Harjaba 250 lan Tari Kolosal Ikawangi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 20 Desember 2021 11:04 WIB)
- Laporan



Silaturahmi Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) kelawan nggelar tari gandrung kolosal kanggo mengeti Hari Jadi Banyuwangi (Harjaba) kaping 250 wis kelaksan sore Minggu 19 Desember 2021.
   Iwuh iki punjere ana ring Pendhapa Sabha Swagata Blambangan kelawan tampilan 100 penari lan dipiloni kira-kira 250 penari sak nusantara malah teka negara manca pisan kelawan cara virtual.
   Ikawangi hang milu ngirimaken penarine umpamane: Bali, Batam, Balikpapan, Banjarmasin, Pekanbatu, Palembang, Lampung, Jakarta, Jambi, Jember, Kendari, Kulang, Medan, Mamuju Tengah, Mimika, Nabire, Sorong, Surabaya, Tarakan lan Hongkong.
   Ikawangi wis nyebar sak nusantara malah sak donya lan akeh hang duwe grup kesenian Banyuwangi dhewek, kayata hang anjrah ya gandrung lan jaranan.
    Bupati Banyuwangi liwat Kepala Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Banyuwangi M.Y. Bramuda nyampekaken gok iwuh silaturahmi kelawan aran Tari Kolosal iki wis sukses digelar.
"Kene iki milu mongkog nyang semangate para penari. Pageblug ndadekaken kene rada nyurud, taping using kanggone semangate para penari. Masiya rada keserimped, silaturahmi Ikawangi kelawan aran tari kolosal iki bisa digelar," jare pak Yanuar Bramuda.
   Engko tanggal 28 Desember arep digelar Gandrung Sewu Nusantara premier show ring youtube Kabupaten Banyuwangi.
   Silaturahmi antar Ikawangi iki minangka mengeti dina dadine Banyuwangi kaping 250.
   Jare Ketua Umum Ikawangi Pusat Jakarta Pak Bambang Sugiyono iwuh gelar Tari Kolosal iki katon saya ngeraketaken seduluran wong Banyuwangi hang ana ring Tanah Kelairan lan hang ana ring njaba. Lan uga seduluran ring antarane wong Ikawangi sak nusantara dhewek.
"Mesthine silaturahim kaya gedigi diagendhakaken kanggo nyokong Banyuwangi Festival," jare pak Bambang.
   Dene kang Muhammad Nurhidayat Ketua Umum Ikawangi Sumatra Grup ngomong gok acarane iki apik seru lan nggawe mongkoge dulur-dulur hang ana ring ISG. ISG dhewek ngirim 10 gandrung teka Riau, 20 teka Sumsel, 15 teka Lampung lan 5 teka Sumut.
"Insyaallah tahun ngarep ISG bisa milu lebih akeh penari gandrunge," jare kang Nurhidayat.
   Teka Jember, ketua Ikawangi Jember Kang Slamet Hariyadi, ngomong gok acara iki minangka wujud Ikawangi nanggepi uwahe jaman hang 'berbasis digital' lan sekaligus njawab tantangan nyang pageblug hang durung kabeh uncal.
"Kekarepane, Ikawangi bisa dadi wadhah hang bisa ngewani inspirasi lan motipasi kanggone diaspora ring endi bain, malah kanggo peradaban masarakat sak donya."
    Teka Papua, Ikawangi ngirim 16 gandrung teka Kota Jayapura, 8 teka Mimika, Nabire 3 lan Sorong 30 gandrung.
"Intine kabeh semangat ndhukung iwuh iki," jare Sekretaris Umum DPP Papua kang Daryono.
   Ring selane acara iku pisan, Ikawangi Papua madegaken Wakil Walikota Jayapura Ir. Rustan Sarru, MM minangka Warga Kehormatan Ikatan Keluarga Banyuwangi.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf