Gandrung lan Jaranan Buta ring Tanjung Jabung Timur

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 30 November 2021 11:26 WIB)
- Laporan



 Tari gandrung lan jaranan buta ngeramekaken pengukuhan pengurus Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) korwil Tanjung Jabung Timur dina Minggu 28 Nopember sore manggon ana ring GOR Paduka Berhala Sabak Kabupaten Tanjung Jabung Timur propinsi Jambi.
   Sakliyane ditekani pengurus lan sesepuh Ikawangi Jambi, uga katon Sekda Kabupaten Jabung Timur bapak Sapril S.I.P.  wakil ketua DPRD Tanjung Jabung Timur  bapak Gatot Sumarto SH. lan anggota DPRD Ibu Ernawati, uga kepala kantor Dinas liyane.
  Ketua Ikawangi propinsi jambi kang Panut ring sambutane ngarep-arep anane Ikawangi Tanjung Jabung Timur iki bisa saya ngeraketaken wong-wong asal Banyuwangi hang ana ring kana.
   Ndeleng akehe panggonan kelenceran hang durung akeh promosine ring Tanjung Jabung Timur, kang Panut uga nawakaken nang pemerintah dhaerah Tanjung Jabung Timur nawi bisa megawe bareng ambi Ikawangi.
   Ngadege Ikawangi ring Tanjung Jabung Timur iki minangka wadhah kanggo nggedhekaken semangat nggawe saya guyube seduluran. Lan hing lali muga-muga bisa nggawe manpaat kanggo masarakat Jambi, jare kang Panut.
   Sak liyane pejabat dhaerah, pengurus korwil liyane uga milu teka nyekseni. Ana korwil kab. Tanjung Jabung barat, korwil kab. Muara Bungo, korwil kab. Muara Jambi lan Korwil Kota Jambi.
   Hing kelalen, kanggo hiburane Ikawangi Korwil Jabung Timur iki wis nyiyapaken gandrung lan tari jaranan buta duwene dhewek.
   Pengurus Ikawangi Jambi Korwil Tanjung Jabung Timur periode 2021-2026, yaiku
Ketua: Rusdi
Wakil Ketua: Aditya
Sekretaris 1 lan 2: Sunardi lan Sri Poniyem
Bendahara 1 lan 2: Suharyadi lan Aguswanto.

   Ring Jambi iki ana loro paguyuban wong asal Banyuwangi. Hang nomer siji ya Ikawangi Jambi hang saiki dipimpin ambi kang Panut.
  Ikawangi Jambi hang diedegaken wong sanga tanggal 29 September 2019 iki wilayahe ngambahi 12 kabupaten/kota hang ana ring propinsi Jambi. Anggotane hang kecathet lebih 500 wong.
Dene siji maning ana Ikawangi hang ngadeg ring ngingsor payunge Ikawangi Sumatra Grup (ISG).

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor