Anggitane: Siti Maesaroh, S.S.
(Minggu, 21 Februari 2021 07:46 WIB)
(Cerita Cendhek) Kelaksan Dikethok
“Wak Ali, Kulup enten?”
“Kulup matanira!”
“Eh, Rendy enten?”
“Sing ana, memengan.”
Man Ali buru mulih teko dealer, iyane mari ngurupaken montor lawase kang werna cemeng ambi montor anyar werna putih. Ning umahe wong wadon-wadon padha ibuk methetheng pitik, ngerageni pecel kanggo selametan sukurane. Maklum Man Ali wong sugih, juragan lobok. Sapine sepirang-pirang. Sorene maning mari tuku sawah seperapat hektar ane Wak Adhir. Serang akehe picise, Man Ali sampek bingung arep dienggo tuku paran. Umah wis gedi, sawah wis wera.
Taping, Man Ali magih ngerasa susah, merga siji-sijine anak lanange wis kelas siji Tsanawiyah ditari sunat durung gelem. Benere iyane arep iwuh nanggap jaranan, janger, ambi orkes dhangdhut. Sampek seperene kekarepane durung kelaksan merga anake seru wedine disunat. Iyane ya kuwatir nyang anake, kadhung sampek lancing durung sunat aja-aja dadi wandu. Man Ali aju mikir kelendi makene anake gelem disunati.
Wis akeh cara kang dilakoni Man Ali makene anake gelem disunati. Man Ali mara nyang salah sijine guru ngaji ning desane, njaluk banyu enggo anake makene gelem sunat. Taping, wis mara koncar-kancir sing ana asile. “Acake Rika njaluka nyang wong liya, Lik! Nawi sing jodho nyang Isun. Angger merene sing tau ana asile iku yak, merene bain Rika iki yuh” abane Nang Usman, guru ngaji, iyane wis sing sanggup. Turneya dongane Nang Usman kesuwur mandi.
Man Ali tau nyacak sing nguweni anake sangu sekolah, malah anake sing gelem melaku sekolah. Tau mara-mara nggawa anake nyang dokter, gadug kana anake ucul melayu. Sampek Man Ali lapur pulisi merga anake sing ana mulih. Arep nandangi anake Man Ali sing mentala. Sakat cilik seru disayang, dieman-eman. Anak mung siji, lanang pisan.
Mulih teka langgar, Man Ali nyeluk anake, “Rendy, meriniya tah!” Anake mara aju lungguh ning pareke.
“Sira kepengen paran? Ditukokaken ning Apak. Pokok gelem sunat.” Anake kang sing kathik ucul teka hape, sing semaur. Iyane ngadeg arep ngalih. “Salin hape, tah? Iku wis elek gedigu ak..” Man Ali nerusaken ngerum-rum anake.
“Iki magih enak dienggo, Pak. Wis diomongi Isun emong sunat,” anake njureng ambi mbesengut.
“Sira arep dadi wong Bali? Wong Budha? Apak bain isin Sira sak mene gedhene durung sunat, kok Sira kang dielokaken kulup ring kanca-kancanira sing isin?” Man Ali nyekeli endhase. Iyane heran apuwa anak lanange seru wedi disunati. Anake melayu melebu kamare.
*****
“Pak… Pak…” Mulih sekolah Rendy gupuh nemoni bapake. Bapake ana ning gudhang nyurtir lobok.
“He.. paran, Ren?” Man Ali kaget, mulih sekolah anake celuk-celuk iyane. Biyasahe langsung ngelepruk ning kamare.
“Ayo sunat, Pak!” Rendy ngomong seru temenane ambi ngeleg idu kempis-kempis.
“Sira iki temenan?” Man Ali mencilak sing percaya ambi paran kang dirungokaken, embuh keneng malaikat paran, kesambet ning endi Man Ali sing perduli kang penting anak lanang sing dadi wandu. Anake manthuk. “Alhamdulillah… kelaksan dikethok. Ya wis, kesuk melaku sunat.” Man Ali bungah temenan, pungkasane anake gelem disunati. Wis akeh kang dirancang Man Ali kadhung-kadhung dina iki teka, mulai ngundang kenalane kang sepirang-pirang, arak-arakan jaran kecak, barong, ambi kuntulan, manggulan nanggap orkes, jebege nanggap janger. Kabeh wis dirancang sakat anake magih kelas loro SD.
“Taping, Isun emong diiwuhi Pak, isin,” Rendy nerusaken omongane. Pikirane Man Ali kang gemilap sakkal kebes. Man Ali metenggengen. Ambegan seru abote. Iyane bingung paran kang kudu dilakoni saiki. Siji ati seru bungahe merga anake gelem disunati. Ati liyane dadi susah merga iyane sing bisa mujudaken kekarepane iwuh selametan gedhe.
“Sira diceluki kulup semono lawase gok sing isin? Diiwuhi mung rong dina gok isin? Heran Isun. Nagud Sira iki wih!” Man Ali kepingin ngamuk, taping ngamuk nyang sapa. Iyane kenal seru nyang wateke anake, kadhung wis emong ya emong. Timbang anak siji-sijine dadi sing karu-karuwan bangur iyane kang ngalah. Ahire Man Ali mung bisa mendhem jeru angenan kang wis suwi dirancang.
*****
Isuk-isuk melecir serngenge emak-emak padha belanja janganan. Lamat-lamat saya anter suwarane tarhim ring pucuk wetan. Tandhane ana wong duwe gawe.
“Ana wong iwuh tah?” salah siji emak takon nyang kancane.
“Rika sing rungu, Wak? Man Ali iwuh, Man Ali juragan lobok.” Emak liyane semaur.
“Yeh… nyunati anake kang diceluki Kulup ika?”
“Gok nyunati Rika iki, mengantenaken. Mengantenaken si Kulup iku. Engko lohor ana jaranan, engko bengi orkes, kesuk soren janger. Pokoke tanggapan ditebas kabeh ning Man Ali. Rika iki nyang endi bain sing rungu ana tontonan akeh.”
“Wayakendi dhung sunat lare iku? Mara-mara rabi. Jare sing wanen sunat!”
“Sunate ya bengen wih Wak. Mung selametan bain, mangkane saiki iwuhe roh jor-joran. Kulup iku saiki wis dadi pegawe bank. Ulih rabi lare Sidoarjo. Rika iki kelendi, endane durung sunat rabi? Kang wadon mane gegeten. Hahaha..." emak-emak iku gemuyu jak akehan.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Siti Maesaroh
Editor: Hani Z. Noor-93948.jpg)
-1796.jpg)