Gelaran Maneka Lomba Kanggo Mengeti Harjaba
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 22 Desember 2025 07:21 WIB)
- Laporan
Gelaran Maneka Lomba Mengeti Harjaba
Komunitas Gotong Royong nggelar Harjaba-Fest 2025 kelawan nggawe pirangane lomba kanggo mengeti dina dadine Banyuwangi kaping 254 lan uga Hari Ibu 2025 tanggal 19-20 Desember ring Saestwo Cafe Klatak, Kalipuro.
Ketua Panitia HM. Shodiqin, S. Pd,MM.
nengeri perlune nguri-uri basa dhaerah, ngagulaken basa Indonesia lan nguwasani basa liyan kayata Inggris, Arab, Cina lan liyane kanggo ngunggahaken literasi lan terampil pidhato.
Harjaba-Fest 2025 hing mung dadi ajang kompetisi, naming uga nyedhiyani wadhah apresiasi seni, kreasi, ngelatih mental uga nguri-uri budaya lan nguwataken pendhidhikan basa lan karakter.
Ana 99 lare hang milu ring lomba hang dipandhu pasangan Aguk Darsono Ketua Perkumpulan Komunitas Gotong Royong Empat Puluh Lima lan rabine Yeti Chotimah guru lan uga penulis.
Iwuh iki uga diisi acara tumpengan teka KOPPIWANGI (Komunitas Peduli Pendidikan Banyuwangi) kanggo mengeti dina dadine kaping 10.
Iwuh iki ngubar hadhiyah arupa voucher lan buku koleksi Pustaka Agmadina kayata Warung Bathokan, Rahasia Sebuah Bisikan, Guritan Sewidhak Siji, Antologi Gotongroyong uga cergam adat tradisi cetakan Penerbit Erlangga. Hing kelalen guru pembinane ulih bonus ngopi gratis ping telu ring Saestwo Cafe
Ring dina kawitan, digelar telung lomba hang hadhiyahe voucher umroh gedhine rong juta rupiah teka Tulus Hijrah Baitullah Tour & Travel.
Asil lombane yaiku:
Lomba Pildacil:
Juwara 1: Azka Dzakiyatus Shaleha (TPQ Safinatul Huda)
Juwara 2: Muchamad Favian (SDI Al Khairiyah)
Juwara 3: Zulfa Chasna Chabibah (Yayasan Rodlotul Jannah Karangrejo).
Kanggo hang juwara 1 uga ulih bonus nginep ring Hotel Aston dielungaken Ketua Umum Badan Komunikasi Pemuda dan Remaja Masjid Indonesia (BKPRMI) Kabupaten Banyuwangi Ust Ahmad Sururudin, SE, M. Si.
Lomba Bercerita Bahasa Using:
Juwara 1: Afina Alana Qolbi (MI Darunajah 2)
Juwara 2: Nayla Taqqiyah (MI Darunajah 2)
Juwara 3: Lutfiyatul Ilmiyah (Rumah Tumbuh Bhakti Imamudin Zhaini/SMP Muhammadiyah 11 Rogojampi)
Lomba Melukis di Atas Kanvas:
Juwara 1: Rizka (SMPN 2 Kalipuro)
Juwara 2: Alira (SMPN 2 Kalipuro)
Juwara 3: Tegar (Pondok Pesantren Sirojul Hasan, Rejosari Glagah)
Engkisukane, ana Lomba Maca Puisi lan Cerita adat teradhisi nganggo basa Inggris (story telling) hang dipiloni lalare pelajar SMA/MA/SMK sampek wong tuwek.
Dene story telling husus kanggo lare SD/MI.
Lomba Story Telling:
Juwara 1: Berlian Ramadhani (MI Darunnajah II)
Juwara 2: Queenbee Hilwa Tazkia (SD Lazuardi)
Juwara 3: Abdul Ghani Ibrahim (MI Darussalam 1 Kalipuro)
Kabeh pemenang ulih voucher kursus ELC gedhine 1 juta rupiah. Sedheng juwara 1, 2, lan 3 ulih tambahan voucher umroh gedhine 2 juta rupiah teka Biro Perjalanan Tulus.
Lomba Baca Puisi:
Juwara 1: Adilla Makhrisza Alharsi (SMAN 1 Rogojampi)
Juwara 2: Mohammad Rizky Yulleo Altaf (SMK Muhammadiyah 8 Siliragung)
Juwara 3: Muhammad Iqbal Maulana (SMPN 3 Rogojampi)
Juwara Harapan 1: Kristanto (SMAN 1 Bangorejo)
Juwara Harapan 2: Farras Aryantaqi (SMKN 1 Pelayaran Kalipuro).
Seliyane piyala lan sertpikat uga ulih voucher umroh lan buku.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.