Hoaks Macan Ucul ring Kampung teka Alas Purwo
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 08 Juni 2026 07:06 WIB)
- Laporan
Kelendi kadhung semebar poster hang ngumumaken: Alas Purwo, daerah zona macan. Aja nunggang kendharaan lan metu teka umah. Tetep waspada lan meneng bain nang umah. Anakrika pengingen, aja ulih memengan ring tegal.
Mesthi bain wong-wong padha usreg lan keweden utamane hang umahe parek alas, kaya hang diberitaaken Bwi24jam.
Naming, Balai Taman Nasional Alas Purwo masthekaken dhung warta ring poster hang semebar ring pirangane medsos iku goroh, luput alias hoaks. Ana bain wong hang hing duwe gawe, gawe-gawe, malah dadi gawe.
Jare Kepala Seksi Pengelolaan Taman Nasional Wilayah I Balai TN Alas Purwo, Ibu Noviyani Utami seperene hing ana laporan utawa ditemokaken ana macan kang metu teka panggonan uripe (habitate) lan ngambah nyang kampung.
"Informasi kang semebar iku hing bener utawa hoaks. Teka seperene durung ana kedadeyan macan ucul hang melebu nyang kampungane wong," jare Bu Novi.
Iyane ngomong gok panggonane kewan alas ring Taman Nasional Alas Purwo adoh ring jero alas hang wera lan adoh teka kampungane pendhudhuk. Seliyane iku sipate kewan alas kaya macan iku lebih dhemen ngadoh teka menusa.
"Satwa liar, kelebu macan, aseline lebih wedi lan nyingkir teka menusa. Umahe ana ring jero alas, dudu parek kampung," jare Bu Novi.
Balai TN Alas Purwo ya pating niteni satwa liar ring kawasan konservasi iku. Seperene lakune kewan-kewan magih katon normal hing ana tandha-tandha ana satwa kang metu teka habitate.
Isu ucule macan teka habitate iku jelas gawenane wong hang hing duwe gawe.
Pihak TN Alas Purwo ngengetaken masarakat kudu lebih ati-ati lan waspada tepak nampa lan nyebaraken inpormasi, utamane ngenani satwa liar lan kanggo amane lingkungan.
"Kene ngajak masarakat makene aja gampang percaya kabar kang durung jelas. Apike ngecek sulung bener usinge," jare Bu Novi.
Balai TN Alas Purwo uga njaluk nyang warga supaya tetep tenang lan hing getgeten.
"Kene masthekaken kahanan ring kawasan TN Alas Purwo aman lan hing ana kedadeyan macan ucul. Masarakat hing perlu duwe rasa kuwatir lan bisa ngelakoni kegiyatan kaya biyasahe."
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : poto AI
Editor: Hani Z. Noor