Gelaran Gaman lan Keris Tinggalane Embah Buyut
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 20 Agustus 2020 07:30 WIB)
- Laporan
Kelendi wujud gaman, keris lan tumbak Belambangan, Demak, Kediri, Majapahit lan Mataram jaman bengen?
Ngawiti ulan Suro taun anyar Jawa, Paguyuban Pelestari Tosan Aji Blambangan (Panji Blambangan) nggelar pameran 200-300 jamasan, keris lan tumbak tanggal 20-26 Agustus iki.
"Ana puluhan keris, tumbak tangguh jaman Belambangan kelebu tinggalane Raden Temenggung Astro Kusumo bupati Banyuwangi kaping 18 taun 1888-1889, uga warisan teka keturunan bupati kaping16 Raden Temenggung Pringgokusumo," jare Ketua Panji Belambangan KRT.H. Ilham Triadi Hadinagoro hang nganakaken acara iki.
Saben taun sakat 2006, acara iki digelar ring Rumah Joglo mburine Pelinggihan Disbudpar Jl. A. Yani, taun iki wektune rada diwatesi sakat jam 9 isuk sampek jam 4 soren.
"Keris iki minangka bukti hang nduduhaken gok embah buyut bengen iku wis mumpuni ring milih material, proses ngolahe lan rekayasa teknologi keris," tambah Ilham.
Embah buyut iki ninggalaken warisan arupa perspektif sejarah, filosofi, keilmuan rekayasa teknologi lan karya seni, tambah Ilham.
Ring acara pameran iku uga dianakaken sosialisasi Undang-undang Cagar Budaya lan kautamaan keris minangka wujud Cagar Budaya.
"Kene iki bisa ngomongaken keris teka bagiyan ilmiahe lan makene keris iku sing mung dideleng minangka barang hang mistis, sirik lan dadine mung dadi barang camahan."
Paran maning sakat 2005, organisasi PBB bidang Pendidikan, Ilmu Pengetahuan lan Kebudayaan (Unesco) wis ndadekaken keris iki minangka warisan kemanusiaan kanggone wong sak donya.
Ring gelaran iki pisan dianakaken Konsultasi Perawatan Pusaka minangka tradhisi wong Jawa kelebu wong Using pisan, yaiku saben ulan Sura nganakaken upacara arupa rasa sukur nyang Pengeran.
Gelaran iki uga minangka edukasi kanggone generasi enom kelendi carane ngeregani tinggalane embah buyut bengen, dudu keris hang mistis lan nduwe sipat magis, jare Ilham.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Wawancara
Editor: Hani Z. Noor







