Hongkong Lockdown Maning, Kelendi Hang Sembayang Id?

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Jumat, 07 Agustus 2020 08:41 WIB)
- Laporan



Hongkong, uga nduwe aran negara beton, sing tau-tauwa mati ekonomine lan sak akehe cerita, pasar, mol, lampu-lampu hang katon rumang, bangunan gedhung hang dhuwur nyangga langit.

Naming Hongkong bengen hang duwe cerita lan iming-iming emas berlian sing kira padha ambi cerita Hongkong saiki, gedigu lapirane Tirto Arum hang megawe ring kana.

Lockdown istilahe, pungkasane Hongkong ditutup maning kerana Corona level loro lan masyarakate tambah akeh hang keneng virus iku. Kerana pandemi iki uga wis nyebar sak donya, peraturan pemerintah nepaki lockdown kawitan ika ngumumaken gok lalare hing ulih kumpul- kumpul, pegawe kantor lan lare sekolah megawe lan sinau mung lewat komputer ring umah.

Kabeh taman ring Hongkong Causewaybaylapangan suket Victoria hang biyasahe dienggo prei ngaso wis sing ana maning ceritane, rembuk gesah hang ilang, papan kanggo latihan lan adu ilmu kepinteran wis ilang geredhoane.

Uwong-uwong padha wedi metu uga sing ngidini pegawene prei maning, taping magih bisa menyang belanja ring mall golet kebutuhan sedina-dina lan nyang pasar bain golet sayur, buah, daging, lan iwak. Pasar katon cumpleng, taksi lan kendharaan liyane uga wis arang hang seliweran merga ana kedadeyan sopir taksi hang keneng Corona.

Social distancing kudu sak meter setengah jarake, hing ulih gantenan nganggo sendhok utawa madhang bareng, kudu wesuh tangane nganggo sabun kadhung marek teka endi bain.

"Dhuh Gusti Allah, kari suwi ujian penyakit iki, tabahena awak iki lan kabeh keluwarga. Siji Syawal kepungkur kawitane Hongkong dibukak sampek sak ulan. Buru bain Hongkong dibukak, lalare enom padha demonstrasi maning mbelani negarane hang saiki magih ring ngingsore kekuwasaane negara China RRC. Mung itungan minggu bain Corona level loro diumumaken."

Hongkong hang sak mareke ulan Syawal, jare peraturan pemerintah ngomong gok kabeh panti pijat, spa, warung, restoran, sekolahan, taman, kantor, bandara kudu ditutup maning. Mula kadhung akeh warung hang ditutup, sing ana papan maning kanggo madhang jak akehan. Kawitane ulih kumpul wong seket ring papan terbuka, saikine mung ulih wong wolu, marek wong wolu aju wong papat, wong loro lan saikine hing ulih metu. Restoran utawa warung mung bisa ngelayani panganan mateng hang bisa digawa mulih bain. Kerana saiki nana papan kanggo lungguh, ya kepaksa uwong madhang sak karepe. Madhang uga kadhang ambi melaku, ring lampu merah, kari sekaken.

"Madaka tah, Corona iki kari sing ana tambane, sampek kapan kirane ekonomi hang lumpuh bisa balik maning? Endane kadhung pandemi iki wis marek lan Hongkong hang dadi papan tujuwan golet rejeki kanggo ngangkat ekonomi keluwarga sing kaya bengen maning? Musim panas taun iki tansaya panas magih nganggo masker, serungkuban kuluk kening hang nutupi rai. Gedigu usike ring njerone batin. Hongkong ilang gemunyike sing endah kaya potrek ring profil."

"Pasar-pasar hang biyasahe rame saiki sing ana maning, akeh uwong megawe hang keneng PHK, kendharaan uga sepi, mall hang nawakaken barang-barang uga sepi kabeh, belanja mung lewat tilpun-tilpunan, online jare apak. Byek, pandemi iki apuwa tah magih kaya jerangkong ika wih! Dulur kabeh ayuk padha enget lan waspada, ayuk padha enget nyang Hang Maha Kuwasa makene pandemi iki gancang ilang."

Dina Jemuah nepaki Lebaran Idul Adha, biyasahe uwong-uwong hang megawe ring Hongkong milu sholat Id, taping pemerintah Hongkong hing nguweni idin kanggo sholat Idul Adha. Padha bain tepak wayah sholat Idul Fitri ulan Syawal pungkasan,  kabeh hing diidini sholat masiya tah lockdown wis dibukak.

"Taman Victoria hang masiya mung aran lapangan suket, biyasahe kanggo papan sholat Id mung bisa dadi saksi. Muga bain lockdown iki gancanga dibukak maning lan muga Isun lan Rika dulurisun kabeh magih seger waras. Aja pati-pati rika nduweni rasa kuwatir utawa wedi hang keliwat-liwat, taping uga aja nantangi, alang-alang mala. Nana lupute kadhung rika kabeh nurut anjurane pemerintah. Kadhung rika teka endi bain aja lali wesuh tangane nganggo sabun, jaga jarak lan jaga kesehatane dhewek-dhewek."

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf