Gandrung Tampil Ring Braunschweig Jerman
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 12 Mei 2026 06:22 WIB)
- Laporan
Suwarane gendhing Jejer Jaran Dhawuk hang ngiring lakune telung gandrung ngebeki aula ring Braunschweig, negara bagiyan Niedersaschsen, Jerman.
Acara Pesta Rakyat 2026 hang digelar komunitas Anak Rantau Jerman iku ditekani pisan ambi Walikota Braunshweig Dr. Thorsten Kornblum, perdana menteri Niedersachsen dhongkol Gerhard Glogowski, perwakilan konsulat Indonesia ring Hannover lan kira-kira 1.600 wong liyane.
Seliyane kesenian, setemene iwuh tanggal 2 Mei 2026 hang digelar ring aula sekolah negeri hang madeg taun 1861 ring Braunschweig, kutha kembare Bandung nampilaken wong dodolan panganan lan kerajinan has Indonedia.
Teka latar njaba, wong hang teka wis disuguhi seni silat lan ring pentas njero aula digelar tari kayata Saman Aceh, angklung Sunda, tari teka Papua, tari Dayak lan gandrung.
Jare mbok Asih Mujiasi, humase acara lan uga wong Ikawangi Jerman hang wis sakat 1990 manggon ring Braunschweig, penari gandrunge hing mung teka Banyuwangi kaya iyane.
Jessa teka Yogya, iyane mula penari hang bengen tepak ring Indonesia wis munggah genjot sampek Korea. Saiki iyane manggon ring kutha Rothenburg ob der Tauber ring Bavaria, kira-kira 600km teka Braunschweig, kaya teka Banyuwangi-Semarang liwat kidul. Jessa iki megawe minangka resepsionis ring hotel lan buru telung taun ring Jerman.
Jessa, merga wis duwe dhasar tari Jawa, bisa lancar nggandrung belajar teka mbok Asih, masiya manggone adoh-adohan.
Aju gandrung hang nomer loro, Sasri, lare Jakarta hang bengen kuliyahe ring Universitas Brawijaya Malang, malah bisa macem-macem tarian Jaipong, tari Bali, tari Jawa lan gandrung sedurunge. Iyane buru marekaken studi S2 ring kono lan kira-kira wis petang taun manggon ring Jerman.
Mbok Asih dhewek kelairan Buluagung kecamatan Siliragung hang lulus teka SMAN 1 Glagah taun 1986. Iyane laki ulih wong kono.
Apuwa gandrung? "Seliyane Banyuwangi wis kesuwur sak donya, gandrung dhewek ngemu sejarah hang dawa. Tau digawa ambi wong lanang, sair-saire gandrung nggawa semangat kanggo ngusir penjajah," jare mbok Asih.
Sedurunge munggah genjot ring kene gandrung uga tau digawa ring kutha-kutha gedhi Jerman kayata Bremen, Berlin, Hamburg, Essen lan kutha liyane.
"Kelawan nampilaken tari gandrung artine ngenalaken Banyuwangi, dadi hing mung Bali hang terkenal," jare mbok Asih.
Bab gandrung, iyane uga arep mameraken kelambi gandrung engko ring ulan Juni lan milu pawai ring kutha Bremen ulan Oktober.
"Njaluk dongane bain," jare Mbok Asih nutup omongabe.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Poto: teka kiwa Sasri, Asih, Jessa
Editor: Antariksawan Jusuf