Guru Sinau Mbathik
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 17 Februari 2022 07:41 WIB)
- Laporan
Ana paran guru-guru sinau mbathik ring acara hang diarani Gebyar Bathik? Cumpu ana dhasare.
Dina Senin tanggal 13 sampek Selasa tanggal 14 Februari 2022, ana Gebyar Bathik kanggo guru-guru lan Kepala ring gugus sekolah 03 SD kecamatan Banyuwangi. Kegiyatan kang dianakaken ring kidule gesibu Blambangan iki sing mara-mara jemedhul ana. Sakdurunge wis ana pelatihan bathik kang dipiloni guru- guru sak kecamatan Banyuwangi hang digagas PKG lan K3S kecamatan Banyuwangi. Pak Nursamsi, instruktur pelatihan iki mula sabar ngeladeni peserta kang magih sing paham babar pisan kelendi prosese wong mbathik. Taping mung cukup mbutuhaken waktu rong dina, pelatihan kang kawitan iki temakaken sukses. Peserta padha dhemen merga wis bisa ngasilaken bathik tulisan lan gambare dhewek. Serta ndeleng pelatihan kawitan iki sukses, Bu Emy Tri Astutik ketua Gugus Sekolah 03 SD kecamatan Banyuwangi, uga Ketua K3S Kabupaten Banyuwangi duwe kerenteg kepingin pelatihan mbathik iki diterusaken husus kanggo guru- guru lan kepala sekolah ring Gugus sekolah 03 SD Kecamatan Banyuwangi kang iyane pimpin.
Nurut keterangane Bu Emy kepala SDN Kepatihan, anane Gebyar Bathik iki dhasare ana ring PP nomor 57 tahun 2021 ngenengi Standar Nasional Pendidikan. Ring kono diterangaken kadhung standar lulusane, murid duwe pengetahuan, sikap, lan keterampilan teka hasil belajare. Sakdurunge murid hang duwe keterampilan, gurune uga dilatih duwe keterampilan sulung. Salah siji keterampilane yaiku mbathik. Ring pelaksanaane, gebyar bathik tepak pisan ambi programe Bupati Kabupaten Banyuwangi yaiku merajut harmoni, salah sijine program Banyuwangi Rebound. Guru- guru lan kepala sekolah padha kumpul njanggetaken silaturahmi merga meh rong tahun lawase ngajare nganggo daring, masiya ambi tetep ketat nerapaken protokol kesehatan ambi nganggo masker lan njaga jarak. Nong kono guru- guru padha geredhoan, guyup rukun, lan gesah padha mbantu nggambaraken, ngelir kain lan liya- liyane. Ditambah maning Banyuwangi seru kesuwur bathike. Jare, kang aran bathik Gajah Uling wis aja takon semebare. Sedheng tujuwan dianakaken gebyar bathik makene guru-guru lan kepala sekolah ring gugus sekolah 03 SD iki duwe keterampilan nggawe bathik Gajah Uling.
Gebyar bathik iki dihadiri lan dibukak ambi Bapak Suratno, S.Pd, MM Plt. Kepala Dinas Pendidikan Kabupaten Banyuwangi. Hadir pisan Bapak Erpandi, Kasi PMPTK SD, Ibu Mardiana Dwi Panglipur Korwilker satdik kecamatan Banyuwangi, lan Bapak Momon Suhandoyo Korwas Kecamatan Banyuwangi. Nong sambutane, Bapak Suratno nyampekaken kadhung bathik iku kesempatan dadi akomodasine kondhisi lokal. Teka bathik, bisa ngajaraken mata pelajaran-mata pelajaran kang bisa dilebokaken ring kono. Ana mata pelajaran seni budaya ngenani gambar utawa lukisane, ana pelajaran IPA ngenani panas, matematika ring itung-itungane, uga mata pelajaran sosial lan pelajaran agama budi pekerti. Mari mbukak acara Gebyar, rada suwe Plt Kepala Dinas Pendidikan ambi jajarane padha mara nyang peserta. Iyane dhemen peserta antusias milu gebyar bathik. Ndeleng gedigu Bapak Suratno ahire milu- milu nyekel kain lan canthing pisan ambi didhampingi Pak Nursamsi instruktur ring acara dina iku.
Ulih rong dina, peserta mulai ngerasakaken asile. Rata-rata padha dikelir dhasar abang merga wis semayanan keneng dienggo seragam sak gugus sekolah 03. Sedheng gambar Gajah Ulinge tetep putih sing dikelir langsung ditutup nganggo malam. Jare peserta, pengalaman mbathik kang buru kawitan iki sing bisa dilalekaken merga asile arep dienggo dhewek. Paran maning nalika njereng kain kang buru dikelir lan dicelup, peserta mari-mari dhemen nyawang asile. Taping ana kedadean ewer nong Gebyar Bathik iku. Salah siji peserta, Ika Yulinar guru SDN 1 Panderejo cerita, nalika magih kepus kelire mari-mari terang. Eh serta wis garing, kelire kok beladhur? Ketangana kudu ana campurane maning. Yara iku.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Tulisan: Nani Asiany MS, Pengawas SD Kec. Banyuwangi
Editor: Hani Z. Noor






