Hari, Heri, Heru Teka Endi?
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 08 Januari 2026 07:23 WIB)
- Opini
Hari, Heri, Heru Teka Endi?
Aran-aran Hari, Heri, Heru iku umum ring Jawa; arep ngomong aran pasaran isun wedi dipangluh. Artine aran-aran iku paran acake? Sapa hang paham? Hang duwe aran dhewek tataan sing paham.
Hari Jawane utawa Usinge yara dina. Iku tah maksude? Paran aju tujuwane kok diarani dina? Merga laire ngeraina? Ana wong arane Hari Setiabudi, Hari Subekti, lan liya-liyane, endane tah sekabehe laire ngeraina? Sebagiyan nawi iya, naping sing kira sekabehe. Hang arane Heri Rahmat, Heru Suharjo, lan liyane?
Aseline wong Jawa bengen akeh hang ngarani anake ngamet teka arane dina, dina tepak laire. Contone: Loso (laire Selasa), Setu (Sabtu), Poniman (dina pasaran pon), Legiman (legi); utawa Bogi (Rebo Legi), Mike (Minggu Keliwon); aran-aran iku saiki wis langka. Ana maning contone: Isnaini (senen), Jum'ati. Sekabehe langsung aran dinane, sing ana Hari-ne.
Ucap 'hari' dhewek kayane 'serapan' utawa ngamet teka basa Arab, kaya dene arane dina ahad (artine: siji), isnin (loro), salasa (telu), arbaa (papat), khomsa (lima) jum'at (enem), sab'a (pitu), lan ewonan ucap liyane. Terus terang isun enul-puthul cara Arab, ting biyasah kerungu tugelan ayat hang unine laili wa an-na har terjemahane yara 'malam dan (siang) hari'. Kayane teka iku asal-muasale kata 'hari' alias dina.
Lare wadon hang laire mbengi akeh hang diarani Laili utawa Laila, ting miturut hipotesis utawa analisisisun, lare lan uwong hang arane Hari hing njumput teka frasa kono mauka. Teka paran aju?
Kanjeng Nabi Muhammad SAW, wekas aja sembarangan ngarani anak, aja sukur-sukur. Kerana aran iku padha dene ucapan, bisa dadi donga. Hang apik pokoke gok milihaken namane anak makene mbisukane, seteruse, dadi wong apik. Kerungu-kerungu wong ngomong, apik utawa keapikan iku Arabe 'khair' dilapadaken 'kher' umume aju dadi 'her'; ana maning 'khairu' Isun meh yakin, meh gadug konklusi gok teka ucap-ucap iku bengen wong tuwek-tuwek -- kelebu wong tuweke wong-wong hang dienggo conto nong ndhuwur - nggawe aran.
Khair, khairi dadi Heri utawa Hari. Khairu dadi Heru. Masuk kadhung iku digandheng ambi Setiabudi, Subekti, Rahmat, Suharjo, lan liya-liyane.
Ucap basa Inggeris akeh pisan hang njumput teka basa Arab, atusan tuwek alias meh sewu ucap, jare. Merga budaya Arab wis maju tepak Eropa magih peteng. Akeh buku-buku Arab hang dialihbasa nang basa Eropa. Angka bain (1,2,3 sampek 9), basa Inggrise nyebute 'arabic number' (angka arab). Aja-aja hero salah siji antarane ucap hang disilih.
Percaya ulih, sing percaya sing dosa, arane bain ngereka-reka. Yara iya?
Iskak Basuki
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.

-7561.jpg)
-15736.jpg)
-66287.jpg)
-27549.jpg)
-74243.jpg)
-66656.jpg)