Gerang Gedhang

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 23 Desember 2025 06:15 WIB)
- Opini



Gerang Gedhang
Ditulis ring Iskak Basuki

Iwak paran bain kadhung dipepe ambi diuyahi, garinge diarani gerang. Dhung jare wong Jawa gerih utawa gerèh. Embuh kelendi ceritane kok bisa dhewek-dhewekan antarane wong kene ambi wong kana.
    Kadhung jare wong kana gerang iku artine tuwek, ting ucap iku arang dienggo. Sakweruhisun metu-metune mung terima dienggo ngelokaken lare utawa uwong. Contone: "Bocah/wong wis gerang ora duwe aturan!" Kaw!
   Kok bisa 'tuwek' yuh? Endane ana hubungane ambi 'segere arang-arang'? Tau kerungu yara wong ngartekaken gerang -- embuh temenanan, embuh guyonan -- segere arang-arang. Umume, awake menungsa serta tuwek yara ana bain larane? Akeh-akehe, saya tuwek saya segere (sehate) arang-arang. Masuk alias mathuk, miturut ilmu gathukologi.
   Kok aju jare wong Jawa ngarani gerih utawa gerèh? Ya embuh, bik. Nawi bain kerana serta digoreng ambune semeledhet seger -- wong sak kampung sak kucing-kucinge ngilur -- dienggo madhang rasane gurih, goreh...! Kadhung sing salah iki aran ya ilmune cocokologi.
   Ana maning. Daging sapi padha-padha dipepe ambi dirageni ketumbar lan embuh paran maning, garinge ambi wong kono-kene diarani dhendheng.
   Kabeh uwong paham dadiya sing kabeh uwong saben dina mangan, yong regane larang.
   Hang murah meriah tur ya sing amis ya gedhang. Gedhang akeh maceme, gedhang sing kabeh gedhang dipangan lawaran, ya sing kabeh gedhang keneng langsung digoreng, kejaba dipepe sulung. Gedhang paran bain keneng dipepe kaya gerang, sing kathik ditambahi gula garinge manis ngalah-ngalahi manise gula, arane gedhang sabun, jare wong kene. Gerang sabun...eh, gedhang sabun diadoni digoreng arane...ya gedhang goreng sabun. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.