Damar84 Milu Ngelungaken Bantuwan Merga Pageblug

Hani Z. Noor (dipublikasikan pada Jumat, 22 Mei 2020 06:52 WIB)
- Laporan



Pandemi pageblug Korona iki sing bisa dikira-kira sampek kapan mandhege, aju Pembatasan Sosial Berskala Besar (PSBB) uga wis nggarahi susah uripe uwong-uwong para boro arian.

"Kahanan iki wis nggarahi susah ekonomine uwong-uwong, kelebu pisan kanca-kanca ring Paguyuban Damar84," gedigu jare koordinator lan pengurus Damar84 Erika Saraswati.

Damar84 iki Paguyuban lalare lintas sekolahan Banyuwangi hang lulus sekolahe taun 1984. Paguyuban hang diedegaken 4 Mei 2012 ring Bogor iki anggotane nyebar ana ring pirangane kutha kayata Bogor, Bandung, Bekasi, Depok, Jakarta, Tangerang, Surabaya, Malang lan liya-liyane, uga hang magih manggon ring Banyuwangi dhewek.

Minangka wadhah kangen-kangenan sak kancaan, kegiyatan Damar84 diisi ambi arisan, bakti sosial sampek ngewani "Modal Bergulir" nyang anggotane.

"Akeh kanca-kanca Damar84 hang keneng imbase Korona iki merga usahane hang rentan keneng, umpamane usaha katering, warung, salon, dodol panganan lan jajanan. Iki hang merujukaken rasa prihatin ring kanca-kanca aju padha urunan kanggo mbantu ngenthengaken abote kahanan ekonomi hang disangga saben dinane. Ketepakan ulan puwasaan, iki ya dadi wadhah ngedum rejeki kanggo kanca-kanca hang arep sedhekah utawa ngetokaken zakat," jare Erika hang uga Wakil Rektor UNTAG Banyuwangi.

Picis hang dikelumpukaken ditukokaken beras, lenga, gula, kopi, teh lan mie instan, aju diedumaken nyang 35 kanca Damar84 lan warga masyarakat liyane.

Picis hang dikelumpukaken hing dientekaken sepisanan, merga pagebluge embuh kapan uncale teka Banyuwangi.

"Dadi bingkisan iki hang kepisan, ulan ngarep magih ana sepisan lan ulan ngarepe magih ana maning," jare Erika, hang ngateraken bungkusane ambi pengurus lan anggota Damar84 liyane, Kiptiyah, Iskak lan Yunis.

"Kekarepanisun, muga-muga kegiyatan gedigi hing mandheg mung semene, paling using sampek 3-6 ulan mengarep, lan muga-muga pagebluge wis liwat lan kahanan wis aman dadi kabeh bisa megiyet maning kaya biyasahe wayah kahanan normal."

"Impene, Damar84 bisa dadi organisasi sosial hang duwe oyod hang kuwat ring Banyuwangi."

Kanggo ngeraketaken silaturahim anggotane, Damar84 ring Banyuwangi nganakaken acara kumpulan rong ulan sepisan hang ana arisane. Ring Jakarta, ketemuan anggotane setaun ping papat, digilir melibeng ring umahe anggota, kumpulan iki hang biyasahe dadi panggonan pengenget ring tanah kelairan merga akeh jajanan lan panganan has Banyuwangi.

Muga-muga saya akeh pisan komunitas-komunitas gedigi hang padha ngelungaken tangane, masiya cilik naming kadhung saya akeh hang milu megiyet, bisa saya akeh pisan hang bisa ditulung, gedigu pungkase Erika.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Damar84

Editor: Antariksawan Jusuf