Donga Bareng Tradhisi Adat Barikan

Andi Sep Kurniawan (dipublikasikan pada Jumat, 01 Januari 2021 06:52 WIB)
- Laporan



Paran maning hang bisa ngeraketaken silaturrahmi kadhung sing adat. Mula seru jerune kadhung ngomongaken adat, ditinggal ninggal ala, ya kudu dilakoni makene tetep ana. Adat wajib diuri-uri. Umpamane adat Barikan ring dhusun Palukuning desa Pondoknongko hang sing tau njumbul ring media.
Barikan mesthi dianakaken saben taun sepisan, gampange ngengeti yaiku saben bungas taun itungan kalender Masehi tepak tanggal telung puluh siji Desember. Kabeh uwong padha siyap-siyap merga Barikan adat aseli teka dhusune dhewek kelawan nyiyapaken ancak teka gedebog, iwak, janganan lan sakliyane.

Barikan dudu singkatan teka Mangan Bareng Ikan (Iwak) hang mesthi dadi incerane uwong-uwong wayah ngadhepi taun anyar. Naming maknane Barikan yaiku barokah berkatan, kiyasan teka basa Arab. Njaluk barokah ulihe wis dianakaken adat Barikan, muga diadohaken teka pageblug lan diuweni selamet kelawan diisi istigosah utawa selametan kampung.

Barikan wis ana sakat kira-kira 1900an nepaki mbah buyut jaman bengen ana. Mbah Iluk, uwong hang diimpeni bakal arep ana pageblug gedhi mara, kadhung kepingin selamet perintahe kudu nggawe selametan ana ring lurung, ana jenang pitu lan jajan pasaran werna pitu. Kisuke iyane selabar gok mari ulih impen, ahire padha wedi temenan bakal kedaden merga Mbah Iluk iki uwong hang diajeni teka ilmu agamane. Ahire padha sepakat, dikumpulaken ancake lan selametan ana ring tengah lurung.

"Ceritane bengen mula ana pageblug hang mara ring endi-endi. Sedina lara, kisuke ninggal donya. Akeh hang temebluk sing ana umur merga pageblug, mulane nawi impen mau kedaden paran salahe dipiloni kanggo selamete awake padha-padha. Untunge dhusun Palukuning padha selamet," abane Pak Sunardi Kepala Dhusun Palukuning

Ana ring taun iki, pageblug Corona wis teka ring endi bain kelebu Pondoknongko. Tujuwane Barikan uga njaluk pendonga mugi bain Corona gancang uncal, padha selamet kabeh. Hing ana salahe ihtiar, mugi bain ihtiare kabeh hususe dhusun Palukuning diijabah.

"Barikan tradhisi hang apik lan kearipan lokal teka dhusun Palukuning. Dianakaken ring bungase taun. Mesthine Barikan iki dadi tradhisi apik hang kudu dikembangaken, naming merga ana pageblug hang kawitane wis direncanakaken dadi wurung merga anggaran kudu disiluri kanggo nanggulangi pageblug hang anter sampek seperene. Muga taun ngarep magih bisa nguri-uri tradhisi Barikan lan ngembangaken tradhisi iki saya apik lan rame,"  abane Hamdan Ramahurmuzi Kepala Desa Pondoknongko ring pidhatone.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor