Digawa Nyang Endi Sukmane Gandrunge Seblang?

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 31 Maret 2026 06:39 WIB)
- Laporan



Saben marek Lebaran Idul Fitri masarakat Olehsari (Ulih-Ulihan) kecamatan Glagah nggelar adat bersih desa Seblang, suwine sampek pitung dina.
   Hang dadi gandrunge seblang njuged kelawan ubah ngiwa nengen melibengi kalangan ring ngingsore payung agung, diiringi gendhing-gendhing magis kaya mantera. Kaya adate mantera, lirike sing kariya dawa, naming dibolan-baleni.
   Sedawane perosesi adat Seblang, ana 31 gendhing hang digawakaken sindhen. Jare bengene sampek 44 gendhing. Dikawiti Seblang Lukinta sampek nggadug Sampun kanggo mungkasi.
   Gandrunge seblang hing bisa dadi merga karepe dhewek merga iku kekarepane danyang desa hang teka nong salah siji wong desa Olehsari kadhung puwasa wis ulih likuran.
   Danyange aju melebu ring ragane Embah Sut (wong wadon) utawa saiki ana pisan hang aran Embah Jaini (wong lanang).
   Tepak teka, hang metu teka cangkeme Embah Sut, kaya suwarane wong lanang lan ana suwarane sikile jaran.
   Aju diajak gesah ambi para wong tuwek lan perangkat desa. Danyange engko nduduhi sapa hang dadi seblang.
   Tepak kejiman, matane merem, Embah Sut weruh sapa bain hang teka lan nyapa wong hang buru teka. Kadhung wis marek gesahe ana kaya suwara jaran keteplek-keteplek melayu ngadoh-ngadohaken.
   Hang kepilih dadi seblang mesthi lare hang ana mambu getih utawa kudu titisane ruwahe Embah Semi hang kawitan jaman wingi taklam nggelar seblang.
   Marek weruh sapa hang dipilih danyange, kepala desa teka nang umahe lare hang dipilih. Taun 2026 iki danyange milih Sayu Aprilia hang emake arane Irawati tau dadi seblang taun 2002-2004. Endane ana tah hang sing gelem, marek dipilih danyang iku?
   Jare Rina (Seblang taun 1998-2001) nyang Heni Kurniawati, biyasahe padha gelem merga wedi nang resikone.
   "Tau ana hang hing gelem, larene saiki kaya wong setres gemuyu-gemuyu dhewek," jare Rina.
   Ana pisan hang ditunjuk sing gelem, mbisukane tepak meteng marek mitoni bayek ring njero wetenge ilang. Meteng gedigu maning, ilang, jare Rina.
  Umpama keturunane lanang kabeh, ya mbisuke anak-anake bisa. Rina iki keturunane teka embah lanange, aju nong bapake buru nang iyane. Dadi hing mesthi keturunan langsung penari seblang.
   Hang ditunjuk mesthi lare hang magih perawan tah?
    Cumpu using. Ana hang taun kepisane magih perawan, taping taun kepindhone iyane wis umah-umah.
   Nurut Rina ana 47 wong alus hang melebu ring ragane gandrunge seblang. Malah ana hang kaya barong melebu ring bun-bunane.
   Sedawane acara adat, gandrunge Seblang matane merem, taping ya magih rungu ana wong ngomong paran, rungu gendhing-gendhing, taping sukmane diejak melaku-melaku lan memengan ring donyane wong alus.
   Melaku nong endi? Kelendi rupane wong aluse? Antenana, ana terusane.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf