Desa Mabang Nyemprot nganggo Damkar

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Selasa, 14 April 2020 08:49 WIB)
- Laporan



Sakat ana hang aran pagebluk Covid-19 (Corona Virus Disease tahun 2019) nggawe tatanan masyarakat Indonesia mobat-mabit merga kuwatir. Wong desa milu bingung. Masyarkat desa utamane hang wis weruh berita teka medsos lan tipi  milu bingung seru. Paran maning update saban dina hang aran positif ngidap corona tambah suwi tambah akeh. Iki nambahi kabeh uwong hang ana ring desa milu ngupaya ajakane pemerintah kanggo ngedohi penyebarane virus hang mateni iki.

Ring desa Lemahbangdewo uga gedigu, kabeh reka daya dilakoni kanggo ngengetaken masyarakate makene waspada nyang penyakit iki. Meh seminggu sepisan aparat Desa Lemahbangdewa sosialisasi nyang kampung-kampung lan dusun-dusun ngajak masyarakat desane kanggo urip rijigan. Siyaran keliling ana ring montor, nganggo banner lan poster-poster sampek pengumuman teka langgar lan masjid-masjid.

Masyarakat diwarahi  kudu nganggo masker, metu umah sakperlune bain, lan ngedohi kumpulan-kumpulan hang bisa nyebaraken anane virus Corona iki. Urip rijigan ambi wesuh nganggo sabun lan disinfektan.

Hang mesthi kegiyatan apik ana ring dina Jemuah, 10 April 2020 iki. Perangkat Desa mulai teka Kepala Desa, Kepala Dusun, RT, lan RW uga Babinsa Desa Lemahbangdewo nganakaken penyemprotan ring dusun-dusun hang ana ring desa Lemahbangdewo.

Miturut Kepala Desa Lemahbangdewo Edi Sunarko, penyemprotan masal iki dibantu ambi Dinas Damkar Kabupaten  Banyuwangi. Penyemprotan iki dikarepaken bisa nyegah lan ngendhegaken penyebaran virus Corona.

Miturut Andi, salah sijine staf Desa Lemahbangdewo, kegiyatan iki murni inisiatipe desa nganggo dana desa. "Kanggo operasional mobil Damkar lan sanitizer wis ngentekaken picis Rp. 400.000, durung maning hang arep dilakoni nyang dusun-dusun. Kabeh dusun, dalan-dalan lan panggonan umum wis disemprot. Kabeh dusun sakat teka dusun Krajan, dusun Kebalen Lor lan Kidul, dusun Satriyan lan lingkungan Perumahan Citra Garden Residence," gedigu Andi nerusaken ceritane.

Seteruse Edi Sunarko nyatakaken masiya desa Lemahbangdewo iki durung ana hang terdampak positif virus Corona iyane tetep sagah nguwati ngelakoni penyemprotan masal iki saban seminggu sepisan nyang kabeh dusun hang ana ring Desa Lemahbangdewo. Abot entheng kudu dilakoni, kadhung perlu masyarakat urunan umpamane dana desane wis sing cukup.

Iku kabeh mestine ihtiar hang wajib dilakoni. Mari gedigu pasrah nyang Pengeran. Iki ibarate perang taping musuhe hing katon mata. Kang bisa dilakoni mung milu paran jare pemerintah, hing kumpul-kumpul gerombolan, lan hing metu adoh-adoh kadhung hing penting seru. Lan bisa ngelakoni penyemprotan masal ana ring kampung lan dusun-dusun seminggu sepisan.

Muga-muga Banyuwangi aman lan diadohaken teka penyakit Novel Korona Virus, Aamiin.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Desa Mabang

Editor: Hani Z. Noor