Anggitane: Andi Sep Kurniawan
(Minggu, 28 Maret 2021 07:21 WIB)

(Cerita Cendhek) Merga Paman


Isuk dina iki magih dikemuli pedhut, serngengene rada isin arep muntup. Jam wis madhep ana ring angka enem, naming katonane magih remeng-remeng. Kaup uwong hang dhemen turu, ibarate kadhung sing ana hang nggugah pasthine ya ketelangsut.

Mumpung dina prei, nubengi wis niyat arep melaku-melaku nyang umahe Paman. Tujuwane arep sinau lapangan merga ring umahe paman ana panggonan sinau tandur. Hing pati adoh jarake, dhuh melaku sepuluh menit bain wis gadug. Mungguha nunggang sepidhah udhug, uliye lungguh abete hing kerasa ibarate wong nginang durung abang wis gadug.

Gadug kana, Paman abete temenanan kadhung ngepel tangane. Hing sun terusaken njangkah merga yakin paman magih ndongani tandurane. Wis dadi tradhisine paman saben isuk ndonga, ngucapaken sukur merga tandurane magih urip lan wis diuweni nikmat arupa kesehatan, rejeki lan umur dawa.

"Man, kari temenanan kadhung ndonga," sapanisun nggeridho. Paman nyawang katon mesem.

"Sira isuk wis merene. Gok dengaren? Hing mangkat sekolah?" Semaure.

"Prei Man. Sekolah prei, Covid magih rame. Ring umah bingung paran hang kudu dicawe. Kepikiran Rika, kepingin merene bain. Hing ulih tah, Man?"

"Halah rupanira, kathikan menga gedigu. Biyasahe ujug-ujug teka."

****

Covid magih betah ana ring sakwerane donya. Pemerintah uga wis wara-wara masyarakat kudu ati-ati, metu nganggo masker, sing ulih mepet-mepetan, sing ulih salaman, paran maning kawitan ana pageblug, masarakate sing ulih metu teka umah. Naming perkarane sing kabeh masyarakat rejekine itungan bulanan, uwong-uwong desa hang keitung buruh macul, buruh ngerit, kadhung sing metu ya sing ulih picis. Pungkasane, Paman nduwe gagasan ngasilaken picis teka umahe dhewek-dhewek.

Paman nguripaken kegiyatan hang ana ring lingkungane kelawan kegiyatan nandur sayur ring pelatarane umahe. Masarakat hang ana ring umah bisa fokus nandur kaya kangkung, sawen, lobok, ranti, kemangi, terong. Tujuwane yaiku dienggo ketahanan pangan masarakate, kadhung tandurane merujuk lan nguwoh akeh uga bisa diedol. Kegiyatan nandur ana ring pelataran umah nduweni tujuwan apik yaiku ngajak masyarakat tambah produktip.

***

Saiki emak wis ngengeti, saben isuk isun metu teka umah. Mula seja sing kathikan pamit, isun arep temenanan sinau nandur rencanane arep nandur ana ring ngarep umah merga wera lan suwung. Mesthine emak bakal sing setuju, merga iyane hing aweh kadhung nulih panggonan ngeresek, dhedhegan. Naming, ya arep sun cacak bain.

"Sira iki saben dina, saben isuk metu sing kathikan pamit. Weruh-weruh saiki nggawa polybag kari akeh. Arep ana paran, nyelengkrah bain gawene," temenan abane Emak celathu.

Sing sun reken,
"Mak, argone ring endi? Arep njuwut rabuk ring kulon," takonisun.

"Ana ring mburine umah. Arep nandur paran Sira iku? Ulih endi Sira picis tuku polybag?"

"Nandur sayur Mak. Dienggo nyuksesaken SDGs Desa hang jare Gus Menteri Desa. Polybag-e diuweni Paman."

"Dhuh Lik, kari kesel-kesel Sira iki nandur. Biyasahe Emak tuku sayur dadine, hing kathik repot," emak sakkal melebu umah.

***

Sedina, rong dina, seminggu, telung minggu. Ahire tandurane wis padha dhuwur. Wis siyap dipethik, kangkung, sawen, terong lan liya-liyane. Teka kadohan Emak mesem-mesem girang, hing paham paran maksude.

Arep melebu ring umah, Emak wis mangu-mangu ana ring lawang, nguwasi tah siyap-siyap methik? pikirisun. Metu teka umah nggawa gunting lan pan dienggo methik lan ngewadhahi sayure. Durung arep methik, Emak wis menga kadhung iyane kepingin methik sulung. Atinisun munyik girang, bengene menging nandur saikine kepingin methik.

"Riski, Lik. Kangkunge ulih sak pan lebih, teronge durung keitung, sawene pisan sak pan lebih. Arep kelendi iki?" Takone.

"Diolah dhewek bain Mak. Yara ngurangi picis metu, kadhung lebih bisa diedol utawa diedumaken ring tangga Mak."

***

Merga Paman ngawiti nandur, meh uwong sak desa nandur sayuran pisan. Isun salah sijine uwong hang ngerasakaken manpaate. Pelataran hang sakdurunge kosong saikine akeh tanduran ijo-ijo. Kepingin mangan sayur, kari ngundhuh. Butuh ranti, lobok, ya kari ngundhuh ana ring ngarep umah. Hing perlu metu teka umah, picis metu saben ulan uga suda.

"Riski, sayurane wis entek. Agage mangkata nandur maning!" abane Emak setengah mberak.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf