Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 06 Oktober 2024 08:32 WIB)

(Cerita Cendhek) Jembulung Lodhong


Jembulung Lodhong

Dianggit ring Moch. Nurrofiq

 

Wis kaya biyasahe, ramene pasar isuk dadi papan panggonan hang tepak kanggone wong uput-uput rejeki, golet babuhe menir. Sedurunge kiroah subuh mangkat muni, janganan hang wis cemepak ring ndhuwure tobos melaku ngetan, milu melaku nyang antere ban sepidhah montor hang lenged kegawa turunane lurung hang wis diaspal, adheme hawa wis sing dirasa lan sing kerasa, ajaa rasa wedi, paribasan ana cuba hang meden-medeni bisa-bisa diparani dilebokaken belangse lan dijaja-jajakaken ring pasar kadhung payu.

Isuk peteng ring pasar, padhang jingglang ring kebonan, wis dadi pegaweyane Dillah sabendinane, sing ngarti wayah kadhung megawe, awake kusa taker metu otote lengene. Aja takon kulitane kelendi, sampek gutheng kakeyan keneng sengete serngenge, wis taunan Dillah megawe kaya gedigi iki, itungane sakat lancing tanggung sampek saiki dadi lancing tuwek, madak ngarti wong wadon, paceke mung nggeredhoni taping sing wani temenanan, wong tuweke ya wis nyacak njodhohaken, jawabe ya sing ngenaki ati, jarene enakan golet picis bain tinimbang rabi makani anake uwong, sing bisa nyekel picis merga hang nyekel picise hang wadon, gedigu gesahe kadhung saben-saben dikongkon rabi.

           Beda maning ambi Hairul, tanggane Dillah, kadhung lare siji iki nggerecak ring lare wadon, taping ya padha bain sing gelem rabi taker saiki, padha lancing tuweke ambi Dillah. Sing kaya Dillah sabendinane, kadhung Hairul iki mung nadhong thok gawene ring apake, ya wis maklum apake wong sugih, sabendinane kecukupan, mangane enak terus sing kathik megawe picis kari ndudud ring ngingsore bantal, beda ambi Dillah hang sedina-dina puntang-panting ngukur jerune endhut ambi mepe awak ngerasakaken sengete serngenge ring tengah sawahan lan kebonan.

Gawene lare loro iki memengan bareng masiya tah wis ketang-ketang ngopi bareng ring perapatan, ring warunge Bik Tianah rabine Man Basuki tukang angon bebek. Kadhung wis gesah aja diselat omongane Dillah, gesahe tuwek lan nuweki paran maning kadhung nggesahaken urip, kaya-kaya wis cukup sempurna ngelakoni urip, daya ngaji bain sing dhuweg. Lare loro iki padha nggedabruse kadhung wis gesah bareng, nggedabrus padha aclake, taping akeh didhemeni uwong kerana dhemen muyab, warung kopi hang kawitane kaya sintru kadhung ditekani lalare iki bisa royak, abane wong cekakakan rungu sampek gadug bale desa serang antere, kadhung Dillah ambi Haerul kumpul kaya Bodhos kecaruk Ganjur, nggarai uwong bungah kaya sing ana susah.

 Liya dina, wayah samar wulu saktekane Dillah golet dagangan kanggo digawa nyang pasar kesuk isuk, ring tengah dalan Dillah ndeleng ana lare wadon nuntun sepidhah, ndeleng wayah samarwulu hang sintru gedigi ana lare wadon dhewekan Dillah kerasa sekaken, diparani ambi nakoni edheng-edheng,

’’Mbok apuwa sepidhahe Rika tuntun?”

Lare wadon mau nyawang Dillah, ambi rada melas nyauti,

‘’Iki Kang, bengsine entek gedigu ban kempos pisan, Isun ring kene bingung sing duwe dulur uga kanca, dadi Isun bingung nak njaluk tulung, njaluk tulung nyang sapa?”

Ambi ngangkat dhadhane lan ambegan dawa Dillah nyauti,

’’Kadhung ring kene magih ana Dillah, Rika aja kuwatir, sepidhahrika Sun tuntunaken Sun gawakaken nyang Man Sanen tukang tambel ban parek masjid kana, kadhung perlu sepidhahrika ya Sun pondhong,” ambi mesem mesem, Dillah ngomong nyang lare wadon mauka.

“Ayok wis ditambelaken sepidhahrika!” abane Dillah ngajak lare wadon iku melaku nyang Man Sanen nambalaken ban. Katon girang lan sing wedi maning lare wadon iku, kerana Dillah wis nulung susahe, ambi nyawang rupane Dillah lare wadon mauka umik ring njero atine,

’’Magih ana bain ring donya iki wong hang kaya gedigi, kari apikan lare iki masiya ambune rada apek, sing dadi alanganisun kanggo marek nyang lare iki, disawang sawang ya manis, dedege ya janjang, pantesane patheng megawene,” batine ambi nyawang lakune Dillah nggawa sepidhah.

Rasa kaget mampir nyang atine lare wadon mauka, gok mara-mara wis gadug nyang panggonan nambel ban sepidhah lan ngisi bengsin, sing weruha umahe Man Sanen tukang tambal ban iku, mburine umahe Dillah. Dillah meringis-meringis ambi ngomong,

‘’Iki Mbok panggonane. Wis, Rika nyango kene sulung, sithik engkas Man Sanen teka, uwonge magih ngimami sembayang magerib ring masjid, Isun nak adus sulung mari uput-uput babuhe menir, ambune awak kecut, hehehe..” sakteruse munyik hang larang metu teka lambene lare wadon hang magih durung dikenal arane iki, ambi manthuk lare wadon mauka nyaut,

’’Iya wis Kang, kesuwun wis ngerepoti, taping Isun njaluk tulung maning, Isun sing nggawa picis, picisisun kelalen ring umah,” lare wadon iku ngomong ambi mesem-mesem kemiisinen. Kaya ana hang ngelem Dillah langsung nyaut,

’’Aja-a mbayar Man Sanen Mbok, umahe Man Sanen sak Man Sanene Sun bayar bisa.” suwara cekakakan bareng Dillah lan lare wadon mauka, mecah sintrune samar wulu. Gesah-gesahan wis dipungkasi Dillah balik nyang umahe adus lan sembayang ring masjid, ambi ngewarahi Man Sanen ana uwong hang nak nambel ban.

Ulan hang kawitane sing muntup, saikine muntup ambi ngancani mega lan lintang ring ndhuwuran, peteng teka nggawa werna cemenge bengi, lan angin hang adhem. Ring undhak-undhakan masjid katon ampak-ampakan uwong mari jamaah sembayang, Man Sanen teka ambi selendhangan surban, mara nyang ceracabane lawang nyawang ana lare wadon lungguh nganteni karep, ban sepidhahe bisa ketambel lan gancang bisa balik nyang umahe. Man Sanen mareki lare wadon mauka,

’’Beng, Rika nak nambel ban tah? Dillah iki mauka mari wekas nyang Isun,” ambi mesam-mesem lare wadon mauka nempali pitakone Man Sanen,

’’Enggih Man, ban sepidhahkula kempos terus kepundi niki?” durung mari ngomong, teka mburi ana suwarane uwong nyelat omongan,

’’Njaluk tulung Man, ban sepidhahe kancanisun tambelen, mergane wis saya bengi sekaken mulihe adoh,” sakkal Man Sanen salin kelambi lan ganti seruwal, nandangi ban sepidhah hang bocor mauka.

Rasa senenge ati sing ana hang ngungkuli, rasane kaya ring suwarga, sing disangka bisa lungguh parek lare berahi, gesah-gesahan dikawiti takon-pitakon antarane Dillah ambi lare wadon mau,

’’Eh.. iya, Isun durung kenalan, aranrika sapa?”

‘’Isun Jawiyah, Kang.. Rika sapa?”

“Kenalaken, Isun Dillah, aran lengkapisun Abdillah,” unyike lan pandengane lare loro iki saya nggawa hawa lan rasa padha senenge, sing suwi ban wis mari ditambel, Jawiyah pamit mulih, naming Dillah sing mentala kadhung Jawiyah mulih dhewek balik nyang umahe, Dillah kepingin ngateraken lan kaya-kaya nak nggolet welase Jawiyah,

"Aja mulih dhewekan Rika, engko tah Rika ditemoni cuba kelunthung,” ana Dillah ngomong gedigu Jawiyah jithoke kemesar, kerasa wedi, pungkase tawanane Dillah mauka diiyani, Dillah madhangi sepidhahe Jawiyah teka mburi, dawane dalan hang sing ana ukurane, Dillah ngancani sampek gadug nyang umahe Jawiyah.

Kerentege jam wis ngomong nyang uwahe dina, dina hang saya suwi wis saya sing kerasa  ganti, sing ana mandhege Dillah kadhung nekani umahe Jawiyah, telung ulan wis ilang, rasa hang kawitane mung separuh ati, saiki jakloron isi atine mung rasa welas, raina bengi Dillah sing bisa turu, megawe sing tenang, mangan sing enak kaya-kaya wong lara untu, ring atine Dillah wis kepatri arane Jawiyah, aseline Jawiyah uga dhemen ambi Dillah, umike Jawiyah ‘’Ya masa wadone sulung hang ngomong dhemen, ya apike setemene ya Dillah ngomong nyang Isun, setemene dhemen tah sing Dillah nyang Isun, ndane Isun dhewek hang gedhi rumangsa?”.

