Gebyar Mengeti Dina Dadine TK Aisyiah Kang Kaping 47
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Minggu, 20 Februari 2022 06:11 WIB)
- Laporan
Sing kerasa TK Aisyiah Banyuwangi umure wis 47 taun. Kelendi ramene tepak mengeti dina dadine? Pengawas SD sak Banyuwangi mbok Nani Asiany MS ngelaporaken ring tulisan iki.
Suwarane lare-lare cilik mula has. Ambi nggendhingaken lagu-lagu has kanggo lare cilik, lurung utawa cocog diarani gang hang biyasahe mung diliwati sepidhah lan sepidhah udhud, isuk iku dadi rame diliwati murid- murid sak sekolahan kang jumlahe 131. Salah siji tangan nyekel bendhera cilik, murid- murid KB lan TK Aisyiyah II Kecamatan Banyuwangi kang milu jalan sehat iku ahire padha gadug nyang sekolahan. Tampilane, masiya nganggo kelambi seragam olahraga kang padha taping kanggo mbedakaken saben kelompoke, cukup nengeri capil kang macem-macem pariasine. Gadug sekolahan kang alamate nong Jl. Basuki Rahmat Gang Cempaka Putih Singotrunan iku guru sak muride kang wis padha ngelak lan elom, langsung sarapan nong njero kelase dhewek-dhewek. Isuk iku mula arep ana acara Gebyar Milad TK Aisyiyah kang kaping 47. Mangkane murid, guru, lan pengurus paguyuban kelas, lan pengurus komite padha guyub ngadhiri kanggo ngeramekaken acara hang diarani iku.
Nurut keterangane Bu Asnilna Rakhmawati, S.Pd Kepala TK Aisyiyah II Banyuwangi, saktemene dina Sabtu tanggal 19 Pebruari iku acara puncake. Sakdurunge, dina Sabtu tanggal 12 Pebruari kepungkur, kanggo ngeramekaken acara milad murid- murid diejak outbound hang dibungkus nong acara family gathering, ambi keluwarga nong Pesisir Cacalan Sukowidi. Murid- murid dijak outbound lan milu permainan, sedheng keluwarga, emak lan bapake milu lomba kaya tarik tambang bareng ambi guru-guru kang kabehe 14 guru. Aju dina Rebone tanggal 16 Pebruari murid-murid digawa nong RTH Singotrunan kang parek teka sekolahan. Gadug kana aju diacarakena lomba mewarnai yaiku nguweni kelir nong gambar kang magih polos. Acara iki dipiloni kabeh murid, taping dibagi kelompok A dhewek lan kelompok B dhewek. Pemenange uga dibagi loro. Ana juara kelompok A lan ana juara kelompok B.
Tutuge kegiyatan, Bu Asnilna kang alumni TK Aisyiyah II iki njelasaken kadhung murid- murid sekitar rolas lare ngisi acara talkshow nong radio Fajar FM sakmarine lomba mewarnai. Nong acara talkshow iku kang dadi mc utawa hang nggawa acara (penyiar) ya murid- murid. Nong kono murid- murid liyane nyanyi-nyanyi, nggawakaken surat-surat cendhek Alqur’an, apalan hadits kang cendhek, lan maca donga sedinane. Guru-guru kang ndhampingi sing kathik milu-milu nyerintungi. Murid diajari wanen nggawa acara, lan alhamdulillah acarane lancar malah petugas hang ana ring radio Fajar FM padha milu gemes ndeleng penampilane murid-murid, jare Bu Asnilna ambi rasa mongkog merga larene durung sampek namataken TK taping wis bisa kenal lan meraktekaken ibadah agama.
Tepak acara puncak milad, sakliyane acara kang dikawiti jalan sehat mau, serta mari sarapan murid-murid, guru-guru, wali murid pengurus paguyuban kelas, uga pengurus yayasan TK Aisyiyah, kumpul nong latare sekolah. Nong kono pemenang-pemenang lomba padha nampa piala lan sertipikat penghargaan. Keploke lare lan wali murid mari-mari meriyah merga pengumuman pemenang diumumaken saat iku pisan. Wali murid uga sing kalah ramene serta diumumaken pemenang ring permainan nalika family gathering. Serta mari pembagian piala, acara dipungkasi bakti sosial.
Bakti sosial ana ring acara gebyar milad kanggo mbudayakaken lare makene perduli nyang lingkungane, perduli nyang wong kurang mampu. Kanggo ngajari supaya duwe rasa perduli, lare- lare kang mampu ngumpulaken bahan- bahan sembako kaya lenga, gula, beras, kecap, lan mie. Serta wis ngumpul temakaken bahan-bahan sembako iku dadi 100 bungkus lebih. Acara bubar, guru-guru dibantu murid- murid kang dipilih aju ngeteraken bungkusan sembako nyang warga sing mampu kang ana ring sekitare sekolahan. Barokallah.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







