Herfan Efendy, Juwara 2 Lomba Ndongeng

Widie (dipublikasikan pada Jumat, 08 Januari 2021 10:04 WIB)
- Laporan



Herfan Efendy (16) lair teka keluwarga hang nduweni basa loro, Using lan Medura. Iyane sore ring gelaran Lomba Ndongeng Basa Using Sengker Kuwung Belambangan 2020 bisa ulih Penghargaan Terbaik 2 kategori SMP/SMA. Naming sakat cilik Herfan wis dibiyasahaken ngomong nganggo basa Using, masiya emake, Nasibah, nduwe latar belakang basa Medura. Hing kaya nang emboke keloron yaiku Asnawiyah dan Samiyah, wong tuweke nganggo basa Medura seperene.

Politik basa ring Kampung Papring hing bisa dipedhot teka lingkungan sekolah hang seru gedhi pengaruhe nyang lare-lare, merga lingkungan kono nganggo rong basa yaiku Using lan Medura. Kelebu Herfan hang saiki sekolah ring MTs Ibrahimy Secang Kalipuro. Ring dhaerah kene iki mula masarakate akehan hang nganggo basa Medura. 

Taping iku kabeh hing nggawe cilik atine Herfan. Tepak taun 2020, SKB nganakaken Lomba Ndongeng nganggo pideo, Herfan sakkal jenggirat nak miloni Lomba iku. Iyane kepingin milu Ndongeng. 

"Tepak ana kabar gok ana Lomba Ndongeng, Isun kepingin milu, merga nduwe tantangan dhewek, nganggo basa Using," jare lancing tanggung hang kerep diceluk Fendy iki. 

Kanggo persiyapane, Fendy kerep mbukak kamus basa Using, takon-takon nang wong tuwek lan ngawiti nyusun cerita narasi dongenge.
"Isun mung kepingin nyeritakaken kampungisun, nyeritakaken gerakan pemuda ring kampung lan sejarah pangan ring kampung," jare Fendy. 

Ngawiti teka sejarah pangan ring kampung kono, Fendy mangkat ngelopro kanggo ndeleng "jurung" utawa panggonan nyimpen jagung ring wong Papring.  Iyane mangkat nulis sakat kapan ana jurung iku lan kelendi nasibe saiki.
"Kanggonisun, ndongeng iku hing mung persoalan narasi lan ekspresine, hang penting isi ceritane ya kudu disiyapaken kelawan bener lan temenanan," jare lare kelas IX hang dadi peringkat pertama ring sekolahane. 

Marek proses nulis ceritane, njuwut gambar lokasi ndongenge, editing aju dikirim nang panitia SKB. Semangate ndongeng sithik-sithik wis ditularaken nang adhik-adhik kelase ring kampunge, ambi nganteni pengumuman pemenange hang diunduraken ambi panitiya merga ana pageblug. 

"Alhamdulillah, bisa ulih Terbaik 2, Isun girang ulih piagam lan picis." 

Ring kawitan Lomba Ndongeng, kategori SMP mung ana rong lare, semono uga kategori SMAne. Mangkane ambi panitiya rong kategori iku didadekaken siji. Lomba hang dijuri ambi kang Hasan Basri, ketua Dewan Kesenian Blambangan, kang Abdullah Fauzi utawa kang Ujik lan Kang Aang iku diarepaken bisa nambahi semangate lalare ndhemeni basa Using lan ngemes bakate lalare ring sastra lan milu nguri-uri basa Using, tinggalane embah buyut.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor