Gendhing Banyuwangi Kecathet ring Kemenhum
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 14 Mei 2026 07:03 WIB)
- Laporan
Gendhing-gendhing teradhisional Banyuwangi utamane hang njumbul noring kesenian gandrung wis mangkat diakoni minangka duwene wong Banyuwangi.
Ana 12 gendhing lan musik teradhisi aseli Banyuwangi hang saiki wis resmi dipageri hukum, kelawan nduweni Surat Pencatatan Kekayaan Intelektual Komunal (KIK) teka Kementerian Hukum RI.
Jare Kadis Kebudayaan dan Pariwisata Pak H. Hartono S. Sos, setemene ana 14 gendhing hang diajokaken. "Naming hang loro ditolak merga lirike gendhinge basa Jawa." Peroses ulihe sertipikat kira-kira telung ulan marek diajokaken.
Sertipikat iki diserahaken tepak ring acara Campus Call Out (CCO) ring Institut Teknologi Bandung (ITB), Selasa tanggal 12 Mei 2026. Iki dadi jangkah anyar kanggone njaga aset budaya wong Using makene hing diaku wong liya.
Banyuwangi dadi hang paling moncer ring Jawa Timur. Gendhing hang wis kecathet antarane:
Gendhing Keok-Keok, Gendhing Kembang Waru, Gendhing Gurit Mangir, Gendhing Erang-Erang, Gendhing Embat-Embat, Gendhing Padha Nonton, Gendhing Sekar Jenang, Gendhing Gurit Jawa, Gendhing Santri Mulih, Gendhing Thetel-Thetel, Gendhing Kusir-Kusir, Gendhing Layar Kumendhung.
Sertipikate iku ditampa kelawan simbolis ring Kepala Bidang Kebudayaan Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Banyuwangi, Dewa Alit Siswanto.
"Kene ngucap sukur seru. Iki negesaken gok Banyuwangi paling maju nyathet kesugihan lokal," ujare Dewa.
Sedurunge, sertipikat kanggo 12 gendhing iki, pemerintah ya ngakoni enem jenis panganan has Banyuwangi hang uga diwani sertipikat kanggo masthekaken gok iku aseli bagiyan teka budaya Banyuwangi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.