. Yaiku cathetane juri lomba maca puisi Using.
   Isun buru tahun iki ulih tugas dadi juri Lomba Maca Puisi Using. Kalanganeya lare-lare SD saiki wis penter ulihe maca puisi Using. Mung bain, magih durung rata. Hang apik ya apik, hang durung apik ya akeh. Kudu disemangati.
   "Golet hang nyemangati iku  ya kudu ngati-ati," abane salah sijine juri Lomba Literasi Using bidang Maca Puisi, Sri Nurhayati, pangsiyunan guru teka Kecamatan Giri.
Ning lomba iku, saben-saben kecamatan ngirimaken wakile. Mulane hang aran peserta ya macem- macem logate. Ana Using rasa Medura, ana Using rasa Mataraman.
    "Hang sekaken yaiku peserta teka wilayah kecamatan hang kelebu wilayah Using naming puisi hang diwaca gawenane guru hang durung ngusing. Aran murid ngelakoni paran jare guru. Nana wis, sesehan ulihe maca. Tambah-tambah cara macane sing diwarahi. Alihe ning Bimtek Basa Using  bengen-bengen ya uwis diterima masalah carane maca puisi," abane Kang Ujik, nempali juri liyane nalika ditakoni belambangan.com.
   Nabila, wakil teka Kecamatan Banyuwangi juara I ning lomba maca puisi Using nyampekaken kadhung iyane mula titisan aseli uwong Using hang saiki magih kelas 5 SDN 4 Penganjuran lan umahe manggon ana ring dalan MH.Thamrin.
   "Emakisun jare bengen magih sekolah dadi Penari Banyuwangi," abane Nabila hang hobine memengan olahraga basket iku.
   Lare hang mangkat, diateraken Kepala Dinas Pendidikan Banyuwangi Pak Suratno S.Pd, M.M., ana 14 lare yaiku 7 juwara teka SD lan 7 juwara teka SMP.
   Lalare iki, bareng ambi pemenang lomba basa Madura lan Jawa, milu selebrasi Festival Tunas Bahasa Ibu hang digelar ring Hotel Santika Premiere Surabaya.
  Aran-aran hang teka Banyuwangi yaiku
(Nulis Aksara): Ahmed Fahrizi Paythoni - SMPN 2 Banyuwangi (Nulis Aksara), Tinnaka Aknini Magfiroh SDN 2 Gintangan Kecamatan Blimbingsari.
(Ndongeng): Graceylla Alley Nadyne CP - SMPN 5 Banyuwangi, Novi Jasmin Al Marista -SDN 2 Sumberagung Pesanggaran
(Ngewer): Achmad Fikry Setiawan - SMPN 3 Rogojampi, Ulan Pancar Sari-SDN 3 Rogojampi.
(Pidhato) Arayo Datan Pratama - SMPN 3 Rogojampi, Annora Hanifa Firmala-SDN 1 Licin.
(Maca Gurit): İstiqlal Syukri Ahmad - SMP Bustanul Makmur Genteng, Nabila Umaira Bramanta- SDN 4 Penganjuran Banyuwangi.
(Nembang): Cinta Qieta Berliana Putry - SMP Muh 7 Sempu, Putri Qoireen Khumaira Herlangga-SDN  1 Rogojampi.
(Nulis Cerita Cendhek): Anggun Aulia Pratama Putri SMPN 2 Cluring, Keyra Febrisal Wardani- SDN 1 Pakistaji Kecamatan Kabat.
   Dene lalare hang juwara 1 Nulis Cerita Cendhek yaiku Anggun lan Keyra uga  juwara 2 cerita cendhek SIfa Zulliyati teka SMPN 1 Singojuruh  lan  Aisya Nada Nahdliyina SDN 1 Tamansuruh Glagah milu merga tanggal 9-11 November ana Kemah Cerpen hang digelar ring Hotel Swiss Bell Inn Manyar.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor