Gendhing 'Lebay', Saiki Wis Wayahe Salin

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Kamis, 30 April 2020 08:50 WIB)
- Laporan



Anane pagebluk covid-19 iki  wis nggawe susah rakyat  Banyuwangi. Saiki sing wayahe mung meluk guling ana ring peturon  paran maning mung sangga uwang mikiri hang durung karuwan. Golet pangan angel, ekonomi wis njempalik teka keadaan sabane. Mula iku saiki wayahe megawe patheng, megawe sembarang aja mung nganteni mangsa virus corona iki menyang teka bumi iki. Saiki bain ayo megawe paran bain hang bisa ditandangi teka ngumah dhewek.

Saiki wayahe ganti tema gendhing-gendhing hang ana ring Banyuwangi. Wis sing wayahe maning awak-awak iki kepilu ana ring cerita-cerita dhemenan hang mung nggawe ati kelayu-layu. Saiki wayahe maca realitas sosial, gediku ceritane Ribut Kalembuan salah sijine ahli waris Endro Wilis pencipta lagu Banyuwangi hang wis nggawe lagu “Ulan Andhung-andhung” ambi lagu “Dhonge Mekar iku”.

Lagu-lagune Endro Wilis hang magih durung dipublish iki akehe 400 judul, sing sithik ring kana syair hang nyeritakaken jenggirat tangine masyarakat Banyuwangi. Ana uga hang nyeritakaken pontang-pantinge nelayan hang megawe sing ngarti wayah kanggo nguripi keluwargane hang ana ring umah.

Tema lagu-lagu saiki iki lebay kabeh. Anehe masyarakat ya kok dhemen lagu-lagu gediku. Kadhung bengen pancen gediku magih awak-awak urip enak. Naming saiki iki serta ana kedadeyan Virus Corona iki, pegaweyan sing gampang, rejeki kaya dipepeti dalane. Arep megawe mboro, mboro nyang sapa wong pabrike uga padha tutup. Hotel, restoran lan warung-warung gedhe uga tutup, pegawene padha dilereni aju kelendi iki. Endane masyarakat magih arep ngerungokaken lagu-lagu Nina Bobo kaya hang wis digendhingaken penyanyi teka tanah Jawa iku? Iki ceritane Ribut nyang Belambangan.com nalika dicaruki ring kampus Akademi Lalare Orkestra Banyuwangi.

Ribut hang uga salah sijine  pengajar Akademi Lalare Orkestra Banyuwangi iki milu perihatin nyang perkembangane lagu-lagu saiki-iki. Iyane nduduhaken salah sijine lagune bapake (ruwahe Endro Wilis) hang rasane cocog kanggo tema ring wayah gediki iki.

Judhule “Saiki Wayahe”:

/Langit ring wetan wis mberanang

Tandha serngengene wis mangkat meledhung

saiki wis isuk gage tangiya

angin semilir dhuh segere ngusuk dhadha

Ika sawahe gumelar wera

sawangen ngawe nantang perang nong kedhokan/

Gediku Ribut nggendhingaken salah sijine lagu ring antarane 400 lagu gawenane Endro Wilis hang durung direkam.

Jare Ribut, iyane yakin gok masyarakat bakalan balik maning nyang lagu-lagu hang bertema gediki iki. "Tema-tema nasionalis, tema kerakyatan lan tema-tema realitas sosial bakal munggah maning sakmarine tema-tema dhemenan romantis hang lebay iki."

Teka kedadiyan iki masyarakat  Banyuwangi uga magih kepingin jenggirat maning. Kabeh duwe karep bisa balik maning nyang mangsa sakdurunge covid-19 iki mara. "Makene masyarakat ring wilayah Banyuwangi iki bisa ngerasakaken tambah aman, makmur lan sejahtera bisa mbangun negara iki maning. Mula iku teka syair lan gendhing Banyuwangi kudu  diwiwiti maning."

Gendhing lan syair hang nggugah semangat tangi maning dudu mung gendhing lebay, gendhing meluk guling kanca turu lan sangga uwang, gediku Ribut mungkasi ceritane.

Gendhing jangkepe bisa dideleng ana ring kene: https://youtu.be/Qq0_nRTqN64

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Gesah

Editor: Antariksawan Jusuf