Diimbu Maning ring Kemah Cerpen
Nur Holipah (dipublikasikan pada Selasa, 11 November 2025 06:07 WIB)
- Laporan
Diimbu Maning ring Kemah Cerpen
Kadhung rombongan teka Basa Using (Banyuwangi) langsung mulih sak pungkase acara Festival Tunas Bahasa Ibu (FTBI) Sabtu 8 Nopember 2025 sore, ana lare papat hang diselindhutaken sak perlu diimbu ring hotel. Merga lare papat iki diweni panggon kanggo ngangsu kaweruh teka narasumber hang wis ditunjuk Balai Bahasa Provinsi Jawa Timur, ring gelaran Kemah Cerpen kaya taun 2024 kepungkur.
Kemah Cerpen hang dianakaken sakat Minggu, 9 Nopember 2025 sore iki, engko wis arep dipungkasi. Manggon ring Swiss Belinn Manyar Hotel, ana lare papat hang makili teka Basa Using. Antarane, teka SD ana: Keyra Febrisal Wardani (kelas 5, SDN 1 Pakistaji) lan Aisha Nada Nahdliyina (kelas 4, SDN 1 Tamansuruh). Dene teka SMP diwakili: Anggun Aulia Pratama Putri (kelas VIII, SMPN 2 Cluring) lan Sifa Zullianti (kelas VII, SMPN 1 Singojuruh). Lare jak papat iki mari-mari mongkog merga iyane wis menang juwara I lan II ring kabupaten—kanggone bidhang Ceritap Cendhek, ya ulih maning hadhiyah teka Balai Bahasa Provinsi Jawa Timur ring selametan FTBI ring Santika Premiere Gubeng, aju diinepaken maning ring hotel kecaruk kanca-kanca hang Jawa lan Madura.
Masiya sasate kabeh peserta iki langsungan sakate teka FTBI, taping saben kegiyatan ring Kemah Cerpen dipiloni kelawan kesat lan giyat. Ring dina kawitan (Minggu) kabeh lare hang makili Jawa, Madura lan Using, ulih kelas klasikal bab: Cara Menulis Cerpen yang Baik - Narko Budiman (Ki Sudrun), Jawa; bab Cara Menggali dan Memilih Tema disampekaken Mat Toyu, Madura; ditutugaken Anjrah Lelono teka Jawa hang njelentrehaken Alur lan Penokohan; aju ana Alipah Alipuk (Using) nerangaken bab Pilihan Kata lan Gaya Bahasa, hang pungkasan ana Mudhar (Madura) mbujar bab Cara Merangkai Kalimat & Paragraf.
“Isun hing tau, menyang adoh. Paling ya ring Muncar,” abane Sifa wayah ditakoni redaktur belambangan.com, wis tau menyang adoh tah sak durunge.
“Girang seru! Paran maningan numpak lift!” semaure Keyra. Mula mung cabang lomba Cerpen hang ulih pasilitas ginau maning. Mulane lalare iki, kaya lare ‘emas’.
Ana hang bidha ring Kemah Cerpen taun iki. Liyane murid kudu nulis cerpen, gurune ketiban sampur pisan. Dr. Puji Retno Hardiningtyas, S.S., M.Hum., Kepala Balai Bahasa Provinsi Jawa Timur, seja ngongkon para guru pendhamping makene ngasilaken cerpen masiya siji. Sakliyane tugas ngelih cerpene lalare nyang Bahasa Indonesia.
“Gena hing mung lanyah ngabani murid,” abane Bu Puji hang batikan ijo bangete pembukaan iku.
Asile lare jak papat nulis antarane:
- Impen-Impenen – Keyra Febrisal Wardani
- Jagir Karipan – Aisha Nada Nadhliyina
- Nyelure Pitakonan, Picis Kenthingan - Anggun Aulia Pratama Putri
- Kegawa – Sifa Zullianti
Ibarat kaya poh Gadhung mari diimbu, ambu arume kensrang-kensrung. Muga lalare iki wayah mulih balik nyang Banyuwangi tulisan cerita cendhek Basa Usinge tambah ‘sak gunung’.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Dokumentasi Balai Bahasa Provinsi Jawa Timur
Editor: Antariksawan Jusuf
