Friska Dwi Maulida, Lancar Nulis lan Pinter Dongeng
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Jumat, 25 Oktober 2024 07:01 WIB)
- Laporan
Arane Friska Dwi Maulida magih lungguh ana ring kelas 9C sekolah ring SMPN 1 Kabat katon bungah atine dina iki. Friska hang kepilih ring antarane lare-lare Banyuwangi melebu katut ring Kemah Cerpen Tunas Bahasa Ibu Propinsi Jawa Timur, 21 – 25 Oktober 2024. Kawitane magih katon wedi milu kegiyatan iki, naming serta ulih rong dina lan sakteruse wis katon seneng atine.
Sakliyane Friska magih ana lare-lare liyane kayata Mochamad Khoirul Anam (SDN 3 Sraten), Khansa Ramadani Kusuma (SDN 1 Kabat), Kalea Nadhira Fiorenza (SDN Kepatihan), Aqira Fayyola Nadifa (SDN 2 Karangsari), Rizkia Talita Zahra (SDN Olehsari), Gadis Sifatus Soleha (SMPN 2 Srono), Putri Hidayatul Meicha (SMPN 3 Rogojampi), Frisca Dwi Maulida (SMPN 1 Kabat), Jazilah Iga Palsa (SMPN 2 Cluring), Nadhiva Rahmadania Putri (SMPN 2 Banyuwangi). Mesthine iyane dadi wong hang untung bisa milu nang kegiyatan iki.
Perawan cilik kelairan Banyuwangi 28 Febrari 2010 hang eseme manis iki duwe bakat nulis cerita cendhek sakat magih sekolah ring SD, gediku keterangane Khurotul Akhyun R hang dadi pendhampinge ning Kemah Cerpen hang dianakaken Balai Bahasa Jawa Timur hang dadi kegiyatan terusan teka Festival Tunas Bahasa Ibu (FTBI) 2023 taun sore.
Friska hang diceluk kanca-kancane Kaka iki nggawe cerita cendhek hang asli teka kedadeyan awake dhewek, yaiku kedadeyan hang wis tau dilakoni ring urip sakbenere, hang ana ring donya iki. Ceritane Kaka wis kelebu cerita hang apik wis emeh padha ambi asile penulis- penulis cerita-cerita cendhek Banyuwangi, gediku keterangan Nur Holipah hang dadi salah sijine pembimbing ning Kemah Cerpen Tunas Bahasa Ibu.
Sakliyane duwe bakat nulis, larene uga duwe bakat maca lan dongeng utawa cerita. Nurut keterangane Bu Akhyun hang dadi salah sijine pembimbing teka SMPN 1 Kabat kadhung Kaka uga pinter ndongeng lan bercerita. Kaka uga duwe prestasi juwara lomba bercerita rikala ana lomba ring Kecamatan Genteng. Sing salah serta maca asil tulisan ceritane Kaka seru delese lan seru lancare maca ceritane. Sing kerasa kanca-kancane hang uga dadi peserta ngerungokaken ambi netes eluh kegawa dalan cerita hang wis ditulis Kaka. Paran maning Nadiva hang dadi kanca rakete Kaka milu nangis serta ceritane mari diwacakaken.Temetes iluhe merga kesenthok atine ngerungokaken ceritane Kaka mau.
Friska lan kanca-kancane hang ulih kesempatan milu Kemah Cerpen Tunas Bahasa Ibu Propinsi Jawa Timur, 21 – 25 Oktober 2024 bisa bungah atine merga asile nulis ana ring kene arep didadekaken buku lan diterbitaken ambi Balai Bahasa Jawa Timur lan didadekaken bahan ajar ana ring kabeh sekolahan-sekolahan sak-Indonesia, gediku keterangane Dr. Umi Kulsum, M. Hum, kepala BBJT.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : bbjt
Editor: Antariksawan Jusuf







