Anggitane: Dian Pratama
(Minggu, 05 Oktober 2025 05:45 WIB)

(Cerita Cendhek) Ina


Ina, gedigu paceke sun celuk ponakanisun kang magih umur telung taun. Aran dawane Inayatus Sholiha, tapi celukane ya mung Ina thok. Ina iku larene penter, kadhung diwuruki sepisan bain mesthi bisa nirokaken, liyane gedigu larene pinter kadhung nggathukaken paran kang diajaraken ambi kahanan kang ana ring kiwa tengene.

Dina iku, nepaki dina Minggu,  isun prei megawe. Merga dhemen seru nong lare cilik, timbangane mangu-mangu bangur nggeridho Ina bain.

“Na, ana tah larene,” abanisun celuk-celuk ring ngarep lawang umahe.

“Nuun, emas, emas...” saure lare cilik teka njero umah.

“Meriniya Tik, kene memengan ambi isun”, isun nyauri Ina ambi tanganisun ngawe-awe aju lungguh nong terese umahe.

“Wis kana, memengana ambi emas, emak arep umbah-umbah”, jare Mbok Teneng, emake Ina.

Lungguh isun keloron ambi Ina nong teras umahe. Makene sing ruwed, Mbok Teneng wis nyiapaken memengan kang didhasar kayadene wong dodolan. Ana memengan kompor-komporan, anak-anakan, lan umume memengane lare cilik wadon. Rada suwi ulihe isun ambi Ina memengan, mara-mara Ina nduduhaken gok iyane wis bisa itung-itungan derijine.

Satu, dua, tiga”, abane Ina ambi ngitungi deriji lan dimenjeng-menjengaken.

“Masaalah, kari penter anake Emas iki yaa”, saurisun makene larene bungah.

“Isun bisa wis Mas, mambengi diajari Bapak”, jare Ina nyeritakaken gok iyane buru diajari mambengi lan saiki wis bisa.

Byek, mula pinter seru ya Ina iki, wis ayu, penter pisan”, isun saya ngelem makene larene saya bungah.

“Aperuh, saiki itungen awake Ina, ana paran bain, aju akehe pira?” kongkonisun nyang ponakan kang sun welasi iki.

”Matane Ina, ana satu, dua, ana dua Mas”, semaure ambi mangkat ngitung matane ambi tangane nyekel mata kiwa lan tengene.

“Byek pintere, acake saiki tangane ambi sikile ana pira Beng?” isun nerusaken omongan.

“Tangane satu, dua. Sikile satu dua, iki kupinge Ina ya ana dua Mas”, Ina terus ngoceh.

“Bacote ana pira, Beng?”, isun balik nakoni maning.

Gancang Ina nyekel bacote ambi ngitung. Iyane kaget. Gok mung siji, alae liyane ana loro. Mata ana loro, kuping loro, tangan loro, sikil loro. Gok bacote mung siji. Rada bingung Ina ngitung bacote, aju takon edheng-edheng.

“Mas, gok bacote mung siji? Mau kabeh-kabeh loro, apuwa bacote siji?”, ambi rada mbesengut Ina takone.

Isun mung bisa mencap-mencep ambi nahan gemuyu. Durung sun semauri pitakone keponakan isun iki mau, lare cilik umure petang taun lan limang taun teka mara. Arane Rara, ambi Rifa, lare loro iku mau misanan, lan mula kanca memengane Ina.

“Ina..” abane Rifa nyapa nyang Ina.

“He, Mbok Rifa, Mbok Rara, meriniya ayo memengan kene”, saure Ina ambi ngawe kanca-kancane makene milu lungguh yang panggone memengan.

Rifa ambi Rara aju gancang-gancang lungguh madhep Ina. Rada suwi sitik, ahire Rifa ambi Rara rebutan anak-anakan, mula anak-anakane Ina iki mung ana loro. Siji digindhong Ina, sijine digindhong Rifa, tapi  Rara ya njaluk nggindong pisan. Arane lare cilik ya emong ngalah, padha rebutan.

“Iki anak isun”, jarene Rifa.

“Mbok Rifa, isun ya kepingin nggindong anak, iki anak isun”, abane Rara sing gelem kalah nyang dulure.

“He aja rebutan lare, kok Ina nduwe maning anak-anakan. Ring dhuwure meja iku ya, masa kari dhuwur, juwuten wis iku, lawas sing dienggo memengan”, abanisun ngendhekaken gena sing padha tukaran.

“Na, juwuten Tik.  Terena Mbok Rara”, isun aju ngongkon Ina lan Rara njuwut anak-anakan kang sun duduhaken iki mau.

Anak-anakane kang siji iki mula sing tau dienggo memengan, mung dipajang ring dhuwure meja. Tapi, ambi Mbok Teneng, emake Ina, anak-anakan mau sing dibungkus plastik. Mulane ya rada gobod lebu. Serta wis gadug ning ngarep mejane Ina njuwut anak-anakan mau, aju dielungaken nyang Rara.

“Nyak, Mbok Rara, iki anakrika”, abane Ina ambi ngelunganken anak-anakane mau.

“Ih, akeh lebune aa Ina”, saure Rara ambi nggebrosi lebu kang temepel ring anak-anakan iku mau. Ina wahing, merga lebu kaya melebu nyang bacote. 

“Ha.. haa.. haaciiimm”, abane Ina wahing ambi metu umbele teka bolongan bacote kiwa lan tengen.

Aju sun kongkon Ina nggulapii umbele nganggo tissue kang mula ana ring meja.

“Timbul waras, gelis gedhi, ulapana Beng, iku tissuene ring meja”, abanisun.

Ambi nggulapi umbele, Ina ngomong, “iki umbel metu teka bolongan kiwa lan tengen, satu, dua”.

Iyane aju melayu metu terus takon nyang isun “Emas, setemene bacot iki siji tah loro?”

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Sumber Gambar : Meta AI

Editor: Antariksawan Jusuf