Dodol Lemuru Online Bisa Ngunggahaken Kelase Iwak Segara
Hasan Sentot (dipublikasikan pada Selasa, 09 Juni 2020 07:10 WIB)
- Laporan
Tahun 1970-an, iwak lemuru teka Muncar wis anjrah nang endi-endi. Wayah sakmono mbarengi pageblug wereng lan kresek, sekehe pari hang merujuk ring telatah Belambangan nana hang bisa panen. Pungkasane para tani lan keluwargane ring kampung-kampung, angel nyukupi sandhang pangane. Maune mangan beras, ganti mangan jagung, sawi lan sabrang. Iwak hang regane bisa ketuku ya lemuru, sepuluh rupiah ulih 10 iji.
Wong-wong Banyuwangi bengen, seru gampange tuku Lemuru. Sing perlu teka nyang Muncar, naming akeh bakul-bakul nekani kampung ambi nggawa tobos. Emak-emak angger isuk tuku lemuru, sak liyane murah uga gurih rasane. Marek iku, aju akeh ngadeg pabrik sarden, utawa lemuru hang dirageni lan diwadahi omplong. Saiki mulai usum maning lemuru, tapi ngedole sing ider keliling kampung maning, cukup diwara-wara liwat medsos wis akeh hang tuku.
Salah sijine pawongan hang dodol iwak lemuru liwat online mau, yaiku Achmad Ali Waffa yang manggon ring Kampung Mandar Banyuwangi. Waffa hang sak durunge manggon ring Sukorejo, Pedotan iki pancen suwi dodolan rowat (jero kawat/online), yaiku macem-maceme es lilin, es krim lan paran bain bisa dipesen.
“Waktu iku Isun buru pindhah ngontrak ring Kampung Mandar, pinggire pelabuhan Boom. Isun sak durunge puwasa mau magih nerusakan dodol es keliling. Tangga-tangga ring Mandar akeh-akehe dodol iwak, utawa pindangan. Weruh isun bolak-balik metu kirim es, iyane aju njaluk tulung kon ngajari dodolan online. Iwak hang ana sun potrek, aju sun unggah ring medsos sak regane. Bek sakkal akeh hang pesen kon ngeteraken nyang umahe," gedigu ujare Waffa hang uga dadi Admin pirang-pirangane Group dodolan ring Facebook.
Mbarengi pesenan iwak lemuru hang terus tambah, keneng pageblug Korona pisan. Aju sekolah-sekolah sasaran es akeh hang prei, pungkasane Waffa hang maune mung mbantu tanggane dodolan, aju ditemeni pisan. Lemuru lan iwak laute maune njuwut ring pelabuhan Mandar kono, tapi tekane soren. Aju Waffa golet informasi takon teka endi sak temeni lemuru lan iwak segara hang mudhun ring pelabuhan Mandar kono.
“Serta ngerti kadhung iwak-iwak mau teka Muncar, Isun langsung menyang dhewek nyang Muncar sak durunge subuh. Perlune mane ulih iwak hang magih seger, lan iku disenengi uwong-uwong. Sing ngira, kadhung tanggapan wong Banyuwangi kutha akeh seru hang seneng iwak segara seger. Isun langsung muser dodol iwak segara, es sun preikaken. Merga kirim iwak sak Banyuwangi, sing keneng disambi lan kebeneran usum udan es uga sepi," tambahe Waffa hang buru mulih merantau teka Jakarta pirang ulan kepungkur.
Waffa hang kenalane akeh sak Banyuwangi, pancen gambarane uwong hang sing bisa meneng. Ana bain akale lan terus ubed, aju nemu dalan terus paran hang diihtiaraken. “Alhamdulillah Kang, hang Isun lakoni mesti ulih tanggapan apik teka warga. Malah tangganisun hang maune sunajari, saiki wis bisa dodolan iwak segara online dhewek. Kawitan angger dina isun antarane 60 sampek 70 kilo lemuru lan iwak segara liyane, saiki bisa nembus nyang sekintal angger dina. Pokoke, kadhung gelem ubed ring Banyuwangi iki sing arep ana wong elom," gedigu ujare bapak telung anak iki.
Waffa ya sing setuju, kadhung lemuru hang proteine dhuwur mau panganane wong-wong kampung lan ngisore. Merga sak suwene iyane dodol lemuru online, hang tuku malah wong-wong hang manggon ring perumahan elite utawa golongane wong sugih. Paran maning regane pitik lan sayur ya sing kacek adoh, malah akeh hang ngerti pitik sayur mau akeh-akehe dipakani kosentrat lan iku bahaya kanggone kesehatan.
“Malah akeh wong kantoran ring Banyuwangi hang pesen lemuru lan iwak segara nyang Isun. Iki nduduhaken, kadhung kesadharane wong Banyuwangi wis beda ambi jaman bengen. Saiki gelem mangan lemuru dudu merga murah, naming merga ngerti kadhung proteine dhuwur. Iki pantese bain hikmahe pageblug, wong kepepet aju bisa mikir mucuk lan nemoni dalan anyar," pungkas ceritane Achmad Ali Waffa hang uga pengurus salah sijine Partai Politik ring Banyuwangi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.








