Cerita Asal-Usul Baong

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Minggu, 24 Desember 2023 07:52 WIB)
- Esai



Ring donyane wong Using, ana salah siji aran jerangkong hang kerep dienggo meden-medeni lare cilik yaiku: baong.
"Wis gancang turuwa. Iku ana abane baong, kelendi engko kadhung dicokot?"
Kanggone wong tuwek, ucap iki ya kerep dienggo nyelathu wong liya utawa lare hang tabel nggacah: "Raine! Baong au."
"Baong lare iki, nggacah seru nang wong tuwek."
   Saben dhaerah biyasahe duwe cerita-cerita hang medeni kayata Sundelbolong, endhas gelundhung lan liya-liyane. Naming baong iki kayane has Banyuwangi merga arane ya has. Setemene kelendi asal usule aran baong lan ceritane sampek dadi jerangkong? Ring cathetane R. Binata, wong hang nyathet pirangane ucap-ucap basa Using lawas taun 1930an, cathetan No. 11 halaman 32, diceritakaken gedigi.
   Baong asale teka ucap baung utawa suwara asu hang dawa. Apan macan gaur-gaur, kadhung asung mbaung.
   Jaman bengen iku ana wong loro sak kancaan melebu alas sak perlu adu kedigdayan. Wong loro iku ya ngejak asune.
   Sarta wis gadug tengah alas hang sepi teka menungsa, wong loro iku njajal ilmune gentan-gentun.
   Kawitane wong hang siji nduduhaken ilmu saktine. Gulune diponges, tugel teka awake. Aju endhase hang wis coplok teka awake mau, ditancepaken maning nang awake, aju cumpu jangget lan wonge urip maning.
   Aju hang sijine, nyacak gedigu pisan. Tepak marek monges gulune, sedurunge kober mbalekaken maning nang awake, cumpu rungu suwarane wong. Saking gupuhe, hang aran endhas lan awak magih kepisah rada adoh, makene hing ketemu wong, asu hang parek iki mau ditugel gulune aju ditancepaken nyang awake menungsa hang hing ana endhase mau lan endhase diadhepaken memburi. Dadi awake menungsa endhase asu. Wong endhas asu iki mau berak-berak nong njero alas nggoleti endhase dhewek ambi tangane nyekel lading. Merga sakti, umure dawa lan paceke mbaung nggoleti endhas menungsane. Kanggone wong hang urip ring kampung, menungsa endhas asu iki dadi jerangkong hang kerep dienggo medeni lare cilik.
   Dadi saben dalu ana asu mbaung, wong-wong tuwek paceke ngabraki anake ngongkon gancang turu merga ana baong.
   Jaman bengen, jaman durung ana listrik ring desa-desa, jaman durung ana hape dadi kabeh cerita rakyat diuripaken teka tradhisi dongeng wong tuwek nang lare-lare cilik.
   Sakliyane cerita baong iku, Banyuwangi ya akeh cerita-cerita medeni kayata alan-alan, gandaruwo, mbah berod, dulit, kelunthung, mbah kopek.
   Rika duwe cerita dhewek tah?

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor