Demy, Ngangku Kemesar Weruh Jugedan Lan Tabuhan Banyuwangi
Hasan Sentot (dipublikasikan pada Senin, 10 Agustus 2020 10:38 WIB)
- Laporan
Masiya teka penyanyi Kendang Kempul hang uga tabuhan Banyuwangian, naming Demy ngaku magih kemesar kadhung rungu tabuhan lan jugedan has Banyuwangi kadhung wayah ana ring kadohan. Iku raksakane Demy hang aseli Jajag iki, wayah nekani undangan teka dulur-dulur Ikawangi BmTangerang Minggu kepungkur, Demy ambi meneng metenggengen sampek sing kocap. "Ketang kaya ring Banyuwangi, Isun masiya wis ping telu diundang Ikawangi nyang Jakarta, magih durung ilang kemesare kadhung weruh jugedan lan tabuhan Banyuwangi", jare Demy nyang Belambangan.com.
Tekane Demy nyang acara Ikawangi mula dadi semberani, wong-wong Banyuwangi Tangerang. Masiya hing nganggo undangan. Wayah Demy munggah panggung, girange keliwat-liwat, Milu nggandhang bareng, ambi jugedan pisan. "Iki setemene jare panitiya, hang arep teka akeh seru. Naming merga magih usum pageblug, panitiya ngewatesi tekane dulur-dulur Banyuwangi. Masiya kumpul wong akeh, protokol kesehatan kudu tetep dijejegaken. Kudu wesuh lan nganggo masker", gedigu ucape Demy hang manggung ambi Mbok Sumiyati.
Minangka tukang nguweni hiburan nyang masyarakat, Demy mula parek seru ambi wong-wong Banyuwangi. Paran maning ana ring kadohan, kaya-kaya wong-wong hang teka mau kangen nyang tanah kelairane. Kadhung aran rebutan potrek bareng aja ditakon, sampek panitiya kuwalahan. Demy kayadene artis, kudu dikawal teka rebutane penggemar. "Isun setemene sing paran-paran, nyalami siji-siji. Naming kondisi kaya gedigi, panitiya sing ngulihi Isun ngeladeni salaman mau. Kadhung arep potrek bareng, uga kudu ana jarake sing ulih upek-upekan", tambahe Demy.
Artis hang ndadekaken gendhing-gendhing Banyuwangi anjerah nyang endi-endi iki, magih semeleh gayane. Terus nyebar esem angger disapa penggemare, uga nyauri kadhung diceluk. Malah kadhung diundang Ikawangi, hubungane dudu artis ambi hang ngundang, naming wis kaya dulur hang lawas sing tau kecaruk. "Kabeh angger ketemu ngampiraken, ngajak mangan lan nginep ring umahe. Isun kudu njaluk sepura hang gedhi nyang dulur-dulur Banyuwangi ring Jakarta, merga tekanisun merene diundang panitiya, dadi kudu manut paran jare panitiya. Malah panitiya keweden, kadhung Isun sampek gelem nekani undangan lan ajakan dulur-dulur mau, merga saiki magih usum pageblug", pungkase Demy.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.