Hairul hang dadi kancane Dillah sakat cilik, diajak gesah ambi Dillah, ring ngingsore uwit weringin, Hairul mung meneng bain, naming Hairul duwe ati kepingin weruh hang endi arane Jawiyah.

’’Ndoh... kadhung Rika merana maning Isun ejaken ya, arep weruh lare hang Rika welasi iku,” ambi rada muyab Hairul nambahi omongane, ’’Isun penasaran bain, kepingin weruh, jare Isun Rika sing gelem marek wong wadon.. eh, iya Ndoh.. kadhung paribasan larene dhemen nyang Rika, lare iku ndane nyawang parane nyang Rika, ganteng using, kakeyan tingkah iya, wakaka!” suwarane Hairul ambi Dillah mecah gesahane mauka.

Malem minggu teka, tekane wis dianten-anteni, teka ambi nggawa bungahe ati, Dillah hang kawitane sing peduli ring paran maceme penganggo, saiki wis bisa ndadani awake, mergane iyane kepingin wong hang diwelasi nyawang iyane bisa milu kepincut welas. Sepidhah udud wis methangkring ngarep umah, hang biyasane dikancani tobos, saiki tobose dipamiti sedhela kon perei sulung, sepidhahe arep dienggo marani kudangane ati. Jam hang temepel ring tangan kiwane nduduhaken wayahe wis jam 7, sepidhah udud disetater ngecir melaku ngalor arep nyang umahe Jawiyah. Teka kadohan umahe Jawiyah katon mencorong dhewek, mergane sing ana kancane, umahe rada ring pinggir parek kedhokan, ati kaya ndheredheg, sing kaya biyasahe, kerana dina iki dina hang tepak miturut Dillah kanggo ngomongaken welase nyang Jawiyah.

 Umahe Jawiyah dadi saksi bisu, nyakseni lan nyawang Dillah arep ngomong dhemen nyang Jawiyah, wis semene lawase nak ngomong bain kari wedi, ’’Muga-muga Jawiyah gelem Sun lamar.” umike atine Dillah. Sak gaduge ring umahe Jawiyah, sepidhah dijagang, kaca sepiyon hang enak meneng diuwah-uwah ambi Dillah, ambi garuwan rambute, Dillah madhep kaca ambi sisilan lagu Jaran Ucul, Jawiyah metu teka njero rungu suwara sepidhah udud, telikas Jawiyah ngelajokaken ngongkon gancang melebu, Dillah sakkal melebu, gesah-gesahan ngalor ngidul sing ana jeluntrungane, wangune lare loro iki padha dhemene.

Enak-enak gesah, mara-mara rungu suwara sepidhah ninja, “Bruuuuuumm, brum, greng... greng...”

Sing weruha serta nulih ring keripyake jendhela, hang teka Hairul, temakena Hairul ngiting Dillah teka umahe mauka, kawitane Dillah sing ngarti paran-paran, sing curiga lan sing cupar ambi tekane Hairul, mung hang dadi ngganjel ring Dillah, tekane Hairul iki sing tepak nyang waktune, kerana buru bain Dillah nak ngomong welas, pungkasane ditekani Hairul, akhire luput kabeh nyang angen-angene, sing dadi ngomong paran hang dikarepaken.

 Hairul sing langsung melebu, mandheg ring ndhuwure sepidhah, Dillah ana kancane teka langsung mara menjaba,

’’Rul, apuwa mau sing bareng bain? Sira ana paran ring njaba meriniya melebuwa.” Hairul mudhun teka sepidhah langsung melebu umahe Jawiyah ambi uluk salam. Dillah hang ndileng kancane teka, langsung ngenalaken Jawiyah nyang Hairul,

’’Kenalaken, iki kancanisun arane Hairul.”

Hairul langsung ngelungaken tangane, Jawiyah uga. Hang dadi kagete Dillah antarane Hairul ambi Jawiyah kadhung salaman gok pandengane Jawiyah beda nyang Hairul, kayane Jawiyah mendhem rasa sakat kawitan pandeng-pandengan mata, naming Dillah mungkasi rasa ning ati hang nggawe rada sesek nyang dhadha, gesah-gesahan geredhoan antarane Dillah, Hairul lan Jawiyah mecah sintrune dalu.

Sakat Jawiyah kenal hang kawitan ambi Hairul lan gesah-gesahan, Dillah sing pati direken mergane Jawiyah mata keranjang, ndileng Hairul sepidhahe gagah, larene pisan uga sagah, dadi Jawiyah rada kepincut, lali nyang Dillah.

Jangkahe jam ring tembok pojok umahe Jawiyah, pandome nduding ring angka 10, wis wayahe mungkasi gesahan iki, Dillah wis nerima. Ati hang kawitane cupar dibuwang adoh-adoh, umike Dillah “Madak kira kancane dhewek arep ngelarani atine.”

Sing weruha sakuwise Hairul ketemu ambi Jawiyah, Hairul duwe ati hang sing bener, teka mburi Hairul nungkul arep ndhemeni Jawiyah pisan. Jawiyah uga gedigu ndileng dedege lan peraenane Hairul kaya-kayane kepincut, kepincut nyang sepidhahe uga gayane. Dandanane Hairul mula sing padha ambi Dillah, Dillah kadhung dandan utun, ndesani gedigu penganggone ulih nyelang pisan.

Sakat kedadeyan iku Jawiyah sing pati ngereken nyang Dillah, Dillah bolak-balik, koncar-kancir mara nyang umahe sing kathik ditemoni, tau sepisan Dillah mara nyang umahe Jawiyah, ale Dillah weruh nyang kelebate Jawiyah, naming Jawiyah ngomong nyang emake kon warah menyang adoh, engkisuke dibaleni maning Dillah mara, naming sautane emake padha ambi hang sakdurunge, Dillah mulih ambi rasa nelangsa, sewu pitakonan hang ana ring atine sing kejawab kelawan sing ngarti paran alasane gok Jawiyah wis uwah atine lan nguwah rasa nyang Dillah, sing kaya kawitane dhemen muyab lan geredhoan bareng, taping saiki wis sing ana maning cerita hang bisa nentremaken batin.

Serngenge lan ulan wis gonta-ganti madhangi petenge donya, Dillah edheng-edheng wis bisa ngelalekaken Jawiyah, pikire Dillah timbang mikiri lare wadon hang sing jelas rasa welase, karuwane megawe hang patheng makene bisa dadi juragan lan akeh picise. Hairul hang sakat kawitan biyasah kumpul memengan bareng saiki ya wis sing pati kecaruk, ring warung kopi papan panggonan gesah ya sing pati ana, ana hang ngomong Hairul nak ngelamar lare wadon. Pikire Dillah ya lare wadon endi, sing kepikiran kadhung lare wadon iku Jawiyah.

Hang nggawe larane ati, tepak Dillah teka ngundhuh rambanan ring sawah pinggire lurung, Dillah ndileng Hairul nggonceng lare wadon, disawang-sawang dedege lare wadon iku kaya Jawiyah, serta lare wadon mau nulih nyang Dillah temakaken bener lare wadon iku Jawiyah. Kawitane Dillah kaget sing kaitungan, naming Dillah mbalekaken sekabehane nyang Hang Maha Kuwasa, kadhung sing jodho ya sing bisa dipaksa, umike Dillah njero ati ‘’Temakaken iki jawabane apuwa Hairul sing pati ana ring umah lan Jawiyah sing tau gelem ditemoni, lare loro iki padha dene.” Dillah ngerasa ditungkul Hairul teka mburi, pager mangan tanduran kadhung gedigi anane.

Kedadeyan iki nggawe Dilah saya patheng megawe, ulihe megawe diwujudaken tuku montor, dinggo modhal usaha. Saiki Dillah wis sing nyang pasar maning tapi saiki wis dadi pengepul janganan ring desane, suwi-suwi Dillah bisa tuku sawah, umah lan montore tambah siji, anak buahe ana telu, sing kari abot megawe mung ring umah bain wis ana hang ngateri picis, metu melebu uwong nyang umahe Dillah, mulai hang adol janganan sampek hang tuku janganan, mulai padha juragane sampek hang tuku eceran sepidhah montoran, Dillah dadi juragan gedhi.

Enak-enak ngudang manuk ngarep umahe, Dillah ndileng uwong runtang-runtung ambi nggawa pelabotan, Dillah takon nyang tanggane hang aran Bik Tatik. ’’Bik... sapa ewuh kari akeh wong runtang-runtung?”

“Yee.. Rika sing weruh saiki Hairul nak rabi, Sira iki kelendi ana kancane nak rabi sing weruh,” saute Bik Tatik.

