Emak-Emak Tandang Ngersaya Ring Sekolahan

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 14 Maret 2022 07:53 WIB)
- Laporan



Mbok Nani Asiany Ms, Pengawas SD Kecamatan Banyuwangi rada kaju ndeleng emak-emak hang tandang ngersaya ring sekolahan. Gedigi laporane.

Dina Jemuah tanggal 11 Maret 2022 ning SDN 1 Pakis kang panggonane ana ring dalan S.Parman Kecamatan Banyuwangi katon rame. Polae kepala SD sak kecamatan ngadiri rapat sakmarine senam ning latar Pasar Pariwisata Terpadu. Antarane pasar ambi SDN 1 Pakis jarake sing sepira adoh mangkane masiya sename ning pasar, wong-wong akeh kang nunut parkir sepidhah udhute nong sekolahan. Serta wis marek senam, temakaken sing mung kepala sekolah lan guru-guru olahraga hang titip sepidhah nong sekolahan, taping Plt. Kepala Dinas Pendidikan sak jajarane kaya Kabid Pendidikan SD, Kasi PMPTK SD, Kasubbag Umum dan Kepegawaian, uga Kasubbag Sungram padha mara nong kono. Naming beda ambi kepala sekolah kang arepe rapat, Plt. Kepala Dinas Pendidikan sak jajarane duwe tujuwan dhewek. Para pejabat iku ndeleng sarana prasarana kang ana ring SD kono.

Metu pamitan Plt Kepala Dinas rada kaget, kok akeh emak-emak adeg-adegan nong latare sekolahan ambi nyekel gunting taman, sapu, seroke dheket (romot) lan ana kang nggawa kembang nong pot. Taping ana pisan kang tayongan, sing nyekel paran-paran. Makene sing penasaran ahire Plt Kepala Dinas Pendidikan takon nong kumpulan emak-emak iku. Serta ditakon-takoni emak-emak iku nyaut jare arep tandang gawe ngersaya taman kang ana ring ngarep kelas.  “Wah kegiyatan kang apik seru iki. Sekolah bisa tandang bareng ambi wali murid,” jare Sutikno Kabid Pendidikan SD. Eleman teka Kabid iki dianthuki ambi pejabat liyane tandha setuju.

Nurut keterangane kepala sekolah, Bu Hj. Endah Wati, S.Pd, M.Pd kang kelahiran Papua, emak-emak wali murid teka nong sekolahan iku mula arep tandang ngersaya ngerijigi, ngerawat, uga  nambah endahe taman. Nurut iyane, sekolah kang maju sing mung ditangani lan digarap ambi sekolahan thok taping ana perkara- perkara kang kudu digarap bareng ambi wali murid. Dadi ning sekolahan kang iyane pimpin, tandang ngersaya bareng emak-emak iku wis programe sekolah kang diarani Aksi Lingkungan. Kegiyatan iki dianakaken makene sekolah lan wali murid bisa bareng-bareng ngerawat sekolah kang wis tau menang Adiwiyata tingkat Nasional. Wali murid makene duwe rasa perduli nyang rijige lan endahe sekolah uga perduli nong lingkungane sekolah

Saben Jemuah, wali murid kang hadir nong kono wis diatur nurut kelase. Diatur tekane makene sing rame seru lan sing ngeruwedi murid- murid kang sedheng sinau. Nurut aturane, dina Jemuah minggu kepisan kang teka wali murid kelas 1 lan kelas 6. Kadhung wali murid kelas 2 lan kelas 5 ditekakaken ring dina Jemuah kepindho, sedheng dina Jemuah kang ketelu, kanggo wali murid kelas 3 lan 4. Engko serta wis dina Jemuah kang kaping papat, wayahe guru lan murid-murid kang ngersaya. 

“Aksi lingkungan iku sing kabeh wali murid bisa teka nong sekolahan merga sing kabeh wali murid duwe waktu lan tenaga kang bisa disumbangaken nyang sekolah. Taping kerana wis sepakat, kang sing bisa teka bisa titip nyumbang ngombe utawa titip wit- witan kanggo disumbangaken nyang sekolah.  Umpamane sing ana kang disumbangaken, ya sing paran-paran," ujare kepala sekolah. Wali murid kang bisa teka rata-rata emak- emak kabeh. Wis kaya anjrahe, masiya ambi gesah taping tangane ya ambi megawe. Ana kang nyapu, ana kang mbedholi suket, uga ana kang nyakupi romot. Mula aksi lingkungan iki kudu dijaga ajege merga sakliyane nandur, lan ngerumat wit-witan kang ana ring taman ngarep kelas, seduluran wali murid iku nambah endahe sesawangan.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor