Festival Lemahbangdewo Jaman Bengen, Niti Sejarah Leluhur hang Mbangun Desa

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Rabu, 24 Desember 2025 07:01 WIB)
- Laporan



Kanggo mengeti Dina Dadine Kutha Banyuwangi hang kaping 254, dianakaken kegiyatan arupa “Festival Lemahbangdewo Jaman Bengen", hang didhepani Karang Taruna. Festival hang dianakaken bengi iku, 23 Desember 2025 manggon ana ring Balai Desa Lemahbangdewo, nganakaken antarane bain kegiyatan gelar Tari Tradisional Banyuwangi, Musik Banyuwangi, Pasar UMKM Desa Lemahbangdewo, lan Diskusi  Sejarah lan Budaya Lemahbangdewo.

Teka kegiyatan Diskusi Sejarah nekakaken narasumber yaiku, ahli Sejarah Banyuwangi Miftahul Hidayat Aji Ramawidi, M.M., M.Pd lan Moh. Syaiful S.Pd pemenang Hadhiyah Sastera Rancage 2017.

Ring sambutane Kepala Desa Lemahbangdewo Edi Sunarko, nyatakaken kadhung kegiyatan iki dipikul bareng antarane Pemerintah Desa Lemahbangdewo ambi Karang Taruna Desa Lemahbangdewo hang nggawa tema yaiku: “Di Balik Jalan Setapak yang Kita Pijak Tersimpan Kisah Para Leluhur yang Membangun Desa Ini dengan Cinta Kerja Keras dan Harapan.”

Kepala Desa Lemahbangdewo uga nyatakaken kadhung iki kabeh kesadharane generasi nom-noman nyang paran artine sejarah kanggo ngadhepi ring mangsa hang arep teka. Mula iki kegiyatan hang apik lan perlu didhukung ambi kabeh warga masarakat Desa Lemahbangdewo.

Sakdurunge melebu nong Balai Desa dianakaken Pasar UMKM ana ring pelataran Balai Desa Lemahbangdewo. Ring kana masarakat hang kegabung ring UMKM Desa Lemahbangdewo uga dodolan panganan ring sakjerone tendha-tendha. Panganan hang diedol panganan hang nyata ana ring desa Lemahbangdwo kayadene pecelan, penthol Man Mul, dhawet, jajan lupis, jenang bedhil lan Liyan-liyane.

Hang nggarai apik maning kabeh hang teka ring kegiyatan iku kudu nganggo kelambi utawa penganggo teka jaman bengen, merga ana penghargaan penganggo paporit pilihane warga hang teka ring undangan. Sakliyane iku ring pungkase acara ana doorprize. Doorprize iku ana ring walike pelungguhan hang wis dipesengi hadhiyah arupa kenang-kenangan teka panitiya.

Ring dikusi Sejarah Mas Aji Ramawidi gedigu biyasahe wong Kradenan iki diceluk uga njelentrehaken Sejarah aran desa Lemahbangdewo hang wis ana sakat taun 1664 rikala I Gusti Ngurah Ketut Kaba-Kaba manggon ring akuwu (desa) Lemahbangdewo.

Moh. Syaiiful, S,Pd uga nerangken agul-agule Belambangan asal Lemahbangdewo hang  akeh dadi pejuwang ngelawan Kumpeni Landa kayadene, Ki Uthun, Ki Renteb, Ki Suragati, lan Ki Suranala/Suranata. Ring pungkas cathetane penulis novel Agul-agul Belambangan iki duwe kekarepan hang kuwat nyang para generasi penerus desa Lemahbangdewo bisa nerusaken perjuwangane para leluhure hang wis dadi Agul-agule Belambangan ring jaman semana.

Dene Mas Aji Ramawidi ngarepaken kadhung dina dadine Lemahbangdewo iki perlu maning ana diskusi kanggo namtokaken dina lan ulane merga taune wis kasebut hang lebih tuwek pitung taun tinimbang laire kutha Banyuwangi

Sakteruse Jefri hang dadi ketua panitiya nyatakaken bungah atine merga acara iki bisa sukses lan bisa dadi tambahan wawasan lan tambah ilmu pengetahuan anggone masarakat desa Lemahbangdewo nyang sejarah leluhure.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : dokumen pribadi

Editor: Hani Z. Noor