Abane sepeker wis mangkat muni, janur kuning uga wis melengkung, beras kuning sakdalan-dalan, tandha keluwargane Hairul mbukak hajatan, kanggo mengantenaken anake, taping rasa atine Dillah wis kaku sing keneng dieluk, wis sing kepikiran nyang tingkahe Jawiyah lan Hairul maning, lumuh njungkel lumuh kemureb, hang penting iyane golet picis bain hang akeh, makene gancang sugih, bengi mangkat nguntup, ulane mesem ayu ambi pamer sunare, lintang ring ndhuwuran kelap-kelip girang nyawang eseme ulan, ampak-ampakan uwong padha teka kanggo ngadiri undangan, Dillah bareng ambi uwong liyane kundangan bareng, melebu umahe Hairul hang diserungkub terob werna biru. Dillah nyawang wong loro lungguh kuwadhe padha senenge, masiya sithik belaka Dillah sing duwe ati paran-paran wis kabeh diihlasaken, Dillah mara nyang kuwadhe nyalami Jawiyah lan Hairul,

’’Selamet ya kanggo Rika keloron, Sun dongakaken Rika seneng lahir bathin.” Dillah langsung balik mulih, mergane wis akeh hang nganteni ring umahe, para juragan pengepul lan pengecer janganan padha nganteni tekane Dillah.

Tambah dina usahane Dillah saya maju, hang kawitane mung ngepul janganan saiki tambah ambi ngepul uwoh-wohan, kayatah buah naga, jeruk, salak, nanas lan liya-liyane, Dillah tambah sukses, sing mikir wong wadon lan sing ana ring pikirane Dillah kanggo ndhemeni wong wadon, kaya-kaya kasruh ndileng tingkahe Jawiyah bengen.

 Taune wis ganti, Dillah uga wis bisa munggah aji, usahane ring desane kono sing ana hang nandhingi, Dillah dadi juragan gedhi. Liya dina Dillah kecaruk Hairul nunggang sepidhah naming gok sing bareng Jawiyah, sepidhahe Hairul hang bengen gagah saiki gok ganti sepidhah bebek hang abane kenalpote anter kaya serotonge sepur, penganggone ya lungset sing kerumat, umik ring njero ati, ’’Apuwa gok Hairul sing kaya bengen?” Sing weruha keluwargane hang kawitane sugih saiki bangkrut, kerana mbandhani Hairul maru, Hairul mari kawin ambi Jawiyah jarene kawin maning ambi lare hang buru lulus sekolah SMEA, dadi Jawiyah dimaru, sing kerasa dina wis ganti dina ulane ya wis ganti mbarengi melayune taun. Tepak melaku-melaku nyang pasar Dillah hang wis dadi juragan gedhi, ring pasar padha disalami lan disapa uwong hang dagang sakdalan-dalan, ring njaba lan ring njero pasar, waktu iku Jawiyah ambi emake belanja. Kecaruk Dillah, Dillah langsung nyapa,

’’Yah... Rika iki Jawiyah tah?” Jawiyah ambi rada isin nyaut,

’’Iya Kang Isun Jawiyah, rabine Hairul taping saiki using wis, Isun wis pegatan ulih telung ulan iki, mergane Hairul kawin maning lan saiki Hairul sak wong tuweke bangkrut, sing duwe paran-paran, Isun sakat kawin sing tau dibelanjani, mari pegatan ya sing ditinggali paran-paran mung ditinggali lare cilik iki Kang, iki anakisun ambi Hairul, lare iki bain sing tau ditukokaken paran-paran, Isun sadhar Kang lan njaluk sepura hang akeh nyang Rika, welas iku dudu ndileng donya lan rupa, tapi ati hang tulus lan ihlas,”

Dillah ambi mesem nempali omongane Jawiyah ambi ngusuk endhase anake Jawiyah, ’’Wis hang sabar bain, kabeh wis ana hang ngatur,” Ambi ngerogoh esak, Dillah njuwut picis nyangoni anake Jawiyah, sakteruse balik nyang montore. Jawiyah nyawangi Dillah hang nunggang montor lan katon berahi sing kaya bengen, Jawiyah kerasa paran hang iyane lakoni ambi Hairul wis nggawe lara atine Dillah, taping Dillah nerima ihlas kedadeyan iki. Saiki Jawiyah lan Hairul ‘’jembulung lodhong’’, uripe sing kaibukan, bengene sing ndileng welas, mung ngedhepaken lakune napsu hang tekane mung sak kelerepan mata, ucap welas iku jeru maknane sing mung tingkah lan lakon hang diuwekaken, naming ati hang ihlas lan tulus hang dadi penggawane.

 

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor