H. Soeroso Dikukuhaken Maning Dadi Ketua Ikawangi Sumsel

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 21 Juli 2026 07:41 WIB)
- Laporan



Kang H. Soeroso dikukuhaken maning dadi ketua Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Sumatera Selatan teka asile Musyawarah Daerah (Musda) pirangane ulan kepungkur.
   Iwuh pengukuhan digelar ring Gedung Serbaguna Suka Ria Jl. Perwari No.2 Kecamatan Ilir Timur III (sak ngarepe Universitas IBA Palembang) dina Minggu 19 Juli sore.
   "Pengukuhan iki dadi momentum kanggo ngeraketaken guyube masarakat warga asal Banyuwangi ring Sumatera Selatan uga ngukuhaken kekarepan kanggo nguri-uri budaya dhaerah," jare Kang Soeroso.
   Konsep dhasare Ikawangi iku ngembangaken budaya. "Merga iku, kene ngajak kabeh anggota saya guyub liwat budaya hang dadi cirine bareng-bareng," jare Kang Soeroso.
   Hing maido ring iwuh iku digelar kesenian Banyuwangi teka jugedan sampek derama bab asal-usul laire kutha Banyuwangi.
   Lalare hang tampil ring genjot iku rata-rata lair lan gedhe ring Sumatera Selatan. Dene penata tari, ditekakaken langsung teka Banyuwangi makene kejaga keaslian senine.
   "Aja sampek kene kelangan identitas mung merga ngejer tujuwan liyane... Mangkane kelawan kegiyatan gedigi iki, kene milu ngabragi warga Banyuwangi makene tetep welas lan nguri-uri budaya tinggalane embah buyute," jare Kang Soeroso.
   Ngelestarekaken budaya uga minangka salah siji cara mbangun karakter lalare enom. Budaya bisa dadi sengker utawa saringan kanggo lalare enom makene tetep ngukuhi jati dirine ring uwahe jaman.
   Iwuh iku ditekani antarane Rudi Irawan,
Kepala Dinas Kebudayaan Dan Pariwisata Sumsel lan pirangane pengurus Ikawangi Pusat teka Jakarta kayata Wakil Ketua Umum Kang Sudibyo, Wakil Ketua Umum Mbok Titiek Setiowati, Sekjen Siryanto, Bendahara Titin Iriani.
    Ikawangi Sumsel nduwe lebih 4.000 anggota ring pitung kabupaten kota yaiku Palembang, Musi Banyuasin, Banyuasin, Ogan Komering Ulu, Ogan Komering Ilir, Muara Enim lan Prabumulih.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf