Etalase Ngedum Saur Kanggo Korban Terdampak Pageblug
Hasan Sentot (dipublikasikan pada Senin, 27 April 2020 08:54 WIB)
- Laporan
Komunitas Etalase Banyuwangi, duwe kawigaten gedhe nyang korban terdampak pageblug corona. Sak durunge ulan puwasa, Etalase ngedegaken Pawon Umum kanggo nguweni mangan korban terdampak Corona. Sakat mulai mudhun teraweh, anggota Etalase Banyuwangi hang dadi Relawan Covid-19 iki wis mulai olah-olah kanggo mangan saur warga hang mbutuhaken.
“Sakwetara iki mung direncanakaken angger malam Minggu, olah-olah aju diedumaken nyang dulur-dulur hang mbutuhaken. Mulai hang megawe ring dalan, kaya tukang becak, sopir angkutan, wong hang sing bambung uga kaum duafa liyane”, ujare Novian, Ketua Komunitas Etalase Banyuwangi.
Sak suwene ulan puasa iki, sumbangan bahan panganan nyang Posko Relawan Covid-19 Etalase terus mili masiya sing sampek amber. Mangkane acara ngedum mangan saur kanggo korban terdampak covid-19 iki dianakaken seminggu sepisan, ndeleng ambi kahanane sumbangan hang melebu nyang Posko hang manggon ring kantor Kecamatan Kota Banyuwangi.
“Mengko kadhung sumbangan hang melebu akeh seru, dinane bisa ditambah uga akehe. Saiki magih bisa nggawe 100 sega bungkus, olahe sakat mudun taraweh aju mateng, dibungkus lan diedum wayah ngarapaken saur. Ana 20 anggota Etalase hang milu iwuh ring pegaweyan iki, ana hang tukang olah-olah, tukang ngitung persediaan lan tukang ngedum”, tambah Novian hang uga duwe usaha Cafe Moca iki.
Sak liyane nggawe lan ngedum dhewek seminggu sepisan, Relawan Elase Banyuwangi iki uga mbantu lembaga liya hang duwe acara sosial. “Kapanane TNI-Polri Banyuwangi nggawe Pawon Umum ring Gesibu, kanca-kanca Etalase dijaluki tulung milu ngedum nyang kaum duafa. Iki merga kanca-kanca Etalase wis weruh panggone ring endi manggone dulur-dulur hang merlokaken bantuwan mangan saur mau”, jare Novian.
Camat Banyuwangi Kota, Moch Lutfi hang uga penasehat Komunitas Etalase Banyuwangi, milu ngawasi langsung kegiyatane lare-lare enom mau. Masiya tengah wengi dibelani nunggoni, kanggo ngurubi tekade lare-lare hang duwe rasa-rumongsa sosial nyang nasibe dulur-dulur kurang enak uripe. “Alhamdulillah, bantuwan teka wong loman lan pengusaha magih terus mili. Insyaalloh kadhung bahane akeh, lare-lare tambah giyat ngedumaken”, jare Lutfi hang dikenal Camat akeh akale iki.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.








