DKB lan Seniman Sambatan Nang Pulisi
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 08 Juli 2020 09:40 WIB)
- Laporan
Dewan Kesenian Blambangan (DKB) lan perwakilan seniman merdhayoh nyang kantor polisi Kota Banyuwangi minggu sore sak perlu sambat lan ngarepaken bantuwan kanggo ngetokaken idin kanggo pertunjukan.
"Para pekerja seni setemene wis siyap miloni pelanggeran hang ana.. kelendi prosedure kadhung manggung ana ring gedhung utawa ana ring ruangan. Umpamane ana keluwarga hang arep nanggap," gedigu jare ketua DKB dokter Taufik Hidayat.
Dokter hang ngaku wis bisa nabuh angklung sedurunge bisa nyuntik iki uga ngelungaken terimane nyang pulisi merga anane kampung tangguh hang efektif nyegah pageblug.
Pekerja seni iki ya hing gelem nabrak aturan hang wis ditetepaken ring Gugus Tugas Covid-19 taping nggolet dalan merga sak suwene limang ulan hing bisa golet picis.
Ditambahi ring Dewan Pengarah DKB Punjul Wardoyo gok iyane akeh disambati seniman sakat anane pandemi iki. "Mula ana pekerja seni hang magih bisa megawe ring sawah. Hang repot pekerja seni hang sing duwe pegaweyan sampingan." Masiya tah wis ana bantuwan teka pemda kapanane kanggo 900an uwong-uwong hang keneng senggol pageblug.
"Kene ngarepaken para pekerja seni iku bisa manggung kelawan sarat-sarate," jare Punjul.
Kang Taufik lan Punjul dikancani pengurus DKB kayata Sekretaris Bambang Lukito, Bhogi, Munawir, Rini Dianingrum lan para pekerja seni kayata Abrori, Ayong, Aziz, Demy, Firman, Lucky lan Renny Farida.
Jare Lucky akeh seniman hang uripe kedhungsang-dhungsang merga hing ana pengasilan. Bisane njaluk-njaluk nang wong tuwek uga maratuwa. "Nol rupiah sakat Maret... lan akeh seniman hang sampek adol-adol barange."
Kapolresta Banyuwangi Kombespol Arman Asmara Syarifuddin mung ngengetaken gok pulisi iku tugase ngetokaken idin taping wewenang kanggone mbukak anane panggung kesenian iku ana ring tangane Gugus Tugas Covid-19 hang diketuai ring bupati Banyuwangi. Kapolresta mung minangka wakil ketua, bareng ambi komandan daerah militer.
"Taping isun ya wis ngewani kawigaten nyang Gugus Tugas pekara iki," jare Arman hang ngaku disambati pelaku seni.
Mangkane sak mareke pertemuan iku mau Arman ngarepaken bisaa nggawe Standard Operational Procedure (SOP) hang wis cocog ambi protokol kesehatan.
Hang sepisan sedurunge ana kegiyatan ekonomi kudu ana SOP, nomer loro kudu ana pra-kondisi, kelendi pelaksanaane lan hang nomer telu ana sertipikat, jare Kombes Arman.
Jare Kang Taufik nang belambangan.com, muga-muga pagebluge gancang uncal lan para pekerja seni bisa balik maning nguripi keluwargane lan hing sampek adol-adol barang kanggo nyukupi kebutuhane.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Wawancara
Editor: Hani Z. Noor







