Hasan Basri, Ngawiti Dadi Ketua DKB Taun Iki
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Sabtu, 12 September 2020 07:16 WIB)
- Laporan
Telung periode dadi sekertaris, rong periode dadi wakil ketua, buru kelaksan iki dadi ketua. Hasan Basri, utawa Kang Son gediku biyasahe iyane diceluk, tahun iki kedhapuk dadi ketua Dewan Kesenian Blambangan (DKB), sak mareke Ketua sedurunge, Dr. Taufiq Hidayat, mundur teka kepengurusan DKB.
Manggon ana ring Kantor DKB Banyuwangi, Jumat 4 September 2020, Hasan Basri nampa amanah dadi Pelaksana Tugas (Plt) Ketua DKB Banyuwangi ngganteni Dr. Taufiq Hidayat.
Anggone wong hang nduwe gelar Master ring Pendidikan Agama Islam iki, ngurusi seniman lan kesenian wis dadi sega jangan, dudu barang anyar. Delengen bain kiprahe ana ring DKB sakat taun 1995 seperene magih diweni amanat njaga lan ngurusi DKB. Ring kepemimpinane ruwahe pak Hasan Ali, ruwahe pak Hamzawi Adnan, lan ruwahe pak Maskur iyane dadi sekertaris. Serta ring kepemimpinane pak Samsudin Adlawi lan hang saiki pak Taufiq Hidayat dadi Wakil Ketua 1.
Kang Son hang saiki manggon ana ring Lingkungan Sukorojo RT 4/RW 1 Kelurahan Banjarsari Kecamatan Glagah iki, sedurunge manggon ana ring desa kelairane, Mangir Rogojampi. Ring desa iki setemene iyane diparekaken ambi Hasan Ali budayawan gedhe Banyuwangi hang uga tau dadi Ketua DKB ring mangsa sedurunge kepengurusane Hamzawi Adnan. Hasan Basri kelebu uwong hang bisa diterima ring emeh kabeh seniman lan golongan masyarakat seni ring Banyuwangi. Sing salah kadhung kabeh bisa nganggo lan nerima anane merga iyane uwong hang dhemen ngerungokaken sambatane para seniman.
Wong siji iki wis kesuwur megiyete. Guru hang saiki mulang ana ring SMPN 1 Banyuwangi iki uga penulis artikel sejarah lokal lan masalah-masalah kebudayaan. Tulisan-tulisane hang penting antarane; Pangeran Jagapati (Pahlawan Perjuangan Kemerdekaan di Tanah Blambangan, 2006), (Wong Agung Wilis 1767-1780 2008); (Perjuangan Sayu Wiwit dalam Perang di Blambangan Tahun 1771-1772 (2008), Sastra Using Banyuwangi (2008). Artikel-artikele uga metu ring buku antologi Enam Mata Tentang Banyuwangi.
Sakliyane nulis, Kang Son iki, uga hang mandhegani Majalah basa Using Seblang, hang saiki wis sing terbit maning. Jenggirate nyang Basa Using mesthine sing luput teka ajaran-ajarane ruwahe Pak Hasan Ali. Keneng diarani kadhung Kang Son iki punjere pungkas ring pitakonan nyang masalah-masalah ring Basa Using.
Sakliyane ana ring kepengurusan Aliansi Masyarakat Adat Nusantara-AMAN, Ketua ring Lembaga Masyarakat Adat Osing (LMAO), Wakil Ketua ring DKB, Kang Son uga dadi Direktur ring Akademi Lalare Orkestra, yaiku lembaga Pendidikan Kesenian hang nganakaken pembelajaran musik tradhisional kanggo lare-lare cilik ring Banyuwangi, hang kampuse manggon ana ring Jl. Agus Salim kulone Kantor KPU Banyuwangi.
Ring pungkase gesah ambi reporter belambangan.com ana ring kampus Akademi Lalare Orkestra Banyuwangi, iyane ngudharaken uneg-unege, iyane kepingin kreatifitase seniman Banyuwangi sing mandheg ngadhepi jaman digital hang saiki iki. Seniman kudu bisa njaga identitase lan jatidirine dadi wong Banyuwangi. Kerentege ati iki kanggo seniman lan kesenian Banyuwangi mengarep iki, makene Banyuwangi tambah moncer bisa ngerambah bumi nusantara lan negara manca.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber: Gesah Tuwek
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Seni
Editor: Hani Z. Noor







