DKB Rembugan Ambi Seniman Janger lan Dalang

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 27 Agustus 2020 07:24 WIB)
- Laporan



Dewan Kesenian Blambangan (DKB) dina Jemuah kesuk arep ngundang para grup janger lan dalang sak kabupaten, sak perlu rembugan kelendi carane para seniman iku bisa manggung maning.
"Pageblug iki yara hing weruh ilange kapan dadi kudu digoleti kelendi carane. Isun nak njembatani karepe seniman lan keinginane pemerintah," gedigu jare Ketua DKB dokter Taufiq Hidayat nyang belambangan.com.
Ana kira-kira 70 grup janger lan 50 dalang hang arep diejak gesah.
Kadhung masalah protokol kesehatan, nganggo tongkos (masker) lan topong (faceshield), wisuh tangan lan ngewatesi jarak wis padha setuju.
"Taping kudu dingerteni pisan, upamane tontonan hang biyasahe buru diangkati jam 10 dalu, kelendi kadhung saiki jam 11 dalu wis hing ana wong ambyak-ambyakan," gedigu jare dokter hang biyasah diceluk Kang Opik iki.
Kudu bisa ketemu antarane seniman hang wis pirangane ulan hing tau manggung lan kelangan penguripan lan pemerintah hang njaga keselametan rakyate, gedigu jare Kang Opik.
Ulan Juli sore setemene para seniman lan DKB wis tau nemoni pihak kepolisian taping durung ulih idin kanggo manggung maning.
Para seniman sak suwene ana pageblug iki wis limang ulan hing bisa golet picis. Pemda ya wis tau ngelungaken bantuwan kanggo 900an uwong-uwong hang kesenggol pageblug iki. Taping iku bain ya sing nututi dienggo nambeli kebutuhan saben dinane. Akeh seniman hang sampek ngadol barang-barange dienggo nutupi kebutuhane.
Jare Kang Opik pagebluge muga-muga gancang uncal lan para pekerja seni bisa balik maning nguripi keluwargane taping ya kudu miloni aturan hang ana.

Poto: Taufik Shaleh

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Wawancara

Editor: Hani Z. Noor