DKB Ngajak Rembug Makene Kesenian Bisa Manggung Maning
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 08 Juni 2020 07:00 WIB)
- Laporan
Dewan Kesenian Blambangan (DKB) dina Senin 8 Juni iki nak ngundang pirangane sanggar kesenian ring Banyuwangi sak perlu ngejak rembug perkara akibate pageblug iki ring kesenian Banyuwangi.
"Hang nomer siji kelendi makene kesenian iki bisa manggung maning taping penganggone kelendi enake makene hing ana hang mangluh," gedigu jare Ketua DKB dokter Taufiq Hidayat nang www.belambangan.com.
Sanggar-sanggar seni arep diwani kesempatan tampil maning taping magih sak njerone pelanggeran protokol Covid-19.
"Makene ana pemasukan kanggo sanggar-sanggar iku. Kadhung using, seniman-seniman iku arep mangan paran?" jare dokter spesialis Andrologi iki.
Buru bain iki tepak ana acara hang dianakaken kepolisian, gandrunge nganggo tongkos (masker) lan tutup rai (face shield) werna ijo, hang kanggone wong-wong hang dhemen gandrung hing mesadu ambi penganggo gandrunge.
"Engko nak digoletaken tutup rai hang pas ambi penganggone," jare Kang Opik. Paran maning setemene hang aran penganggo iku hing ana hang statis (red: mandheg). Kaya ring China, saben pirang generasi sithik akehe mesthi uwah, jare dokter hang aran celukane Kang Opik iki.
Sanggar-sanggar hang diundang antarane yaiku Sanggar Sayu Gringsing, Sanggar Umah Kuwung Wetan, Sanggar Sayu Wiwit, Sanggar Gandrung Arum, Sanggar Jinggo Sobo lan Sanggar Langlang Buana.
"Hang nomer loro, DKB arep ngetokaken channel ring youtube hang isine kegiyatane sanggar-sanggar iku mau. Lan kadhung ana asile dibalekaken maning nyang sanggar iku."
"Kadhung hing ana pembinaan gedigi ya abot kanggone sanggar-sanggar iku nyangga uripe dhewek," jare Kang Opik.
Penemu iki wis diomongaken pisan nang pemda, yaiku liwat Pak Bramuda minangka Kepala Dinas Kebudayaan dan Pariwisata.
"Pemda hing ana masalah. Lan muga-muga kahanan ring Normal Anyaran iki mau bisa sithik-sithik ngangkat ekonomine seniman," gedigu pubgkase Kang Opik.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.








